Sejarah Wilujengan Wulan Sura

Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA. Hp 087864404347)

1. Jenang Sungsum.

Jenang sungsum kinarya njangkepi tata cara wilujengan ing negari Mataram. Karaton Mataram madeg tahun 1582. Kutha praja mapan Kutha Ageng. Jaman Kanjeng Panembahan Senapati. Kutha praja Mataram pindhah ing Kerta tahun 1613 jaman Sinuwun Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma. Pindhahe kutha praja kanthi tata cara jangkep genep genah. .

Tahun 1645 kutha praja Mataram pindhan dhateng Plered jaman Sinuwun Amangkurat Agung. Tahun 1677 kutha praja pindhah saka Plered tumuju Kartasura. Jaman Sinuwun Amangkurat Amral. Saking Kartasura tumuli pindhah ing Surakarta Hadiningrat. Jaman Sinuwun Paku Buwana II.

Pindhahan kutha praja sinartan jenang, minangka piranti ndedonga. Murih sami pinanggih yuwana wilujeng. Gancaring tata cara akarya tentreming kawula dasih.

Kanjeng Sinuwun Paku Buwana II ngadani wilujengan negari tanggal 17 Sura 1745. Para mudha prayogane nlesih sejarah para leluhur. Sinau folklor Jawa bisa kanggo ngangsu kawruh adat istiadat kang wus lumaku ing madyane bebrayan. Kanthi pangajab warganing bebrayan tansah nemu suka basuki. Upamane tata cara slametan jenang Sura. Upacara iki kanthi pangangkah murih rahayuning sagung dumadi.

Gegandhengan kalawan gegayuhan luhur mau, ayo bebarengan migatekake upacara Slametan wilujengan Sura sing diadani setaun sepisan. Tata cara adat Slametan wulan Sura katindakake rikala dina Setu Wage, 17 Sura tahun Jimakir 1954 utawa 5 September 2020. Mapan ing Sasana Sumewa Pagelaran Karaton Surakarta Hadiningrat.

Kepareng ndherek wilujengan para abdi dalem, sentana sarta tamu sinedhahan.
Tumrape bebrayan Jawi jenang dadi sarana panuwunan.

Jenang sungsum minangka pratandha rampunge pakaryan. Jumbuh kang ginayuh, sembada kang sinedya. Kabeh lumaku gancar lancar. Mula cak -cakane jenang sungsuman kanthi swasana sigrak sumarah. Ngrahapi jenang sungsum ateges ngudharake suka sukur.

2. Jenang Baro baro.

Jenang baro baro karipta dening abdi dalem gandarasan. Ingkang ndhawuhi Sinuwun Amangkurat Agung, ingkang sumare ing tlatah Tegalwangi.

Dene jenang baro-baro ngemu surasa murih widadaning sedya. Tumapake gawe prayoga kinanthen jenang baro-baro, kang linambaran barikan.

Ngelmu laku jangka jangkah jangkane jaman. Kudrat wiradat anglakoni lelakon. Mangasah mingising budi, memasuh malaning bumi. Jenang baro baro karipta dening Kanjeng Sunan Giri Parapen jaman Karaton Pajang tahun 1546.

Prayoga den weruhi. Apik banget yen sakehing gawe diwiwiti kanthi sajen jenang baro-baro. Ing pangajab gagasan kang karancang bakal kaleksanan.
Para sesepuh pinisepuh tansah mersudi karahayon lahir batin.

3. Jenang Sengkala.

Jenang sengkala minangka tulak balak. Ingkang yasa Kanjeng Sunan Kalijaga jaman Karaton Demak Bintara tahun 1482. Jenang sengkala wigati banget. Suker sahit sumingkir, godha rencana ngedoh, sandhungan pepalang ilang.

Sakehing bebaya ora wani nyedhak. Jim setan peri perayangan ora wani nggendhak sikara. Iblis laknat ilu-ilu banaspti ora gelem ngganggu. Awit saka daya pangaribawane jenang baro-baro.

Prayoga banget jenang baro-baro disugata bareng karo kumandhange gendhing singgah-singgah.
Pangkur

Singgah singgah kala singgah.
pan suminggah durgakala sumingkir.
sing aama sing awulu. sing asuku asirah. sing atenggak lawan kala sing abuntut. padha sira sumingkira.
muliha mring asalneki.

Ana kanung saka wetan. Nunggang gajah telale elar singgih. kullahu barang balikul.
setan lan brekasakan.
amuliha mring tawang-tuwang prajamu. eblise ywa keri karang. rahman kulhu bolak balik

Ana kanung kidul sangkanya. nunggang gajah telale elar singgih.
kullahu barang balikul. setan lan brekasakan
amuliha mring tawang tuwang prajamu. Eblise ywa keri karang. Rahman kulhu bolak balik

Ana kanung kulon sangkanya.
nunggang gajah telale elar singgih.
kullahu barang balikul. setan lan brekasakan
amuliha mring tawang tuwang prajamu. eblise ywa keri karang. rahman kulhu bolak balik

Ana kanung lor sangkanya.
nunggang gajah telale elar singgih.
kullahu barang balikul. Setan lan brekasakan
amuliha mring tawang tuwang prajamu. eblise ywa keri karang. rahman kulhu bolak balik

Ambalik marang awaknya. balik marang jasatira pribadi. balik kersaning Hyang Agung. tamat pasinggah setan.
tulak sarap punika gantya winuwus.
arane sarap den ucap. sagung kamasalah sami.

Aja anggodha ngrencana.
apan ingsun ya jatining ngaurip.
dumadeku saka henu. heneng henenge cipta.
singgasana ing tawang tuwang prajamu. sinebut pura kencana.
bebetenging rajeg wesi.

4. Jenang Ngangrang.

Jenang Ngangrang perlu mungguhing para nara praja, kang mandhegani olah gelaring pemerintahan.
Jagad Gumelar Lawan Jagad gumululung. Mugi rahayu sagung dumadi. Ancasing nyinau folklor Jawi uga magepokan karo panggugahe semangat kaprajan.

Sinuwun Amangkurat Amral ndhawuhi yasa jenang ngangrang tahun 1684. Kedhaton Mataram ing kartasura tetep mulya widada. Ngreksa kawibawan kanthi maneka warna. Ing tata cara panggugahing semangat kaprajan kinathen pasugatan jenang ngangrang.

Pratelan jenang ngangrang magepokan karo pangageng tedhak. Kawula dasih mesthi kepranan nampa rawuhe para penggedhe. Wibawa kang sumunar diwujudake pasugatan jenang ngangrang. Rawuhe pengageng kang tedhak digambarake kaya dene narendra agung binathara mbahu dhendha nyakrawati, ber budi bawa laksana, memayu hayuning bawana.

Ing pedhalangan lumrah kinucap narendra guna ing ngaguna, tan ngendhak gunaning janma. Mula banjur sinebut ratu kang kinasih ing dewa, kinawula ing widodari, cinedhak ing brahmana, kekasih ing dasih.

6. Jenang pliringan.

BAGIKAN KE :