Sekar pisang pisang sesajine karya.
Patut lamun linulutan mring sasama.
Sekar dhadhap dhadhap kang asung usada.
Tulungana dimen asri ing wardaya.
Kawis pita kang obah ing kali aya.
Aja wengsu arane Hyang Sukma.
Witing klapa kalapa kang masih muda.
Salugune wong mardi pikir raharja.
Sembah kalbu yen lumintu dadi laku.
Manggih hayu ayem tentrem kang tinemu.
Wisma sanggan sanggan raga lumaksita.
Jroning suka kudu eling lan waspada.
Resmi krama satriya Giri kastuba.
Tingkah laku tetepa sinudarsana.
Perang cipta manembah wanci rahina.
Rumeksoa mring luhuring asmanira.
Wogan tirta tirta wijil ngantariksa.
Betahana lamun dhumawahing papa.
Tirta maya supaya anyar kinarya.
Nenging driya tan anggalih amung sira.
D. Tamba Lara Asmara.
Manusia diberi anugerah oleh Tuhan berupa rasa cinta. Hubungan manusiawi ini berlaku sepanjang sejarah.
Para ahli sastra menangkap peluang kreativitas ini dengan menuangkan romantika percintaan. Metafora dan gaya estetika sangat kaya dalam wangsalan waranggana wayang purwa.
Ungkapan estetis romantika percintaan menggunakan kata kata tresna, asmara, gandrung dan welas asih.
Paribasan, bebasan, saloka, parikan juga kerap mengungkapkan perasaan cinta. Namun untuk wangsalan disajikan sangat halus.
Kata katanya tersembunyi terpilih, penuh cipta sasmita, perlambang, tanda dan harus pelan pelan dalam memberi makna.
Kemampuan pengarang dalam menyusun wangsalan dipengaruhi oleh pengetahuan, ilmu, pengalaman dan pergaulan.
Pekerjaan pengarang turut serta menentukan diksi dan penyusunan kalimat wangsalan. Terlebih lebih dengan aspek asmara, malah memerlukan penghayatan yang lebih mendalam.
Ujung jari balung randhaning kalapa.
Winengkua sayekti dadya husada
Teja tirta atmaja nata Rahwana.
Kekuwunging karya rujiting wardaya
Suteng nendra prajane Sri Bomantara.
Sun watara lamun sira darbe tresna.
Barat sirat pasewakan jro nayaka.
Wus kawusa ing driya mung nganti sira.
Lireng muka tinulada winursita.
Sun pepinta lejare marang wong priya.
Jarwa sarpa raja putra ing Mandura.
Kang ginita kang priya anandhang brangta.
Jarwa roga pelabuhan nusa Jawa.
Lawan rara Kemunyar putri Jepara.
Kayu rengka jalak geng pilis pita.
Jalarane saking menco weh wiyoga.
Trah ngawirya werdining kang pulas carma.
Raden Jaka Pramana ingkang winarna.
Ngular dustha sakpada lit taleng kisma.
Ingkang kena sambang tuturing kukila.
Perak tulya naga putra Widayaka.
Temah linglung kalenglengan lara brangta.
Saji siwa arane basa nawala.
Nadyan lamong nyalemong tanpa ukara.
Robing garwa dhustha weri jaladara.
Kaya ngapa kang gawe lara wiyoga.
Tanugangga narmada nir tirtanira.
Mendah baya ing benjang yen kasat mata.
Ken ing Daha kukila kulem sabawa.
Kiraningsun dasih tan datan saronta.
Glagah pita pandaya mardi sarkara.
Ingsun pondhong kusuma mring pagulingan.
Manisrengga satriya ing Lesan Pura.
Setyanana yen laliya marang sira.
Lalu mangsa panusuling magut yuda.
Yen kasepa bantoni lara asmara.
Sandi setya rangkeping tuhu wicara.
Boten lamis dasihe den yektenana.
E. Sregep Nyambut Gawe.
Ungkapan hemat pangkal kaya, rajin pangkal pandai hendaknya dihayati. Kerja keras merupakan usaha untuk mewujudkan kesejahteraan lahir batin. Produktivitas, kreativitas dan kualitas sebuah masyarakat ditentukan oleh etos kerja.
Lagu lancaran dalam wayang purwa yang berisi dengan keuletan, ketekunan, kerajinan kerap berkumandang. Waranggana melantunkan gendhing tropong bang memuat anjuran untuk bekerja keras. Liriknya penuh semangat, bergairah dan optimis.
Dari irama rangkap yang pelan sayup sayup terdengar cukup nikmat, indah dan penuh sesak yang gagah dan bergairah.
Dorongan untuk tetap berkarya termasuk kegiatan mulia. Setiap warga yang bersedia berkarya tentu membuahkan peradaban cemerlang. Negara dapat berdiri kokoh karena memiliki kemandirian.
Janur gunung nengga dhawuhe sang nata.
Aja leren yen nyatane durung lebda.
Kawi dewa dewane wulan purnama.
Anjenthara lebda pasanging grahita.
Roning kamal putra resi Kumbayana.
Mumpung anom ngudia kawruh utama.
Kolik pria priyagung Anjani putra.
Tuhu eman wong anom wedi kangelan.
Tampang jala jala rowa pamot mina.
Temah nistha yen nekat nora sembada.
Pisang ganda mulwa rengka rinumpaka.
Den grahita aywa anggung kasangsaya.
Rambah karsa teteping kang patembaya.
Anggemana leluhur kang wus suwarga.
Wukir jaja jejuluking putra nata.
Nora suwe Pangeran paring nugraha.
Bantu karya karya raga kang sarira.
Rewangana lara lapa sawetara.
Jarweng kenya kenya kuciwa ing karna.
Wani lara winalesing suka wirya.
Windon kisma cirine dhapur curiga.
Nadyan boten sinarwaya sapunika
Arti wangsalan cukup dalam. Wulang wuruk pementasan wayang purwa sebaiknya memenuhi unsur tuntunan, tontonan dan tatanan. Pakem pedalangan disusun oleh pujangga Jawa dengan penuh kebijaksanaan hidup. Iringan wayang disajikan merupakan bentuk kristalisasi dan refleksi estetis.
Lagu-lagu iringan wayang yang berupa wangsalan itu cukup rumit. Penyusunan kalimat wangsalan membutuhkan renungan yang lama. Pengalaman, pengetahuan, pergaulan seseorang menambah bobot isi wangsalan. Ajaran luhur dibungkus dengan kata simbolik dan kalimat yang penuh keindahan.
Pelajaran utama pentas pewayangan dapat digunakan sebagai panduan dalam hidup berbangsa, bernegara dan bermasyarakat. Sedapat-dapatnya pelaku pedalangan mau menelusuri teks-teks klasik yang memuat seluk beluk wangsalan. Seni pakeliran pada masa depan akan semakin berbobot.
Tim kanca Kaji yang dipimpin oleh H Faruq Ponorogo membahas seluk beluk wangsalan. Berguna untuk memahami ajaran sastra piwulang.
(LM-01)

