Oleh: Dr Purwadi M.Hum
(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA)
A. Narendra Negari Mataram.
Nlesih sejarah dalem para nata ing Negari Mataram. Sayektos negari Mataram punika sambetipun kraton Pajang, Demak, Majapahit. Trahing kusuma rembesing madu, wijining atapa, tedhaking andana warih. Nata ingkang jumeneng ing negari Mataram kawiwitan saking Panembahan Senopati tahun 1582 – 1601. Kalajengaken Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati tahun 1601 – 1613.
Kraton Mataram salajengipun dipun pandhegani dening Sinuwun Sultan Agung Hanyakra Kusuma. Miyos dinten Jum’at Legi tahun Jimakir 1514 utawi 14 November 1593. Kanthi asma timur Gusti Raden Mas Jatmika utawi Raden Mas Jolang.
Kanjeng Sultan Agung Hanyakra Kusuma saestu narendra gung binathara, mbahu dhendha nyakrawati, ambeg adil paramarta, ber budi bawa laksana, memayu hayuning bawana. Jumeneng nata wiwit tahun 1613 ngantos 1645. Nalika ngasta bang-bang pangalum-aluming praja, negara Mataram ngalami jaman kencana rukmi. Kraton Mataram saged winastan negari ingkang panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.
Kawula dasih ing gunung ngagunung, desa ing ngadesa, kutha ing ngakutha sami ayem tentrem, mirah sandhang pangan papan. Kanjeng Sultan Agung dados punjering pangayoman. Ing babagan tata praja, Kanjeng Sultan Agung Hanyakra Kusuma kasebat narendra guna ing ngaguna, tan ngundhak gunaning jalma.
Wiwit tahun 1614 panjenenganipun sang nata sesambetan memitran kaliyan bupati Bang Wetan, Kasultanan Cirebon, Kasultanan Banten, Kasultanan Palembang, Kasultanan Banjar Kalimantan miwah Kasultanan Deli Serdang. Negari Mataram jeneng anempuh bebasan gedhe obore, padhang jagade dhuwur kukuse, adoh kuncarane, ampuh kawibawane sedaya sami kayungyun dening pepoyaning kautaman.
Pangawikan satataning panembah jati kababar dening Sinuwun Sultan Agung lumantar Serat Sastra Gendhing. Isinipun mratelakaken unggah ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa. Kitab Sastra Gendhing karumpaka tahun 1627, kinarya wulangan wejangan wedharan kangge putra wayah, sentana tuwin nara praja. Ing pangangkah gesang sangsaya terang trawaca miturut angger-anggering kautaman.
Tembang sinom ing ngandhap punika petikan saking serat Sastra Gendhing.
Lumaraping puspa warsa, sumunar amartani, kababar arum kang ganda, kabengkas ing warsa sari, sakehing srana kengis, sinawung sarkara hayu, yeku ta sanepannya, wimbani sasmita murti, kang tinunggwing momong momor momot driya.








