Tata Cara Pahargyan Wulan Sura Ing Bebrayan Jawi

Leluhur priyayi Jawa ing jaman kuna pancen sekti mandraguna. Karana kebak ngelmu sipating kawruh, putus ing reh saniskara. Ngelmu laku jangka jangkah jangkane jaman. Priyagung kejawen seneng lelaku. Ing pangajab murih landhepe panggraita, lantipe wardaya. Mula padha nuli nglakoni tapa ngalong, tapa ngidang, tapa ngiwak, tapa banyuara, tapa nggeniara, tapa kungkum, tapa ngeli, tapa nggandhul, tapa pendhem, tapa mutih, tapa ngrowot, tapa ngrame.

Jumbuh karo wejangan Kanjeng Sinuwun Paku Buwana IV, lumantar Serat Wulangreh. Tembang kinanthi nyebut mangkene :

Kinanthi : Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi, pegunen sarira nira, cegah dhahar lawan guling. Dadiya laku nireku, cegah dhahar lawan guling, lan aja kasukan sukan, anganggowa sawetawis, nora wurung ngajak-ngajak, satemah nular ing batin.

Wulangan, wejangan, wedharan para leluhur prayoga den estokna. Ing pangangkah sadhengah warga bangsa nemu swasana kang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.

(M-01)

Saksikan Video Terkait :

https://youtu.be/vSgVu4JgnPY

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *