Sejarah Kayu Jati Cepu

11. RM Abdulkadir Jaelani 1912-1926. Dilantik pada masa pemerintahan Sunan Paku Buwono X, raja Surakarta Hadiningrat.

12. RM Cakraningrat 1926-1938. Dilantik pada masa pemerintahan Sunan Paku Buwono X, raja Surakarta Hadiningrat.

13. RM Murjono Joyodigdo 1938-1942. Dilantik pada masa pemerintahan Sunan Paku Buwono XI, raja Surakarta Hadiningrat.

14. RM Sujono 1942-1945. Dilantik pada masa pemerintahan Sunan Paku Buwono XI, raja Surakarta Hadiningrat.

15. MR Iskandar 1945-1948. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.

16. R Wibisono 1948-1949. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.

17. R Siswadi Joyodigdo 1949-1952. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.
18. R Sujono 1952-1957. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.

19. Sunartio 1957-1960. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.

20. Sukirno Sastrodimejo 1960-1967. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.

21. Srinardi 1967-1973. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.

22. Supadi Yudodarmo 1973-1979. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.

23. Sumarno SH 1979-1989. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.

24. Sukardi Harjoprawiro 1989-1999. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.

25. Ir. Basuki Widodo 1999-2007. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Habibie.

26. Yudhi Sancoko 2007-2010. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Susilo Bambang Yudhoyono.

27. Joko Nugroho 2010-2020. Dilantik pada masa pemerintahan Presiden Susilo Bambang Yudhoyono dan Presiden Joko Widodo.

Para pemimpin menata wilayah Cepu. Tanaman kayu jati dijaga dengan sepenuh hati. Mutu jati Cepu sudah dikenal di seluruh dunia.

C. Wilayah Blora dalam Ulasan Serat Centhini

Aran ing Krendha wahana, urute si Kendheng gunung, abanjar dawa puniku, karo ing si Tengger arga, titahing dewa sadarum, kang murih marang ing dina, kailangan umur puput.

Ing kene nggon ingsun nyetra, kariya milih sireku, samono mau kang purun, nuninggih rama sandika, putrane anyuwun sangu, warni arta swidak uwang, abragging pawon sadarum.

Miwah sen isening griya, lempir glaran ingkang alus, myang sumekan warni catur, pandhan binethot sajuga, ijem ringin kalihipun, katri songer namanira, daringin jangkeping catur.

Ing tembe nak putu ingkang, sami kapengin mangrasuk, sinjang sekaran puniku, mawia jawab ing kula, sadangunira mangrasuk, kula lilani nganggoa, panganten inggal puniku.

Bilih boten makatena, datan lega manahulun, tampia upata ningsun, ya rara luwih prayoga, daktururane kang kantun, mundur Dyah Bathari Durga, Hyang Panyarikan mangayun.

Mangenjali aturira, kawula anyuwun sangu, ron karopak ingkang alus, kalih kisi pangot waja, pamintamu ingsun angsung, mundur Sang Hyang Panyarikan, mesat mring kayanganipun.

Gya Lebakipun mangarsa, nembah matur dhuh pukulun, ingkang abdi nyuwun sangu, ayam jaler estri gesang, lele kalih ingkang idhup, gecok ingkang warna warna, tuwin sinjang tuluh watu.

Sagegem sisih wos pethak, warni sanga tumpengipun, jadah warni sanga namung, sekul asahan penakan, kupat lepet legandha nung, pula gringsing pula gimbal, awug awug kaduk juruh.

Tatedhan bangsa kukusan, remikan sapepakipun, rujak bakal ingkang wutuh, cadhong jenang ingkang pepak, pala kasimpar gumantung, pala pendhem mamentahan, tuwin sinjang perlunipun.

Kangge nggendhong kang tatedhan, prayoga ing panyuwunmu, Lebakiyuk wus amundur, Keblak dheklak kang mangarsa, marenges nembah umatur, pukulun gusti kawula, ingkang abdi nyuwun sangu.

Sekul ulam myang panganan, kawradinken kancaulun, prayoga sapanyuwunmu, Keblakdhekla kang wus medal, Kalabanjar amangayun, kawula pun Kalabanjar, plataran panggenan ulun.

Ywa supe dipretenana, tumpeng sakilan nggilipun, wiyar sapecak pleng namung, sawontene ulam ulam, dupa sekar campur bawur, picis patang ketheng wetah, yen tan makaten saestu.

Mindhak krep ngumpetken bocah, iya atut panjalukmu, daktuturane kang pungkur, Kalabanjar wus umesat, Kalaencer sowan matur, Kalsencer namakula, manggen prapatan delanggung.

Dipertenana wakingwang, tumpeng sapecak nggillipun, kang sakilan wiyaripun, lawuh ulam gegorengan, ulam gego-dhogan namung, jajanganan kembang gantal, dupa picis ketheng wolu.

Yen boten makaten apan, kula mindhak asring mbesur, jenggleng tyang numpak kudhestu, iya ing panuwunira, daktuturana kang pungkur, Kalaencer sampun mesat, Kalajathok majeng matur.

Kalajathok nama amba, manggen ing watoning salu, menek gelem nyanak ulun, saben saben mentas nedha, watoning amben puniku, nggih kadekekana upa, mung kalih sisih thil namung.

Kang ajeg hya kongsi kendhat, yen wonten wisa puniku, saking jawi asalipun, amba sagah mangsulena, iya Jathok panyuwunmu, daktuturane kang wuntat, kang sinung ling sampun mundur.

Kalajangkung mareg nembah, amba nama Kalajangkung, manggen ulon ulon ulun, kang dados panyuwunamba, yen temen panyanakipun, saben tilem myang tileman, sampun sok idu mandhuwur.

Bilih wonten wisa wisa, kang saking nginggil puniku, kula sagah nulak wangsul, iya banget panrimengwang, daktuturane kang pungkur, Kalajangkung wus amesat, Nyi Kalaijen mangayun.

Nyai Kalaijen amba, cumadhong dhawuh pukulun, punapa tumut tinundhung, punapa pareng kantuna, sira misia lestantun, apa panggaweyanira, Kalaijen nembah matur.

Nuninggih dhateng sendika, anamung panuwun ulun, yen nuju wedalanipun, lare momonge kang pepak, iya dakwisik kang pungkur, Kalaijen wus umesat, gantya sinom sekaripun.

Manawi gembesan tanah, redi eler Kendheng saurutneki, namung sapalih winangun, kadi cenggering ayam, bilih sampun dados gebengan puniku, utawi balok namanya, sakarsa karsa wus kenging.

De bilih badhe kinarya, talang wuwung utawi dandosanning, baita sasaminipun, kedah manah kabucal, sarta cinalonan sadhapuring wuwung, kalawan dhapuring talang, baita sasamineki.

Panyigaring kanang wreksa, naminipun kapaju patrapneki, rumuhun kakencong mujur, wit pucuk trus bongkotnya, kiwa tengen utawi ngandhap myang luhur, kencongan ing nginggil nulya, katancepan paju wiwit.

Pucuk dumugi bongkotnya, longkangipun paju sami nyakaki, sakathahing paju paju, ginandhenan dumugya, ing kencongan ngandhap terusaning luhur, wradin paju tekeng ngandhap, gya sinigar langkung gampil.

Wondene ta kajeng ingkang, ageng ageng patrap panggarap neki, ing bongkot utawi pucuk, kang labet gagethakan, kakencongan malang gya tinrapan paju, mugi lajeng ginandhena, yen kajeng genge samundhing.

Gandhenipun semprong nama, gendhing semprong tinartamtu ngungkuli, genging kajeng kang pinaju, semprong ginantung malang, neng wit witan ingkang caket wonten ngriku, kinandhut tinarik ngangkah, saget nuthuk paju sami.

Ing sasampunipun sigar, dyan rinimbas utawi den prejengi, kadamel saprelunipun, gebingan myang balabag, terangipun ingkang sama kencong mujur, sakiwa tengening wreksa, utawi ing ngandhap nginggil.

Winadung amujur panjang, awit bongkot dumugi pucuk neki, kados kakalenan mujur, wondene kencong malang, pernah bongkot utawi kapernah pucuk, winadung supados krowak, kenginga dipunseseli.

Ing paju sacekapira, menggah paju wau ingkang kinardi, kajeng jati ingkang burus, ing bongkot wradin papak, pucuk lan-cip radi gepeng wujudipun, dene ageng panjangira, dinugi kang nguwaweni.

Kang nama kajeng kocoran, panegornya tan tineres rumiyin, maksih gesang angrembuyung, gya tinegor kewala, patrap patrap panegor pangrebasipun, pamrejeng sasaminira, kadi kang kasebut ngarsi.

Mung wusing dadya gebingan, gya kinethok ginambang tharik tharik, kadi amben isthanipun, neng panggonan kang banar, laminipun tigang wulan para langkung, punika sampun prayoga, kaangge parabot panti.

Yen kajeng badhe baita, tuwin wuwung talang sasamineki, panggenan pamenthengipun, kang asrep myang keyuban, laminipun ugi tigang wulan langkung, sanadyan kajeng kocoran, saget awet sawatawis.

Mangkya bab sirap winarna, naminipun wonten sakawan warni, sawarni Dumba rannipun, wiyarnya ing ukuran, kalih tengah kaki sapanginggilipun, panjang wiwit ukur tiga, kaki sapanginggil neki.

Kalih sirap Gupe rannya, lawan Dumba geng panjang boten sami, ukur awit wiyaripun, satunggal kaki minggah, panjang ka-lih satengan kaki ingukur, minggah dumugi ukuran, kirangipun tigang kaki.

Tiga nama sirap Dhara, wiyaripun pitung edim manginggil, dene ukur panjangipun, pan kalih kaki minggah, catur sirap gedhong dene wiyaripun, namung sekawan dim minggah, panjang gangsalwelas edim.

Kajeng kang kadamel sirap, tinartamtu awet tan nguciwani, teteresan ingkang burus, manawi bangsa ngandhap, tiyang alit purun damel sirap wau, saking glinggang saha brungkah, manawi pundhutan aji.

Tuwin para luhur samya, kedah negor saking teresan tuwin, negor ingkang taksih idhup, piliyan ugi ingkang, burus mulus nir cacat saurutipun, patraping panyigarira, sampuning rebah kang uwit.

Pinilih kang tanpa cacat, serat burus kadi kasebut ngarsi, ginethak sasisihipun, sapanjanging kang sirap, dipun ancas angiras kadamel lancur, gethakan gya kaanjingan, paju lajeng den gandheni.

Paju kang kapara kathah, patrapipun kapara krep prayogi, mila makaten liripun, urut serating wreksa, saha boten pecah nalisir myang remuk, yen wus dadya balebekan, gya rinimbas denaloni.

Dalam lintasan sejarah budaya ternyata kabupaten Blora selalu menjadi perhatian para sarjana dunia. Semua kerajaan Jawa menjadikan Blora sebagai tempat untuk mempertajam kualitas manajemen kenegaraan. Oleh karena itu para pemimpin tersebut senantiasa menggunakan konsep manunggaling kawula Gusti dalam menata kabupaten Blora.

Kabupaten Blora sudah tepat memiliki sesanti atau semboyan Blora Mustika: Maju, Unggul, Sehat, Tertib, Indah, Kontinyu, Aman. Konsep yang indah ini bertambah indah ketika disajikan dalam bentuk lelagon gendhing.

(LM-01)

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *