Prabu Bratana peputra gangsal, inggih punika: Raden Jaka Manguri, nama Prabu Anom, anggentosi ingkang Rama jumeneng nata wonten ing Majapahit, nama Prabu Brakumara. Dewi Pamedharsih, katrimakaken dhateng nangkoda saking Arab nama Syeh Ngabdurrahman, kajunjung nama Adipati Tejalaku, kaparingan nagari Tuban. Dewi Mundhingkuning, krama angsal ratu ing Bali.
Dewi Marikangen, krama angsal ratu ing nagari Banjarmas. Adipati Arya Kaneman, inggih Arya Prabu Anem.
Prabu Brakumara inggih Raden Manguri nata ing nagari Majapahit ingkang kaping II, garwa nama Dewi Dhindhing (ingkang rayi Arya Dhandang Siwaka punggawa ing Pejajaran). Prabu Brakumara peputra kalih, urut sepuh kados ing ngandhap punika: Dewi Wogan, krama angsal Prabu Tandriya, Ratu ing nagari Pengging. Raden Adaningkung, nama Arya Adiwijaya, jumeneng nata anggentosi ingkang rama, nama Prabu Brawijaya sapisan, nata ing Majapahit kaping III.
Prabu Brawijaya I nata ing Majapahit kaping III, garwa-nipun kalih, 1. Putri ing Tuban, 2. Putri ing Pengging. Prabu Brawijaya apeputra 4, inggih punika: Dewi Subasiti, nama Ratu Ayu. Dewi Sitasari, krama angsal Adipati Lembusura ing Surabaya. Raden Hayam Wuruk, nama Arya Partawijaya, jumeneng nata anggentosi ingkang rama nama Prabu Brawijaya II ing nagari Majapahit. Dewi Wuku, katrimakaken dhateng Adipati Arya Pamenang.
Prabu Brawijaya II inggih Prabu Hayam Wuruk nata ing Nagari Majapahit, garwa nama Dewi Panurun, peputra 2 inggih punika: Raden Putra, nama Arya Martawijaya ngalih nama Lembu Amisani, jumeneng nata anggentosi ingkang rama nama Prabu Brawijaya kaping III, nata ing nagari Majapahit. Raden Putri, katrimakaken angsal adipati Patih Demang Nular.
Prabu Brawijaya III, inggih Prabu Lembu Amisani nata ing nagari Majapahit, garwa nama Retna Panjawi Putraning Adipati Arya Lembusura ing Surabaya. Prabu Brawijaya peputra tiga inggih punika: Raden Siwaya, nama Arya Martawijaya, jumeneng nata anggentosi ingkang rama nama Prabu Bratanjung, ajejuluk Prabu Brawijaya kaping IV ing Majapahit. Raden Panulak, nama Arya Braminta, ngalih nama Arya Prabuwijaya. Dewi Paningron, katrimakaken angsal Arya Jajahan.
Sinuwun Prabu Brawijaya IV inggih Prabu Bratanjung, garwanipun kalih: 1. Dewi Tampen, putri ing Lumajang, 2. Dewi Mandhakini, boyongan saking Ternate. Prabu Brawijaya IV apeputra 5 inggih punika: Raden Alit, nama Arya Angkawijaya, jumeneng nata anggentosi ingkang rama, nama Brawijaya kaping V ing Majapahit.
Retna Bukasri, krama angsal Arya Bacuk, pulunanipun Dewi Mandhakini, lajeng kajunjung nama Arya Sutawijaya. Retna Mundri, krama angsal arya Bubaran, kajunjung nama Arya Pandaya. Retna Palupi, katrimakaken dhateng Jaka Sura putraning Empu Supa Mangdrangi, patutan saking Blambangan, Jaka Sura kajunjung nama Pangeran Sandhang Kanoman. Raden Pamekas, nama Raden Kuda Nawangsa, manjing Islam nama Pangeran Kandhuruwan.
Kanjeng Prabu Brawijaya V, Arya Angkawijaya inggih Raden Alit, nata ing nagari Majapahit kaping 7 pungkasan, garwa nama Ratu Andarawati, putri ing Cempa.
Ingkang Sinuwun Prabu Brawijaya V punika putra-nipun sadaya 117, urut sepuh kados pratelan ing ngandhap punika: Raden Jaka Dilah, nama Arya Damar, dados adipati wonten ing Palembang. Raden Jaka Pekik, nama Arya Jaranpanolih, dados adipati ing Sumenep, angerehaken Pakasan lan Balega.
Retna Pambayun, nama Ratu Ayu Handayaningrat, krama angsal Ratu Handayaningrat ing Pengging, putra Jaka Sangara trah Kyai Ageng Brodhot. Dewi Manik, krama angsal Arya Sumangsang Adipati ing Gegelang, punika anakipun Patih Cina, ingkang nama Sumana Macacu. Raden Jaka Peteng, nama Arya Lembupeteng, dados Adipati ing Madura Raden Jaka Maya, nama Arya Dewa Ketug dados Adipati Bali.
Raden Jaka Prabangkara, pinaringaken dhateng Kyai Sunggimudha, lajeng kabucal dhateng nagari Cina. Raden Jaka Krewek, dados Adipati Borneo, angerehaken Banjarmas. Banjarmasin.
Unyuk Raden Jaka Kretek, dados adipati wonten ing Makasar nama Arya Tarunaba. Raden Jaka Surenggana, seda wonten ing alun-alun Majapahit. Raden Jaka Sujanma, nama Pangeran Adipati Suralegawa ing Blambangan. Rotan Bintaro, krama angsal Tumenggung Singabarong, adipati Nungsabarong.
Raden Praba, nama Raden Kasan, jejuluk nama Raden Yusup, jejuluk malih nama Raden Patah, dados adipati ing Bintara Demak nama Senapati Jimbun, lajeng nama Panembahan Palembang.
Sareng jumeneng nata lajeng gantos asma: Sultan Sah Ngalam Akbar Sirollah Khalifatulrasul Amirul mukminin tajuddin Ngabdulkhamiduhak, karan Sultan Ngadil Suryangalam. Raden Bondan Kejawan, kaparingaken dhateng Kyai Buyut Mutahar ing Pasisir Ler, sawetanipun Pathi inggih Kyai Juru sawah.
Lajeng sareng diwasa kaparingaken dhateng Kyai Ageng Tarub I, inggih Sayid Kidang Tlangkas. Raden Bondhan Kejawan dipun elih nama Raden Jaka Lembupeteng dipun dhaupaken angsal putranipun estri nama Rara Nawangsih patutan saking Dewi Nawangwulan. Raden Lembupeteng wau anggentosi ingkang rama marasepuh lajeng nama Kyai Ageng Tarub kaping II.
Retna Kadhaton, seda ngendhat wonten ing Pengging. Retna Kasmala, nama Ratu Ayu Adipati ing Jepan.
Sasedanipun ingkang garwa, krama malih angsal Ajar Windusana ing Wukir Merbabu. Raden Jaka Mulya, pinaringaken dhateng Patih Gajahmada, dipun elih nama Raden Karolandheyan, dados bupati pangayun, nama Tumenggung Gajah Pramada. Retna Masaki, krama angsal juru paningrat ingkang tapa wonten ing wukir duk. Retna Marlangen, krama angsal adipati ing Loano. Retna Sataman, krama angsal Adipati ing Gowong, kaganjar nama Arya Jaranpanolih. Retna Satapan, krama angsal Arya Bangah, bupati Kedhutamping, Pengging.
Nama Raden Jaka Piturun, nama Raden Arak-kali, dados Adipati Panaraga nama Bathara Katong. Raden Gugur, sareng mukswa nama Suhunan Lawu Argapura. Retna Kanitren, krama angsal Seh Sabil, jinunjung nama Pangeran Arya Baribin, anggentosi Arya Baribin ing Madura. Retna Baniraras, krama angsal Arya Pekik, bupati ing Sukawati.
Panembahan Brawijaya Bondhan Surati, mani dikara mring Dewa, seda obong wonten ing sawar redi kidul.
Dewi Amba, krama angsal Arya Partaka. Dewi Kaniraras. Raden Ariwangsa, sabedhahing Majapahit adhedhekah wonten ing Pilang, lajeng nama Kyai Ageng Pilang.
Raden Arya Suwangsa, tapa wonten ing wit galinggang asem ing tanah Kedhu, lajeng nama Kyai Ageng Wotsinom, sumare ing Kedhu.Dewi Buka Sari, krama angsal Arya Bacuk. Raden Jaka Dhandhun, nama Raden Wangsaprana, sabedhahipun Majapahit, nyakabat dhateng Susuhunan Kalijaga, nama She Belabelu, sumare ing redi Mancingan pasisir kidul.
Dewi Mundri, krama angsal Arya Bubaran. Raden Jaka Sander, nama Raden Narangsasangka inggih Raden Nawangsangka. Raden Jaka Balot, nama Kidangsoka. Raden Jaka Barok, nama Raden Caranggangga. Raden Jaka Balora. Raden Jaka Balarong.
Dengan Raden Jaka Kakurih, nama Raden Pencangkringan. Dewi Campur. Raden Jaka Dhubrak, nama Raden Semawung, inggih nama Pangeran Petung Malaras, nerahaken Kyai Cakrajaya (Sunan Geseng Kredhetan). Raden Jaka Lapih, nama Raden Jaka Kandhuruwan. Raden Jaka Jadhug, nama Raden Milang Sumirang. Raden Jaka Balut, nama Kyai Ageng Megatsari, inggih Kyai Ageng Angir I.
Raden Jaka Lanang, nama Raden Banyak Bakung, dados dhalang, sumare wonten ing Sela Andha, tanah Mentaok , sapunika kampung Sasrakusuman, wingking Kepatihan Kadanurejan Ngayogyakarta. Raden Jaka Wuri. Dewi Sekati. Raden Jaka Tuwa, nama Raden Banyakwulan. Raden Jaka Maluwa, nama Raden Banyakmodang. Raden Jaka Lancing, nama Raden Banyakpatra, nama arya Surengbala, Panembahan Maduretna, nerahaken Kyai Aden ing Gesikan Bagelen.
Dewi Rantan. Raden Jaka Jancre. Raden Jaka Semprung, Raden Tepas, inggih ingkang kagungan klangenan baya, adhedhekah wonten ing Brodhot. Raden Jaka Gambyong. Raden Jaka Lebese, nama Raden Pecatandha. Raden Jaka Umyang, nama Arya Tiron. Raden Jaka Sesirih, nama Raden Andhamohing.
Sedang Raden Jaka Dhoyok, Raden Manguri, seda wana dalem. Dewi Maniwen. Raden Jaka Tambak. Raden Lawu, nama Raden Paningron. Raden Jaka Dhorong, nama Raden Atasingron. Raden Jaka Baladho, nama Raden Baratkatiga ing Dakresa, Pedhan Surakarta.
Juga Raden Jaka Baladhur, nama Raden Tawangalun. Raden Jaka Gurit. Raden Jaka Bolang, nama Raden Tarekbolang. Raden Jaka Lengis, nama Raden Jejetan. Raden Jaka Guntur. Raden Jaka Malat, nama Raden Panjangjiwa. Raden Jaka Morang, nama Raden Pulangjiwa. Raden Jaka Jothang, nama Raden Sidamadu. Raden Jaka Karawu, nama Raden Macanpura.
Raden Jaka Pangalasan, seda karencana dening lelembat wonten ing wana. Raden Jaka Dhandher, ndherek ingkang raka She Belabelu, nama Kyai Gagangaking, nunggil sak cungkup wonten ing redi Mancingan pasisir kidul.
Hidupnya Raden Jaka Jinggring, nama Raden Narawita, tapa wonten ing redi Braja Banjarnegara. Rade Jaka Arya. Raden Jaka Pamekas. Raden Jaka Krendha, nama Arya Panulahar, sumare wonten ing redi Grenggeng. Dewi Kentring Manik. Raden Jaka Salembar, nama Raden Panangkilan, sumare Ketandhan ngajeng Kepatihan Ngayojakarta. Dewi Palupi. Raden Jaka Tangkeban, nama Raden Wanengwulan. Raden Kuda Narawangsa. Raden
Jaka Taburu, nama Raden Jaka Pesingsingan.
Lalu Raden Jaka Buras, nama Raden Palingsingan. Raden Jaka Lambang, nama Raden Astracapa, inggih Kyai Ageng Wanapala. Nerahaken, 1. Kyai Wanapeksa, nama Seh Mojagung, sumare Kintelan wetan beteng Ngayojakarta. Raden Jaka Lemburu, nama Raden Ketawengan. Raden Jaka Dhoplang, nama Raden Jaka Yudasara. Raden Jaka Nara, nama Raden Sawunggaling.
Generasi Raden Jaka Panekti, nama Raden Tawangsari. Raden Jaka Panatas, nama Raden Panurta. Raden Jaka Raras, nama Raden Lokananta. Raden Jaka Gathot, nama Raden Balacuri. Raden Jaka Badhur, nama Raden Saragadhing. Raden Jaka Susena, nama Raden Kanitren. Raden Jaka Wirun, nama Raden Sarasida.
Diteruskan Raden Jaka Ketug, nama Raden Lebaksiyu. Raden Jaka Dalem, nama Raden Gagalpranala. Raden Jaka Suwarna, nama Raden Tanengkung. Dewi Rasur, krama angsal Adipati Nanggungan. Raden Jaka Suwanda, nama Raden Jaka Lelana. Raden Jaka Suwena, nama Arya Lembu Narada. Raden Jaka Buras, nama Raden Andangkara.
Adapun Raden Jaka Pangawe, nama Raden Singguntara. Raden Jaka Suwana, nama Raden Tembayat. Raden Jaka Kapyuk, nama Raden Maliwak, inggih nama Kyai Ageng Pacungan.
Berambung Raden Jaka Bodho, sabedhahing nagari Majapahit lajeng nyekabat dhateng Sunan Tembayat, sinung prenah wonten ing Majasta. Raden Jaka Wadhak, sabedhahing nagari Majapahit lajeng nyekbat dhateng suhunan Tembayat.
Lantas Raden Jaka Wajak, kagadhuhaken dhateng Kyai Wujil, katelah nama Raden Jaka Wujil, sabedhahipun nagari Majapahit lajeng nyekabat sunan Tembayat, sinung nama Seh Sabukjanur. Raden Jaka Blawo, sabedhahing Majapahit, nyekabat Sunan Tembayat sinung nama Seh Sekar Dalima. Raden Jaka Sengara, nama Arya Pengayat, inggih Kyai Ageng Ngepring. Raden Jaka Suweda. Raden Jaka Balabur. Raden Jaka Taningkung. Dewi Kanitren.
Raden Jaka Sander. Raden Jaka Dholog, sabedhahing Majapahit lajeng tapa wonten ing sapinggiring lepen Progo, nama Resi Bagna, nyekabat dhateng Sunan Tembayat, pinernahaken wonten ing Jatinom, nama Kyai Ageng Tinom, bawah Klaten Surakarta. Sudah sepantasnya para leluhur itu dijadikan sebagai suri teladan bagi generasi masa kini. Nak tumanak run tumurun.
(LM-01)

