Bonggan kang tan merlokena.
mungguh ugering ngaurip.
uripe lan tri prakara.
wirya arta tri winasis.
kalamun kongsi sepi.
saka wilangan tetelu.
telas tilasing janma.
aji godhong jati aking.
temah papa papariman ngulandara.
Serat Wedhatama ing nginggil saged dados penget lan gegondhelan menggahing tiyang Jawi. Pura Mangkunegaran wiwit canja winih kopi rikala tahun 1814. Mapan ing kebon kopi Gondosini Bulukerta Wonogiri, tapel wates Ponorogo. Kebon kopi lajeng dipun tanem ing tlatah Tawangmangu lan Betal Nguntaranadi.
Mbudi daya murih gancaring wulu pametu, kados pratelan ing nginggil, cihna bilih Pura Mangkunegaran tetep ngugemi sesanggeman wirya, arta, winarni. Wirya arupi kalenggahan panguwaos. Arta wonten sesambetan kaliyan dhuwit. Winarni gegandhengan kaliyan guna pangawikan.
Tanggal 8 Desember 1861 Sri Mangkunegara IV mandhegani jejeging pabrik gula Colomadu. Asiling gendhis Colomadu dipun sade ngantos dugi Bandanaire, Singapura. Untung tikel matikel, anjalari Pura Mangkunegaran sugih bandha bandhu.
Kalejangan hadeging pabrik gula Tasikmadu rikala tanggal 4 Juni 1871. Giling tebu mawi mesin uap. Nami majeng sanget. Amrih lancaring pabrik gendhis, perlu dipun sengkuyung olah tetanen ingkang trep lan leres. Upaminipun tahun 1874 Sri Mangkunegara IV ngrekadaya nanem wit kina, kangge nanggulangi penyakit malaria. Papanipun ing Kalisaro Tawangmangu.
Kebon teh mapan ing Ngimorata Tawangmangu Karanganyar. Taneman teh wiwit tahun 1877. Kebon nila dipun tanem tahun 1892. Kebon tebu kangge lancaring pabrik gula.
Pura Mangkunegaran manggih jaman kencana rukmi. Wewangunan ketingal megah asri anglam lami. Pamedhan, regol, pendhapi, pringgitan, dalem ageng, patanen, dhimpil, senthongan, balai warni, pracimusana kawangunendah edi peni. Sedaya wewangunan kala wau betah prabeya kathah. Asiling kebon lan pabrik gula cekap kangge nyembadani kehing wragat.
Mekaring kasusastran, kabudayan, wewangunan langkung gampil menawi kasengkuyung wulu pametu. Pura Mangkunegaran sengkut gumregut mbudidaya kemakmuran. Kebon tebu lan mbako kagungan Pura Mangkunegaran jembar sanget.
Tanah Pura Mangkunegaran mundhut saking tlatah Demak, Terbaya Semarang, Pendrikan. Tanah saking tlatah Demak kapundhut saking kulawarga Bupati Jepara RAA Tjitirtrasoma. Tanah ing Semarang saking kulawarga RAA Soerohadimanggolo tanggal 11 Juli 1878.
Gancaring pambudi daya babagan wulu pametu, Pura Mangkunegaran andhawuhi kawedanan Kartapraja. Bebadan punika mbawahi kemantren harta usaha ingkang mandhegani kebon kopi, tebu, mbako, nila, teh. Kemantren Hartamimpuna mandhegani arta lan pajek. Kemantren Reksadana mandhegani pakaryan bendahara praja.
Pakaryan ingkang kaperang kanthi tumata, anjalari sedaya pedamelan lancar. Wulu pametu lumampah sae. Kemakmuran Pura Mangkunegaran majeng, kajen keringan. Kapribaden dados ajeg jejeg. Mandhireng pribadi ing tata gesang.
C. Mersudi Wirya Arta Winasis.
Ing pundi papan tiyang gesang kedah gadhah sangu cekap. Titis ing samukawis dados kasunyatan menawi kinanthen ilmu ingkang pepak. Perkawis ingkang abot ruwet sembada dipun udhari mawi jangkeping kawruh.
Mila tiyang gesang wajib ngudi undhaking ngelmi. Lumantar udhu panemu, Serat Wedhatama nerangaken jangka jangkah ngelmu laku.
Pocung
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara.
Angkara gung neng angga anggung gumulung,
Gegolonganira,
Triloka lekere kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.
Beda lamun kang wus sungsem reh ngasamun,
Semune ngaksama,
Sasamane bangsa sisip,
Saewa sareh saking Mardi martatama.
Basa ngelmu mupakate lan panemu,
Pasahe lan tapa,
Yen satriya tanah Jawi,
Kuna kuna kang ginilut tripakara.
Lila lamun kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman,
Sakserik sameng dumadi,
Tri legawa nalangsa srah ing Bathara,
Kawedanan among praja mbawahi kemantren sastralukita ingkang mandhegani olah kridhaning basa sastra. Kemantren reksapustaka mandhegani serat serat wigatos. Kemantren pamong siswa mandhegani pamulangan, kawruh, ilmu, seserepan.
Piranti ingkang karipta murih gancaring pamulangan, Pura Mangkunegaran yasa wayang madya. Dados sarana sumebaring Serat Witaradya ingkang paring pratelan negeri Mamenang lan Pengging. Wayang madya karipta tahun 1872.
Sri Mangkunegara ugi ngripta Serat Warayagnya, Wirawiyata, Nayakawara, Darmawasita, Salokatama, Paliatma, Sriyatna, Tripama, Wedhatama, babad sinawung sekar, babad Wonogiri, Giripura, Tegalganda, serat Ngadani Pabrik Tasikmadu. Sedaya reriptan menika kangge njembaraken kawruh.
Reriptan sanesipun inggih punika ngalamat, babad serenan, werdining bangsal tosan, ngadani Bendungan Tirta Swara, ngadani Bendungan Tambak Agung, Srikaton, Nyanjata Sangsam, Wonogiri Prangwadana, Werdining Pandel Mangkunegaran, Pesanggrahan Langenharjo, rerepen. Reriptan Sri Mangkunegara wau damel padhanging jagad raya. Tumuli sami ayem tentrem.
KGPAA Mangkunegara IV paring sesorah, murih gesang saged patitis ing samukawis. Wejangan wau sinebut astagina, inggih punika cacah wolu : 1) golek panggautan, 2) rigen, 3) gemi, 4) nastiti, 5) weruh ing petung, 6) taberi tatanya, 7) nyegah kayun, 8) nemen ing sedya.
Piwulang kala wau dipun landhesi watak kasudarman sregep, pethel, tegen, wekel, pangati-ati. Aja nganti sembrana nindakake panguripan. Yen wus kepleset, angel tangine. Wusana rekasa ing samubarang gawe. Weling utama mau prayoga wigatekna. Ing pangajab wilujeng lahir batos.
Wirya arta tri winasis dados landhesaning ngagesang. Pabrik gula minangka sarana murih gancaring arta. Satemah lampahing gagasan langkung gampil.
Sri Mangkunegara IV mersudi gesang tambah makmur. Ing pangangkah kawula sentana sami ayem tentrem.
(LM-01)

