Cucu Ki Ageng Penjawi Bupati Pathi ini berhak penuh atas tahta Mataram. Raden Mas Jolang sejak lahir sudah ditetapkan sebagai putra mahkota atau Pangeran Adipati Anom.
Nalika jaman semanten, para Pangeran manawi jumeneng anggentosi keprabon dalem Rama Nata, tamtu wonten ingkang mungel. Tunggangane sapa to? Wonten putra kakung saking Garwa no I malih wonten putra saking garwa nomer 2. Pancen sering dados dredah. Ingkang nanggel inggih ingkang ngiyati, ugi nama sesepuh, dados paran para Nata.
Kanjeng Pangeran Mangkubumi, Rayi Dalem Sinuwun Panembahan Senopati ingkang majeng ndhadhagi. Ngangkat Raden Mas Jolang Pangeran Adipati Anom jumeneng nata anggenteni Rama Dalem ingkang wus surud. Jumeneng wonten pasewakan kaliyan nantang putra sentana abdi dalem sarta kawula dalem sadaya.
Pangandikane:
“Sak rupane wong Mataram kabeh sira padha neksenana yen Pangeran Adipati Anom samengko jumeneng Sultan, angganteni Ingkang Rama. Manawa ana wong kang masgul atine, sarta ora ngistokake, padha tekakna budimu ing saiki. Aku mungsuhe perang”.
Ngendika mekaten punika mboten lelamisan. Inggih sampun sedhiya manawi wonten retuning Nagari. Punika nalika jumenengipun Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati ing Mataram ing taun 1601. Garwa Kanjeng Ratu Kilen mboten mbobot mbobot. Lajeng krama angsal putrinipun Adipati Benawa. Sultan Prabu Hadiwijaya ing Pajang.
Panembahan Senopati Ngalageku
Dene Dyan Benewa namung. Pangeran sesebutanipun.
Sinung pangkat Adipati. Ing Pajang peputra wadon. Warni ayu cahya anuksmeng sitengsu. Anama Dyah Banowati.
Dhaup lawan, jeng Sinuwun
Prabu Adi Hanyakrawati
Seda Krapyak parab Katong. Sang Dyah ayu lajeng sinungan jejuluk. Prameswari Ratu Adi. Peputra Jang Sultan Agung. Ingkang jumeneng Narpati. Buyut Sultan Pajang yektos.
Kanjeng Ratu Lungayu lajeng kagungan putra kakung Pangeran Martopuro, kaliyan Kanjeng Ratu Sekar. Nalika Rama Dalem seda, Raden Mas Jatmika Sultan Agung sampun yuswa 20 tahun. Raden Mas Wuryan Martopuro sawek yuswa 8 taun.
Nama tasih timur dereng dewasa. Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun jumenengipun mboten dangu dados mboten wonten ewah ewahan punapa, ing nagari Mataram, bebedhak wonten wana Krapyak lajeng surut. Pramila karan Sinuwun Seda Krapyak. Sumare wonten Astana Kota Gedhe ngandhapipun Rama Dalem.
Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati mendukung penuh kegiatan budaya. Karya sastra berkembang dengan bobot tinggi.
3. Penyusunan Sastra Piwulang.
Jasa Panembahan Seda Krapyak dalam bidang kebudayaan adalah berusaha untuk menyusun sejarah negeri Demak yang berdiri tahun 1478.
Wali Sanga dianggap guru suci ing Tanah Jawi. Masjid Agung Demak tempat Prabu Yudhistira masuk agama Rasul. Raja Amarta bisa sempurna atas bimbingan Sultan Demak, Raden Patah Jimbun Sirullah Syah Alam Akbar.
Penulisan beberapa kitab suluk. Suluk Malang Sumirang, Sujinah, Ratu Mas Panggung. Pada jaman Sinuwun Sekar Seda Krapyak, ditulis naskah Suluk Wujil dengan angka tahun 1607 Masehi. Penyalinan Serat Nitisruti 1612 Masehi, untuk menghormati Pangeran Karanggayam.
Suluk Wujil yang berisi wejangan mistik Sunan Bonang kepada abdi kekasih raja Majapahit yang bernama Wujil. Serat Nitisruti karya Pangeran Karanggayam yang berisi tentang tuntutan budi pekerti luhur dan kandungan mistik, sangkan paraning dumadi.
Prabu Hadi Hanyakrawati menjadi raja Mataram dengan modal yang besar. Dari garis Bapak dan Ibu merupakan pendiri Kerajaan Mataram. Trahing kusuma rembesing madu.
(LM-01)
