Dening: Dr. Purwadi, M.Hum
(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara
LOKANTARA)
Rum kuncaraning bangsa dumunung hing luhuring budaya. Rikala dina Senin, 2 Maret 2020 ana prastawa agung kang dicathet dening sejarah kebudayaan. Sambang sambung srawung anjalari tepung lan dunung. Kanthi nggelar seni budaya diajab tuwuh rasa pangerten, tepa salira lan mawas dhiri.
Lumantar seni edi peni budaya adi luhung, saben manungsa nduweni angen-angen kang awujud rerenggan endah. Gandheng saka kuwi, Pemerintah Kabupaten Serdang Bedagai Sumatera Utara nganakake pentas seni budaya ing kutha Idi Kabupaten Aceh Timur. Sing mandhegani Bapak Ir H Soekirman Bupati Serdang Bedagai utawa Sergai. Panjenengane misuwur pimpinan daerah kang titis ing samukawis. Seneng ngarang buku, baut nembang, micara miraga. Jeneng lumrah karana Ir H Soekirman iku leluhur saka Tanah Jawa, yaiku ing Kabupaten Purworejo. Saiki uga nyengkuyung hadeging Pujakesuma utawa Paguyuban putra Jawa kelahiran Sumatera.
Kepareng ndherek nyengkuyung ing pahargyan iki Bapak Drs Joni Walker Manik MM, Kepala Dinas Pendidikan Sergai. Uga Bapak Sudarno minangka Kepala Dinas Pemuda Olahraga, Pariwisata dan Budaya. Nyambut gawe bebarengan antarane Pemkab Sergai karo Pemkab Aceh Timur sanyata budaya luwih katon tumangkar ngrembaka lan ngrembuyung. Beda bedane adat, basa, agama tetep nyawiji jroning mbangun negara, murih mulyaning praja.
Rombongan lumaku wiwit Kabupaten Sergai ngliwati Deli Serdang, Medan, Binjai, Langkat, kota Lungsa lan Aceh Timur. Sadalan-dalan katon sesawangan kang ijo royo-royo. Kebun kelapa sawit pating trucuk kaya megaring jamur barat. Kelapa sawit lambang kemakmuran. Saben tahun wohing bisa diundhuh. Asil tikel-matikel bisa kanggo sarana mrih gancaring pembangunan.
Wiwit dina Minggu 1 Maret 2020 para paraga wis sengkut gumregut gladhen. Dheweke pengin nggelar kabisan saapik apike. Yen tata lahir nyuguh seni sing gawe sengsem kang mulat. Tukar seni budaya Pemkab Sergai lan Pemkab Aceh Timur mujudake piranti kang nyupeketake kekadangan, ngraketake memitran. Regenging gelar seni uga kasengkuyung dening tokoh temu kangen bapak Haji Poniman. Panjenengane ngesuhi uga Paguyuban Suko Budoyo.
Wondene ingkang kagungan dalem utawa tuan rumah rumangsa bombong ing penggalih. Bapak Rocky Linud Bupati Aceh Timur katon bingah sumringah. Panjenengane pikantuk tamu agung. Suwasana kutha Idi Kabupaten Aceh Timur sangsaya gumyak, grapyak, sumanak, kepenak, lan sigrak. Iki nuduhake yen seni budaya dadi saka guru jatidiri bangsa.








