B. Pananggalan Tahun Jawi.
Jumbuhing pananggalan surya sengkala miwah candra sengkala murih guyubing bebrayan. Kanjeng Sinuwun Sultan Agung netepaken tata cara titi mangsa enggal. Pananggalan surya sengkala adhedhasar tahun Saka. Dene pananggalan candra sengkala adhedhasar tahun Qomariah.
Kalih-kalihipun lajeng dipun ripta kanthi laras liris. Liripun sedaya warga sami suka rena nyengkuyung kalender Sultan Agungan.
Santosaning negari menawi kasengkuyung dening gancaring wulu pametu. Amila Sinuwun Sultan Agung ambangun bandaran megah, nami pelabuhan Tanjung Emas. Bandaran ageng winangun ing kutha Semarang.
Menggah ingkang kajibah mandhegani pelabuhan Tanjung Emas kadhawuhan Tumenggung Bahureksa. Saben wulan Tumenggung Bahureksa atur pelapuran dhumateng Kanjeng Ratu Batang, prameswari dalem Sinuwun Sultan Agung.
Pelabuhan Tanjung Emas ingkang kabangun tahun 1629 anjalari negari Mataram tambah gemah ripah. Dedagangan gancar lelayaran lancar. Rinten dalu anglur dumelur, awit tan ana sangsayaning margi.
Surud dalem Kanjeng Sinuwun Sultan Agung rikala dinten Jum’at Legi Tahun Jimakir utawi tahun 1645 Masehi. Sumare ing Pajimatan Luhur para nata Imogiri.
Nata Mataram nomer tiga tahun 1613 – 1645, Sinuwun Sultan Agung sampun amarisi patuladhan tumrap sadhengah warga bangsa. Kasusastran, kabudayan, kasusilan lan kenegaraan jaman Sinuwun Sultan Agung tetep basuki lestari.
(M-01)
