Larapan Langse Ing Pajimatan Amangkurat Tegalarum

Ciu gambar jago

Aku melu apa kanggo

 

Kecipir mrambat neng kawat

Yen dipikir malah ora kuwat

 

Ngetan bali ngulon

Apa sedyane kelakon.

 

Conto wangsalan

 

Jarwa nendra narendra yaksa Ngalengka

Rukun tresna dadi srana ajunjung bangsa

 

Garwa nata nata agung ing Pancala

Sari ratri kudu eling lan waspada

 

Sembah kalbu yen lumintu dadi laku

Manggih kayu ayem tentrem kang tinemu

 

Balung jarwi janur ingisenan boga

Widadaa lepat saking sambikala.

 

 

Kepyek anggone wawan rembug nganti parak esuk. Suguhan mbanyu mili. Pisang goreng, tempe, tahu, kopi, teh, jahe, jak jok jak jok jak jok. Sinambi leyeh-leyeh, klekaran, lelungguhan sakpenake. Nanging apa kang dirembug mentes pantes.

 

Saperangan ana kang ngematake gambar. Akeh pitutur katulis ing tembok. Isine dadi uwong kudu andhap asor. Malah paring andharan asal usul Bu Nur Laela Enthus Susmono. Embah buyute nata ngasta Bupati Tegal. Jamah lumrah yen Ki Enthus nggarwa Bu Nur Laela. Bibit bebet bobot kang garwa turun priyayi luhur. Pak Enthus kejaba dhalang kondhang uga Bupati Tegal.

 

Wayah esuk umun-umun miyos saking palereman. Ngaso sawetara wektu cukup kanggo mulihake badan seger sumyah. Mlaku-mlaku ing kiwa tengen pekarangan. Ngarep omah ana warga kang duwe pegaweyan nyithak bata. Ing pamburine tegalan lan sawahan. Jagung ngrembuyung sedhep yen disawang. Kebun tebu katon ijo royo-royo.

 

Seseger salira kanthi olah raga. 13 September jam 8.00 isuk tumuli tata cara. Para abdi dalem ngagem busana Jawa jangkep. Besus angadi busana perlu wektu. Wiwit bebedan, nyampingan, pasang stagen, sabuk wala, sabuk timang, sabuk epek, beskap, blangkon iket, slop. Ditata murih rapi permati. Dandan dhewe dhewe, amarga wus kulina ndherek upacara Karaton Surakarta. Tegese tata busana wis padha trampil. Abdi dalem besus amacak angadi sarira angadi busana. Ketrampilan mau nak tumanak run tumurun nganti dina iki.

 

C. Pajimatan Sinuwun Amangkurat Agung

 

Papane ana desa Pakuncen kecamatan Adiwerna kabupaten Tegal. Nalika semana ingkang Sinuwun Kanjeng Sri Susuhunan Amangkurat Agung lagi nindakake jejibahan negari. Titi laksana hadicara kepyakan pendhapa ing desa Lesmana Ajibarang Banyumas. Rikala tanggal 15 – 30 Juni 1677, panjenengane sang nata Mataram tedhak ing wilayah Donan Cilacap, Gumelem Susukan Banjarnegara, Pesanggrahan Giri Widada Purbalingga. Ingkang Sinuwun paring sasmita yeng ngersakake mesanggrah ing Ajibarang.

 

Kanjeng Sinuwun tumuli ngendike marang para pandherek. Ing tembe bakal sumare selawase ing tlatah Tegal. Sasmita Kanjeng Sinuwun dadi kasunyatan. Tanggal 20 Juli 1677 Kanjeng Sinuwun sowan ing ngarsane Hyang Widhi, manjing ing tepet suci, mapan ing suwarga jati. Bupati Bang Kulon tumuli ngrukti kurmat layon minulya. Kawula dasih rebut ducung atur sungkem marang Kanjeng Sinuwun. Telung dina suwene banjur kapetak sumare ing pajimatan Tegal Arum.

 

Dina Ahad Wage 25 Sura utawa 13 September 2020. Kanjeng Sinuwun katuran pakurmatan saking karaton Surakarta Hadiningrat GKR Wandansari ngadani tata cara larapan langse. Prajurit prawira anom ndherek pengawalan. Abdi dalem bedhaya nyangking ubarampe. Sesaji awujud sekar, jajan pasar, pala pendhem, pala gumandhul jangkep. Payung angastani lakune abdi dalem purwa kinanthi.

 

Kukuse dupa kumelun, sumundhul ing ngawiyat. Donga tahlil tahmid takbir tasbih diwaca dening abdi dalem ngulama. Ngumandhang tumekan awang-awang, pasareyan Ingkang Sinuwun Amangkurat ngengreng wibawa. Kawangun tundha matundha, saben tundha winangun gapura. Tinata dahat asri tiningalan. Abdi dalem kakung putri, saperangan abusana ireng putih. Sangsaya mimbuhi sinar kawibawan.

 

Ing jaban hastana ndherek sumare Kanjeng Ratu Kencono. Garwa dalem iki uga sinebut Kanjeng Ratu Wiratsari, putrine Pangeran Kajoran. Isih tedhak turun Pangeran Benowo. Genah yen prameswari Mataram wayah buyut Sultan Pajang.

 

Ndherek sumare para Bupati Tegal turun tumurun. Uga pengageng karaton Mataram. Tata cara adat Suran lumaku kanthi lancar gancar. Nderek ngaturake suka sukur. Kembul bujana andrawina ing joglo Amangkurat. Pelataran jembar, hawane adhem, angin sumilir. Cocok banget kanggo ngaso enggar-enggar penggalih. Dhahar siang bebarengan pancen mat-matan. Iki ateges guyub rukun. Pandherek saka Madura, Surabaya, Boyolali, Wonogiri, Rembang, Banyumas, Brebes, Semarang caos pakurmatan kagem Sinuwun Amangkurat.

 

Paraga kang nindakake wajib rumangsa bombong atine. Pahargyan rampung. Prajurit, bedhaya, abdi dalem tumuli dhahar bareng. Acara larapan langse bisa ngrukunake warga bangsa. Rasa tresna sih sumungkem marang Sri Susuhunan Amangkurat Agung bakal ndayani urip ayem tentrem.

(LM-01)

BAGIKAN KE :