Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum.
(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA, hp 087864404347)
A. Pabrik Gula Colomadu lan Tasikmadu.
Mangkunegara IV katelah pangarsa tanah Jawi ingkang lebda ing reh tata praja. Bangkit olah gelating kagunan. Terampil nganggit lungiting kasusastran.
Pabrik gula Colomadu lan Tasikmadu tuwuh ngrembaka. Anjalari Pura Mangkunegaran makmur. Sentana abdi dalem sengkut gumregut makarya.
Colomadu tegese gunung kang kebak rasa manis. Colo, cala, ancala, gunung, giri, prawata ngemu surasa papan dhuwur. Gagasan inggil kang den persudi kanthi gregeting pakaryan.
Tasikmadu tegese segara kang kebak rasa manis. Tasik, segara, laut, jaladri, jalanidhi, jaladiyan ngemu surasa papan isi banyu kang jembar banget. Kanthi pangajab kawula dasih bisa ngrasakake mat manise urip.
Sastra piwulang tumangkar ngrembaka. Serat Wedhatama, Tripama, Babad Wonogiri sumebar ngrenggani kagunan edi peni. Wiyaga waranggana rumaos kabantu antuk cakepan sae.
Bebukaning serat Wedhatama yasan Sri Mangkunegara IV mawi sekar pangkur. Ing pangajab dados seserepan kagem nggulawenthah putra wayah.
Pangkur
Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung.
Sinuba sinukarta,
Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung.
Kang tumrap ing tanah Jawa,
Agama ageming aji.
Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi.
Mangka nadyan tuwa pikun.
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi asepa lir sepah samun,
Samangsane pasamuan gonyak ganyuk nglilingsemi.
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV miyos rikala dinten Ahad tanggal 8 Sapar, tahun Jimakir, Windu Sancaka 1738 utawi 3 Maret 1811. Asma timurkanthi sesebatan Raden Mas Sudira.
Duk nalika dinten Sabtu Pahing, tanggal 20 Rejeb, tahun Dal 1759 utawi 1833, Raden Mas Sudira nambut silahing akrami. Pikantuk kaliyan Bandara Raden Ajeng Dhunuk. Sarampunging palakrama, Raden Mas Sudira lajeng kaganjar nami Raden Mas Arya Gandakusuma.
Wondene Raden Mas Sudira piyambak kapernah wayah buyut Kanjeng Sinuwun Paku Buwana III ingkang jumeneng ing karaton Surakarta Hadiningrat tahun 1749 – 1788.
Wiwit tanggal 24 Maret 1853 Raden Mas Sudira utawi Raden Mas Arya Gandakusuma winisuda anglenggahi dhampar kencana kanthi asma Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV. Ngasta pusaraning praja yuswa 42 tahun.
Anglintir keprabon Sri Mangkunegara III ingkang sampun surud ing kasidan jati. Sri Mangkunegara IV tansah angengeti labuh labet ingkang sampun kaparingaken dening Kanjeng Panembahan Senapati, narendra gung binathara ing negari Metaram taun 1582 – 1601.
Sinom
Nulada laku utama,
Tumrape wong Tanah Jawi,
Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senapati,
Kepati amarsudi,
Sudane hawa lan nepsu,
Pinesu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri,
Amamangun karyenak tyasing sasama.
Jumeneng ing pura Mangkunegaran mawi sangu ingkang pepak. Kanjeng Adipati Mangkunegara IV kawentar ngelmu sipating kawruh. Rinten dalu mersudi unggah ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa. Wejangan luhur Pangeran Sambernyawa utawi Sri Mangkunegara I arupi tri darma : rumangsa melu handarbeni, rumangsa wajib hangrungkebi, mulat sarira angrasa wani.
Nyambet wedharan kautaman kala wau, Sri Mangkunegara IV lajeng mawas dhiri. Panjenganipun anggraita kanthi pangandikan ingkang mentes, luwes, gandhes, dhemes.
Panguwasa iku sinambung tembung kang tansah gumunggung ana gunung. Tan sinelak panguwasa iku uga nugraha, hamung cak cakan kang kapacak, gumantung pakarti budi kang kapiji.
Yen ta panguwasa iku dadi panguripan, yekti lumebune mring angkara, andel rosa lan sora.
Nanging yen ta dadi kahuripan, yekti lumebune mring darma, andel rasa lan rumangsa.
Samengko keh kehe yen wus kuwasa, kalimput lali, tan lila kelangan kalungguhan.
Hamung yen wus gaduk ing rasa, candhak ing tata, aja wedi nampi panguwasa.
Anggenipun mranata Pura Mangkunegaran tansah anglenggahi paugeran. Mila tahun 1854 Sri Mangkunegara IV netepaken layang paugeran.
Sarupaning wong kang ngarah kalungguhan, dadia ngabehi, demang, utawa rangga apadene bekel ing mengko ora kalilan yen nganggo sarana dhuwit, utawa barang liyane kang ana pangajine.
Amung kasangkanana lumebu dadi abdi dalem prajurit utawa liyane, ana dene yen kelakon, oleh kalungguhan, ora kalilan yen anjaluk dhuwit pangunjung tuwin panganyar-anyar marang bawah kareh rekane.
Apa dene yen nerak pepacak iki, kang ambekteni ora oleh kalungguhan, kang anampani bekti utawa anjaluk dhuwit panjunjung tuwin panganyar anyar bakal kena patrapan, kapirit saka ing prakarane.
Mersudi ing reh kautaman, kanthi lekas tumemen. Tata lahir makarti, jroning batin angesthi Gusti.
B. Tekun Teken Tekan.
Sapa sing tekun bakal antuk teken. Sapa sing antuk teken, kajate bakal tekan. Ing kene tegese diajap sregep nyambut gawe.
