Dening :
Dr Purwadi, SS M.Hum.
Ketua LOKANTARA, Lembaga Olah Kajian Nusantara.
Jl Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta.
Hp 087864404347
A. Medhar Wulang Wuruk.
Babad Kraton Surakarta saestu paring pepadhang. Pengetan hadeging Karaton Surakarta Hadiningrat dhawah dinten Setu Pon, 17 Sura 2023. Mapan ing sasana handrawina kanthi wilujengan jenang Sura. Ingkang ndherek para pangageng, sentana dalah abdi dalem.
Wulangan wejangan wedharan. Babad Sala mratelakaken bilih Karaton Surakarta Hadiningrat dipun lenggahi wiwit tanggal 17 Sura utawi 20 Pebruari 1745. Kanjeng Sinuwun Paku Buwana II ngelih kedhaton saking Kartasura. Dhatulaya kabangun dangunipun 9 tahun. Siti kapundhut saking Ki Gedhe Sala tahun 1736. Rancangan pindhah kedhaton kapenggalih nalika Sinuwun Paku Buwana II ngangsu kawruh ing negari manca negara.
Gusti Raden Mas Prabasuyasa asma timur Sinuwun Paku Buwana II. Tahun 1724 tedhak ing Negeri Eropa. Sinau tata kota ing Negeri Inggris, Perancis, Jerman, Nedherlan lan Spanyol. Kitha kitha ing tlatah Eropa saestu endah tumata. Prayogi menawi dipun tuladha ing tanah Jawi. GRM Prabasuyasa ugi ngudi seserapan ing Bagdad, Mekkah, Medinah, Mesir lan Turki. Ing pangangkah mersudi reh pangawikan agami.
Kanjeng Sinuwun Amangkurat Jawi surut ing kasedan jati. GRM Prabasuyasa minangka pangeran pati wenang nglintir keprabon. Tahun 1726 GRM Prabasuyasa jumeneng nata ing Mataram Kartasura. Jejuluk Sahandap Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sri Susuhunan Paku Buwana II Senapati Ing Alaga Ngabdurrahman Khalufahtullah Sayiddin Panetep Panatagama Ingkang Jumeneng ing Negari Mataram.
Narendra gung binathara mbahu dhendha nyakrawati, ber budi bawa laksana, ambek adil paramarta, memayu hayuning bawana. Negara Mataram sangsaya arum kuncara ngejayeng Jagad raya. Saestu negari ingkang panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.
Jaman kencana rukmi. Para kawula ayem tentrem, murah sandhang pangan papan. Negari Mataram winastan gedhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse, ampuh kawibawane. Mila Sinuwun Paku Buwana II ugi sinebat Sinuwun Kombul.
Hadeging Kraton Surakarta sinengkuyung sentana saking Kadipaten Kudus, Lamongan, Ponorogo, Kebumen lan Pekalongan. Prameswari Sri Susuhunan Amangkurat Jawi asma Kanjeng Ratu Kencana, putri Bupati Kudus. GRM Prabasuyasa ndherek kang Ibu ing Kudus saperlu sinau kawasan industri. Uba rampe material pisungsung saking sentana Kudus. Jamak limrah amargi Kudus dados papan pengembangan industri. Semen, wesi, waja, kawat lan piranti bangunan cekap sumbangan sentana Kudus. Hadeging kedhaton adhedhasar pentungan ingkang gumathok.
B. Hadeging Kedhaton
Sejarahipun para nata ing tanah Jawi marisi kautaman. Garwa Prameswari Sinuwun Paku Buwana II asma Kanjeng Ratu Mas. Putri Pangeran Purbaya Bupati Lamongan. Kanjeng Ratu Mas kagungan kebon jati ing tlatah Pati, Cepu, Bojonegoro lan Tuban. Malah ngasta komisaris pelabuhan Tanjung Perak Surabaya lan Pabrik sarem Kalianget Madura. Saged winastan Kanjeng Ratu Mas, putri ingkang ber bandha ber bandhu. Kathah pisungsung sentana Lamongan kagem Kraton Surakarta.
