Pak Jokowi Dan Kesadaran Negara Hukum

Sanggone ingungsi tinut,

Kacandhak pinatenan,

Reregeding praja pinrih biratipun,

Mangkono Bathara Yama,

Nggoning rumekseng praja di.

Maling memalaning praja,

Pinrih ilang dursila ngreregedi,

Angundhangi wadyanipun,

Tan kena olah ala,

Ingkang sandhing panggawe ala tinundhung,

Kang ala wus pinatenan,

Sajinise tumpes tapis.

Kang jinis panggawe ala,

Lah anggonen Bathara Yama yekti,

Surya kaping tiganipun,

Lakune paramatra,

Ngudanaken sabarang reh arum-arum,

Amanjingaken rerasan,

Asrep ingkang den tetepi.

Tan galak nutut sakarsa,

Tan karasa wadya pinrih ing becik,

Tan ana rerengunipun,

Sumusup amrih kena,

Ingkang pinrih rinasan rerasan alus,

Pangingsepe reresepan,

Kesesep kena kang pinrih.

Tan age saliring karsa,

Nadyan mungsuh tyase kena pinulih,

Tan katenger pan rinasuk,

Pangingsepe sarasa,

Kang kaping pat Bathara Candra ing laku,

Apura sarananira,

Amenuhi ing sabumi.

Mrih eca isining praja,

Ing pangrehe wewangi lan memanis,

Sawuwu amanis arumi,

Saulat parikrama,

Ngguyu -ngguyu eseme winor ing tanduk,

Satindak datan rekasa,

Mung marentahken memanis.

Ambek santa sabuwana,

Trus ing manah marta-marta memanis,

Sangsaya sru arum-arum,

Asih sagung pandhita,

Kaping lima lampahe Bathara Bayu,

Anginte pakaryaning rat,

Budining rat den kawruhi.

Tanpa wangen tanpa tengran,

Nggening amrih met budining dumadi,

Kena kabudayanipun,

Ing reh datan kawruhan,

Bisa amet budining wadya sawegung,

Dursila mulya kawruhan,

Sasolahing wadya keksi.

Sinambi angupa boga,

Myang busana agung mangun kamuktin,

Tan ana antaranipun,

Mrih kasukaning bala,

Amemaes saparayoganing wadu,

Sertanggung tyase sinuksma,

Gunane yuwana pinrih.

Ing tyas datan kena molah,

Sapolahe kabeh wus den kawruhi,

Dibyandana dana tinut,

Lampah susila arja,

Wus kakenan jagad kautamanipun,

Mangkono Bayu lampahnya,

Iya engeten sayekti.

Kaping nem Sang Hyang Kuwera,

Anggung mukti boga sarya ngenaki,

Tan anggepok raganipun,

Namakaken sarana,

Kang wus kinon amusthi pasthining laku,

Amung pracaya kewala,mDenira tan amrih silih.

Gungning praja pinarcaya,

Dananya sru kayekten den ugemi,

Nora ngalem nora nutuh, Samoha sinasama,

Rehning sukprah kabeh kawiryan wus sinung, Tan wruh ing upaya sira, Tuhuning pribadi pinrih.

Kasaptanira Baruna,

Anggung ngagem sanjata lampahneki,

Bisa besukining laku,

Amusthi ing wardaya,

Guna- guna kagunan kabeh ginelung,

Angapus saisining rat,

Putus wiweka kaeksi.

Angapus sagung durjana,

Sedhih kingkin dursila sila juti,

Saisining rat kawengku,

Kesthi kang ala arja,

Tempuh ing sarana datan kegah- keguh,

Kukuh kautamanira,

Tuladen Baruna yekti.

Bratane Bathara Brama,

Ngupa boga sawadyane gung alit,

Kabeh galak maring mungsuh,

Bisa basaning wadya,

Sirna parangmuka kaparag kapusus,

Garwane ni Rarasati.

Perlu dipahami tafsir dan makna ajarannya. Tembang di atas mengandung ajaran tentang kepemimpinan, pemerintahan, dan kenegaraan. Sukses seorang pemimpin ditentukan oleh kemampuannya dalam mengelola anak buah. Kecakapan pemimpin diperoleh dengan pengalaman dan belajar terus menerus.

Negara diatur berdasarkan konstitusi, undang -undang dan peraturan. Perpecahan suatu lembaga atau organisasi kadang berawal dari rebutan masalah dana. Pembagian keuangan yang tidak adil dan proporsional menciptakan sengketa baik formal terang- terangan maupun di tidak. Konsentrasi pendanaan pada suatu kelompok memancing bentrok dengan kelompok lain.

Taat pada aturan berarti turut serta mewujudkan ketertiban. Dana setiap lembaga harus dibagi secara adil, legal, proposional dan transparan agar mengawetkan solidaritas. Kecurigaan antar kelompok dapat dihindari dan kekompakan individu lestari.

Kuwi apa kuwi

Kuwi apa kuwi e kembang melathi,

Sing tak puja-puja aja dha korupsi,

Merga yen korupsi negarane rugi,

Piye mas kuwi aja ngono ngono ngono kuwi.

Kuwi apa kuwi e kembange menur,

Sing tak puja-puja rakyate do jujur,

Yen rakyate jujur negarane makmur,

Piye mas kuwi aja ngono ngono ngono kuwi.

Tembang ini punya tafsir penjelasan makna. Semua penyelenggara negara tidak boleh mempermainkan anggaran. Karena anggaran ini merupakan hak rakyat, makanya tidak boleh dikorupsi supaya negara tidak rugi. Begitulah pelajaran yang perlu diresapi bersama. Negara ini perlu dikelola dengan sungguh. Karena menyangkut hajat hidup orang banyak. NKRI perlu dibandingkan dengan Singapura, Brunei, Malaysia, Thailand, Myanmar, Papua Nugini, Philipina dan Timor Leste. Sejarah ini jadi pelajaran berharga.

Perlu adanya kesadaran kolektif. Seorang pemimpin harus memahami konsep dhendha. Dhendha dalam khasanah budaya hukum Jawa berarti hukuman. Ganjaran diberikan kepada pihak yang berjasa dan dhendha dijatuhkan kepada pihak yang melanggar aturan. Ganjaran dan dhendha atau hukuman yang setimpal adalah cermin rasa keadilan.

Hukum harus ditegakkan, untuk mewujudkan rasa keadilan. Sangsi yang dikenakan pada pelanggar hukum harus bersifat edukatif agar suatu saat tidak mengulangi perbuatan serupa dan bisa menjadi pelajaran bagi masyarakat agar tidak meniru. Harus dihindari hukuman pada seseorang yang bersifat memotong, mematikan dan tidak memberi kesempatan untuk memperbaiki diri, kecuali pada kesalahan berat yang tidak terampuni lagi. Hal ini dikarenakan oleh suatu kearifan umum bahwa kebenaran dan kesalahan tidak monopoli suatu kelompok.

Warga negara yang baik dengan taat pada hukum, diajarkan oleh Pak Jokowi pada putra putrinya. Guna menciptakan masyarakat yang tertib hukum dan damai sejahtera.

(LM-01)

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *