Tengku Hasballah M Thaib utawa Rocky dadi Bupati Aceh Timur sing seneng olah gelaring seni budaya. Nanggro Aceh Darussalam wilayah kang lila legawa lelandhesan sesanti Bhinneka Tunggal Ika. Diplomasi kebudayaan ditindakake kanthi tumemen lan permati. Kabupaten Aceh Timur sing mbangun adhedhasar kapribaden luhur.
Murih gancaring pagelaran tim seni nindakake rembugan mirunggan. Dina Senin 2 maret 2020 mapan ing bale palereman Bupati Soekirman mandhegani paheman. Wosing rembug kabeh paraga wis samapta ing gati sawega ing dhiri. Mas Guntoro dandan wujud Gathutkaca. Kanca-kancane dhapuk bala wanara. Anoman, Anila, Anggada, Sugriwa, Jembawan wadya rewanda negara Guwa Kiskendha. Saperangan kanca putri dhapuk paraga manten. Pasugatan seni tim Sergai kudu merak ati.
Pendopo kota Idi Kabupaten Aceh Timur duwe gawe gedhe. Tari Saman, tari Seudati, busana adat Aceh, binarung swarane terbangan. Swasana dadi wibawa, Agung lan regeng. Ir H Soekirman Bupati Sergai lan rombongan dicaosi pasugatan seni Aceh sing edi peni. Busana pating gumebyar sumorot agawe cingak kang mirsani.
Utusan tim seni Sergai caos pasugatan tari Manten, tari Panen, tari Karo lan tari Petilan Ramayana. Keplok mbata rubuh para rawuh kepranan ing galih. Seni Jawa, Melayu, Batak lan Aceh pentas berbarengan. Sing mirsani padha suka parisuka.***
Karumpaka dening, Dr. Purwadi, M.Hum. 15 Juli 2020. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara (LOKANTARA), Jl. Kakap raya 36 Minomartani, Yogyakarta. Hp: 0878 6440 4347
