Sejarah Kabupaten Cilacap

Arsa junjung marang kang abdi-abdi

Wong kadipaten sadarum

Sami sinungan nama

Mondaraka kang wau sampun jinunjung

Adipati Mandaraka

Apan kinarya pepatih.

Dene wau Pranantaka

Wus jinunjung Sindurja ingkang nami

Andangkara wastanipun

Nenggih Ki Wiradigda

Kyai Sendhi Ki Urawan wastanipun

Ni Dhakarta wastanira

Tumenggung Binarong nenggih.

Ingaran wong jagasura

Angandika wau sri narapati

Maring Arya Sindurjeku

Heh sira ingsun duta

Lumakua sira mring desa ing Kedhu

Parimana ing Mataram

Sapa ingkang angenggeni.

Sinom

Raden Arya Sindureja

budhal saking nagri Tegil

lawan Raden Maduretna

gumuruh swaraning jalmi

saupacara asri

wong Sarageni neng ngayun

bandera warna-warna

wong anumbak aneng wuri

busanane lir pendah sekar sataman.

Tan winarna solahira

Wus lepas lampahing baris

Ing Kaliwungu wus prapta

Rereb sakala kang baris

Saksana budhal enjing

Wus ngancik telatah Kedhu

Ki Arya Sindureja

Ing Kathithang den anciki

Kathah prapta sentanane Parimana.

Dhandhanggula

Si Gendhewor wastane duk alit

Kala taksihe amanakawan

Kala samana kinengken

Dhateng gustine wau

Iya kangjeng pangran dipati

Ngandikane pangeran

Marang kang ingutus

Kang aran Ki Pranantaka

Si Gendhewor sira ta lungaa aglis

Sira menyanga donan.

Sira ngularana sekar adi

Iya sekar Wijaya Kusuma

Lah iku sira den oleh

Sigra saha wotsantun

Pranantaka saking ing ngarsi

Sampun mangkat sadaya

Wau kang ingutus

Awatara pitung dina

Kang ingutus mring Tegal bubar tumuli

Mangkat dhateng Tetegal.

Kala jumeneng sri narapati

Ing Rebo Epon dinane ika

Nuju tanggal patlikure

Ing Sura sasinipun

Taun Wawu den sangkalani

Janma aneng gegana

Sinayang ing ratu

Samana Ki Pranantaka

Kang ingutus mring Donan amundhut sari

Praptane antuk karya.

Kang ingupaya angsal sarakit

Aran sekar Wijayakusuma

Samana wus ngaturake

Dhumateng sang aprabu

Langkung suka galih narpati

Rumaos yen sih ing Hyang

Nugraheng Hyang Luhur

Dhawuh rumasuking nata

Panjenengan tanah Jawa wus kapusthi

Kagem aneng ing asta.

Ki Pranantaka kalangkung dening

Kapracaya ing salampahira

Kinulawisudha mangke

Apan jinunjung lungguh

Pranantaka sinung kekasih

Jinunjung saking ngandhap

Sumengkeng aluhur

Aran Arya Sindureja

Kyai Sendhi apan sinungan kekasih

Aran Demang Urawan.

Asmaradana

Wus tetep jumeneng aji

Sang nata sigra parentah

Padha estrenana kabeh

Samengko Si Mandaraka

Ngong karya patih ingwang

Sun junjung lungguh tumenggung

Ki Tumenggung Mondaraka.

Kang den utus sri bupati

Dhumateng Nungsa Kambangan

Mundhut kang sekar wastane

Jayakusuma wus prapta

Sarakit kang puspita

Lajeng kunjuk sang aprabu

Langkung suka sri narendra.

Ngraos tuk nugraha jati

Sihing Suksmana jenengnya

Tanah Jawa sedayane

Wus kagem aneng ing asta

Suraosing wardaya

Kyai Pranataka wau

Dhateng kanjeng sri narendra.

Langkung kapracayeng westhi

Sang nata asru ngandika

Si Pranataka samengko

Ingsun junjung linggihira

Lan sun paringi nama

Iku arane Tumenggung

Sindureja aranira.

(LM-01)

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *