Larapan Langse Ing Pajimatan Amangkurat Tegalarum

Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA. Hp 087864404347)

 

A. Upacara Jamasan Pusaka

 

Upacara larapan langse jamasan pusaka mapan ing Astana Pajimatan Sinuwun Amangkurat Agung. Katindakake rikala dina Ahad Pahing, 25 Sura utawa 13 September 2020. Tata cara adat Jawa iki lumaku saben tahun ing Pakuncen Adiwerna Kabupaten Tegal.

 

Astana Pajimatan Tegalarum diagem wiwit tanggal 13 Juli 1677. Sri Susuhunan Amangkurat narendra gung binathara ing kraton Mataram. Kawentar sinebut Sinuwun Tegalarum. Panjenengane Sang Nata kagungan pesanggrahan ing tlatah Surabaya, Madiun, Semarang, Banyumas lan Tegal. Raja Mataram iki sanyata pangarsa negari kang ber budi bawa laksana, ambeg adil paramarta, memayu hayuning bawana. Mula kabeh para kawula dasih padha sumuyut sungkan asih.

 

Nama Tegalarum pancen gandane sarwa arum. Pasareyan dalem sang nata ngambar wangi, kaya sinebaran jebat kasturi. Jamak lumrah dadi papan palereman Sinuwun Amangkurat Agung sakwuse surut ing kasedan jati. Nganti dina iki sarira dalem Ingkang Sinuwun isih wutuh. Gumbala rawis isih modot wutuh. Saben tahun gumbala utawa brengose dicukur dening abdi dalem. Cukur rikma Sinuwun Amangkurat Tegalarum kanthi tata cara mirunggan.

 

Wibawa sawabe sang katong merbawani marang bumi Tegal sakukuban. Kawula Tegal pancen wasis ing samukawis. Olah kridhane seni mumpuni. Baut ngracik bumbu kang njalari dhaharan eca mirasa. Seniman Tegal akeh sing kondhang kaloka. Dhaharan gagrag Tegal sumebar sakindhenging nuswantara. Warteg utawa Warung Tegal nyata enak rasane, murah regane. Wiwit jumeneng nata tahun 1645 Sinuwun Amangkurat paring piwulang ngracik olah-olah dhaharan kang edi miraos. Juru masak ing kraton Mataram dipandhegani dening Nyi Menggung Gandarasa.

 

Sinuwun Amangkurat Agung raja Mataram kang sekti mandraguna. Nalika sugenge kerep mahas ing asepi, lelana laladan sepi. Tapa brata ing madyaning wana gung liwang liwung. Sri Susuhunan Amangkurat Tegalarum karem tapa ngidang, tapa ngalong, tapa ngrame, tapa kungkum, tapa ngeli, tapa pati geni, tapa ngrowot, tapa mutih, tapa geniora, tapa mbanyuora. Sang Prabu bangkit mesu budi, megeng napas mbendung swara, sajuga kang sinidhikara.

 

Ngembat pusaraning praja kanthi alelandhesan kawicaksanan. Karana Sinuwun Amangkurat Agung kebak ngelmu sipating kawruh, putus ing reh saniskara. Wignya marang kawruh agal alus. Ngelmu satataning panembah kabeh wus kacakup. Kraton Mataram sinebut negara kang gedhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse, adoh kuncarane, ampuh kawibawane. Bebasan kang cedhak manglung, kang tebih mentiyung. Sami pasok glondhong pengareng-areng, peni-peniraja peni, guru bakal guru dadi, emas picis rajabrana.

 

Bumi pesisir bang kulon antuk kawigaten saka ngarsane Sinuwung Amangkurat. Garwa prameswari asma Kanjeng Ratu Wiratsari, wayang Pangeran Benawa. Dadi isih tedhak turun Joko Tingkir utawa Sultan Hadiwijaya raja Pajang. Dhasar trahing kusuma rembesing madu, wijiling atapa, tedhaking andana warih. Gedhe labuh labete Sinuwun Amangkurat tumrape wilayah Bang Kulon lan bumi pesisir.

 

Nganti dina saiki pasareyan dalem Sinuwun Amangkurat Agung dadya punjering kebatinan. Wong Jawa nganggep pepundhen kang pantes pinundhi pundhi. Kawibawan, kawidadan, kamulyan, karaharjan sakbisa-bisane bakal rumembes marang putra wayah. Mangkono ujare para pendherek sinuwun Tegalarum.

 

B. Pametri Tosan Aji Pusaka Keris

 

Paguyuban pametri tosan aji pusaka keris ndherek mahargya jamasan pusaka keris. Budhal saka stasiun Balapan watara jam 13.00. Dinane Sabtu Legi, 24 Sura utawa 12 September 2020. Numpak kendaraan bebarengan tumuju Tegal. Kang ndherek warga saka Wonogiri lan Nganjuk. Kabeh suwita marang karaton Surakarta Hadiningrat

 

Lumaku gancar lancar kanthi pangarsa KRT Edi Basuki Notonegoro. Dedalem ing Baturetno Wonogiri kang prigel ulah petungan dina, luk keris, lukisan kaca, pawukon. Ing Baturetno katelah sesepuh pinunjul. Akeh para sedulur sing nyuwun tulung wektu kagungan kajad. Mantu, tetakan, pindhahan omah, slub-sluban, akeh sing nyuraya marang KRT Edi Basuki Notonegoro. Panjenengane karem lek-lekan, nyuda dhahar lan guling.

 

Daya linuwih Kanjeng Edi migunani tumrap liyan. Sambang sambung srawung tulung tinulung kuwi lekase para abdi dalem anon-anon. Minangka tandha bekti gawa gawene Karaton kang wus didhawuhake. Dhapur kebeneran yen jamasan ing Tegal mau disengkuyung dening paguyuban tosan aji pusaka keris.

 

Tekan Semarang ngampiri kadang abdi dalem saka tlatah Rembang. Ing sadalan-dalan ngrembug crita kuna. Sejarah tanah Jawa perlu mbiwarakake keluhuran, keagungan, kejayaan, keemasan. Leluhur wong Jawa pancen peng-pengan. Nalika liwat Alas Roban, Kanjeng Joko saka Rembang nyaritakake sejarah Syekh Saridin lawan Retno Jinoli. Tumrap warga Pati Retno Jinoli sawijining putri Mataram sing peng-pengan. Putri Prabu Hadi Hanyakrawati iki satuhu wanita utama.

 

Alas Roban dianggep wingit, setan ora ndulit. Angker kepati-pati, gawat kaliwat-liwat. Ibarat jalma mara jalma mati, sato mara keplayu. Babad Tanah Jawi nyebut Alas Roban papane jim setan peri perayangan, ilu-ilu banaspati, engklek-engklek, warudhoyong. Nanging tumrap jalma kang seneng lelaku, Alas Roban dadi sarana tapa brata.

 

Jarak tempuh sala tumekan Tegal cukup 3 jam. Watara jam 17.00 tekan Slawi. Disambrama dening KMT drg Fitri Pusponegoro, abdi dalem karaton Surakarta lan alumni Fakultas Kedokteran Gigi UGM. Saben tahun drg Fitri melu cancut tali wanda murih gancaring tata cara. Malah nate gawe film dokumenter bab sejarah Sinuwun Amangkurat Agung. Asiling rekaman kabiwarakake aneng media sosial. Kareben bebrayan bisa angawruhi sejarah para nata ing Mataram.

 

KMT drg Fitri Pusponegoro tumuli ndherekake sowan ing daleme Enthus Susmono, Bupati Tegal tahun 2012 – 2017. Daleme ing desa Bangle Kecamatan Talang Kabupaten Tegal. Ibu Nur Laela nampa abdi dalem kanthi suka ing galih. Bu Nur Laela Enthus Susmono diampingi dening putra tetiga mas Haryo, mas Jafar lan mbak Jannah. Mas Haryo nguri-uri wayang santri. Mas Jafar baut oleh gelaring bebrayan. Mbak Jannah nuruni bakat Ki Enthus Susmono minangka dalang wayang purwa. Saiki isih kuliah ing ISI Surakarta.

 

Dalem Ki Enthus Susmono kapajang gong Kyai Siliwangi. Suwarane gumleger ngumandhang ngebaki awang-awang. Gamelan pelog slendro pepak. Wayang purwa lan wayang golek maneka warna jenise. Pendhopo Dalem Ki Enthus gedhe jembar. Cocok kanggo papan palereman. Ngaso kepenak jenak, dhasare ingkang kagungan dalem grapyak sumanak. Bu Nur Laela Enthus Susmono gandhes luwes dhemes. Patrap ulat pangucap sarwa merak ati, ngenaki marang liyan.

 

Kembul bujana andrawina. Dhahar malam mirunggan. Dhaharan edi mirasa pepak jangkep. Unjukan seger wujud es buah. Putra tetiga, Mas Jafar, Mas Haryo, lan Mbak Jannah dadi juru leladi. Regeng seneng gayeng swasane bengi iku. Sinambi rembugan kasepuhan.

 

Para abdi dalem tumuli wungon. Wis dadi adat urip yen para kasepuhan kumpul tumuli ngrembag kawruh kasampurnan. Luwih dhisik nggagas bedane parikan lan wangsalan. Ukara wangsalan kuwi unen-unen kang gampang panampane. Amarga wis disedhiyani purwakanthi lan batangan. Beda kalawan wangsalan kang sinamun ing sandi tetembungan.

 

Conto parikan

 

Ciu gambar manuk

Aku melu apa entuk

 

Ciu sagelase

Aku melu selawase

 

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *