Sejarah Pangeran Sambernyawa

Putradalem: BRAy PA Hadiwijoyo I ing Surakarta. Ramadalem putranipun RMTH Kusumodiningrat. Mantudalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun PB III. KPA Gusti IV punika wayahdalem K Gusti II, sarta Buyutdalem Hingkang Sinuhun PB III. Utawi buyutdalem KPH Hadiwijoyo Kartasura, seda ing Kali Abu. Naksederek kaliyan K Gusti III, sami saking Padmi mijil Sindurejan.

 

Asma timur RM Sudiro. Wiyosandalem: Malem Akat Legi jam 11 dalu. 1 Sapar Jimakir Windu Sancaya 1736. Wonten dalem Hadiwijayan. Supitdalem yuswa 13 warsa.

 

Yuswa 22 tahun dipun pikramakaken putrinipun KPA Suryomataram. Ing dinten Sabtu Paing 20 Rejeb Dal 1759. Asma RMA Gondokusumo. Nalika peputra satunggal nyarengi suruddalem KG II. Kagentosan wayah KGPAA Mangkunegara III.

 

RM Gondokusumo nate nindakaken padamelan Patih, ngrangkep Kapiten Ajudan. Salajengipun dados Mayor infantri Legiun. Hanyarengi putra angka 14 garwa seda sareng lan kang putra Kawisuda dados KPA Gondokusumo. Ing dinten Akat Pon 8 Rejeb Jimakir Windu Hadi 1778 Masei 17 Mei 1850.

 

Sasedanipun KG Mangkunegara III, KPA Gondokusumo hanggentosi keprabon. Asma KGPAA Prabu Prangwadono. Luit Kol. Nuju dinten Jumuah Wage 14 Jumadilakir Jimawal 1781 Masei 24 Maret 1853, yuswa 43 warsa. Nalika krama dhaup kaliyan putrinipun KG III ingkang pambajeng saking Padmi putri Suryomijayan nyarengin dinten Selasa Wage 15 Ruwah Jimawal Windu Kuntara 1781. Garwadalem yuswa 23 tahun.

 

Lajeng peputra lumintu ngantos 13. Katetepaken dados Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario Mangkunegara IV. Kol Comm Nuju dinten Rebo Kliwon 27 Sura Jimakir Windu Kuntara 1786. Kekancingan katitimangsa 16-8-1857. Yuswadalem sampun 48. Mundhut garwa pawingking putri tilaranipun KPA Nataningrat. Peputra kakung setunggal, asma KPA Nataningrat.

 

Suruddalem: Jumuah Paing 8 Sawal Jimakir Windu Hadi 1810 Masei 2-9-1881. Dumugi yuswa 72 warsa. Jumenengdalem 23 warsa. Sinengkalan: Muksa Nunggal Hesthining Janma. Layon kasarekaken Pasarean Girilayu. Putra-putri dalem wonten 32.

 

1. KPA Gondokusumo II gantos KPH Hadiwijoyo IV.

 

2. BRAy Tondhokusumo

 

3. BRM Sungkawa seda timur

 

4. BPA Gondosuputro

 

5. BPA Gondosewoyo.

 

6. BPA Gondowijoyo

 

7. BRAj Pareng, seda timur

 

8. BPA Gondosisworo

 

9. BRA Condronegoro Bupati Brebes

 

10. KPA Gondoatmojo Maj Caval

 

11. BRM Suroyo, seda timur

 

12. BRAj Sepinah, seda timur

 

13. BPH Gondosebroto, sedo

 

14. BRM Sutadi, seda timur

 

15. Putri seda sareng ingkang ibu.

 

16. BRAy Suryoputra.

 

17. BRAj Suryohudoyo

 

18. BRAy Harjosugondo garwa Bupati Banyuwangi

 

19. BPA Prabu Sudibyo, seda timur

 

20. BRM Sunita KGPAA Mangkunegara V.

 

21. Putra kakung mios seda

 

22. KPA Dayaningrat KGPAA MN VI.

 

23. Putra seda timur

 

24. KPH Handoyonoto

 

25. KPA nDoyokusumo

 

26. BRAy Prabuwijoyo, garwa putradalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun PB IX.

 

27. GKR Paku Buwana X, garwadalem Sampeyandalem Hingkang Minulya saha Wicaksana PB X.

 

28. Putra kakung mios seda

 

29. KPA Doyoseputra, lajeng seda

 

30. BRAj Suprapti, seda timur.

 

31. KPA Doyokisworo.

 

32. KPA Nataningrat.

Para garwa tuwin ampildalem sadaya

1. Garwa RAy PA Gondokusumo.

2. Garwa KBRAy Adipati Arya Mangkunegara IV

3. Garwa pawingking RAy Nataningrum

4. Ampil MAj Wiknyodiwati

5. Ampil MAj Sutowati

6. Ampil MAj Banowati.

Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV lahir pada tanggal 1 Sapar tahun Jimakir 1738 Çaka atau 1811 Masehi. Nama kecilnya adalah Raden Mas Sudiro (Kamajaya, 1992: 2). Pada usia 10 tahun beliau dititipkan pada saudara sepupunya, KGPAA Mangkunegara III. Raden Mas Sudira diberi nama baru yaitu RMA Gandakusuma.

Karya tulis KGPAA Mangkunegara IV menurut Kamajaya (1992) di antaranya:

Serat Wedhatama, Sendhon Langen Swara, Babad Wanagiri, Babad Giripura, Babad Tegalganda, Babad Tasikmadu, Babad Ngalamat, Babad Serenan, Werdining Bangsal Tosan, Bendungan Tambak Agung, Bendungan Tirtaswara, Srika-ton Tawangmangu, Nyanjata Sangsam, Wanagiri Prangwadanan, Werdining Pandel Mangkunegaran, Pasanggrahan Langenharja.

Piwulang Warayagnya, Piwulang Wirawiyata, Piwulang Sriyatna, Piwulang Nayakawara, Piwulang Paliatma, Piwulang Salokatama, Piwulang Darmawasita, Piwulang Salokantara, Serat Tripama, Serat Yogatama, Serat Paraminta, Serat Paliwara, Serat Pariwara, Rerepen Manuhara, Pralambang Rara Kenya, Pralambang Kenya Cendhala, Jaka Lala, Prayangkara, Prayasmara, Rerepen.

Reriptan lain Dhalang, Namining Ringgit Semarang, Sendhon Langen Swara, Sekar Ageng Citramengeng, Langen Gita, Sekar Ageng Kumudasmara, Gendhing Walagita, Sekar Ageng Pamularsih, Gendhing Rajaswala, Sekar Ageng Kusumastuti, Sita Mardawa, Sekar Ageng Mintajiwa, Gendhing Puspawarna, Sekar Tengahan Palungon, Gendhing Puspanjala, Sekar Tengahan Pranasmara, Gendhing Tarupala, Sekar Tengahan Pangajabsih, Gendhing Puspa Giwang, Kinanthi Sekar Gadhung, Gendhing Lebdasari, Sekar Sari Gadhing, dan Ladrang Manis Widara Kuning.

Mangkunegara IV menerangkan konsep ontologi, epistemologi, dan aksiologi yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan sebagai berikut:

Ngelmu iku kalakone kanthi laku,

lekase lawan kas,

tegese kas nyantosani,

setya budya pangekese dur angkara.

Angkara gung neng angga anggung gumulung,

gegolonganira,

triloka lekere kongsi,

yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun,

semune ngaksama,

sasamane bangsa sisip,

sarwa sareh saking mardi martatama.

Taman limut durgameng tyas kang weh limput,

kerem ing karamat,

karana karoban ing sih,

sihing sukma ngrebda sahardi gengira.

Yeku patut tinulad tulad tinurut,

sapituduhira,

aja kaya zaman mangkin,

keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna.

Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu,

yen kabul kabuka,

ing drajad kajating urip,

kaya kang wus winahya sekar srinata.

Basa ngelmu mupakate lan panemu,

pasahe lan tapa,

yen satriya tanah Jawi,

kuna kuna kang ginilut tripakara.

Lila lamun kelangan nora gegetun,

trima yen ketaman,

sakserik sameng dumadi,

tri legawa nalangsa srah ing Bathara.

(pupuh Pucung, pada 1-8)

Terjemahan:

Ilmu itu terwujud dengan laku,

dimulai dengan kemauan

kemauan membuat sentosa,

budi setia penghancur nafsu angkara.

Angkara besar di dalam diri selalu berkumpul

dengan kelompok nafsu,

menguasai tiga dunia,

bila dibiarkan berkembang menjadi bahaya.

Lain dengan yang gemar kepada rokhaniah,

nampak selalu mengampuni,

segala kesalahan,

bersikap sabar karena berbudi baik.

Dalam sepi hati jahat yang menguasai

tenggelam karena rahmat,

sebab dikuasai cinta kasih,

kasih suksma segunung besarnya.

Itulah yang pantas diikuti petunjuknya,

jangan seperti zaman sekarang,

banyak anak muda

mengagungkan rapal dan mantera.

Asal benar dalam meningkatkan pikiran,

bila terkabul terbukalah

dalam derajat keinginan hidup,

seperti diutarakan tembang sinom tadi.

Namanya ilmu cocoknya dengan pendapat,

berhasilnya dengan bertapa,

bagi satria Jawa,

dahulu yang menjadi pegangan tiga hal.

Rela apabila kehilangan tidak kecewa,

menerima bila mendapat cobaan

yang menyakitkan hati ikhlas, menyerahkan kepada Tuhan.

Laku dalam arti ini dilakukan pula pada waktu orang menginjak usia tua dalam menghadapi dan mencari sampurnaning pati.

Contoh yang digemari sekali oleh orang Jawa tentang laku ini adalah usaha dan perjalanan yang dilakukan Harya Bratasena yang dengan mempertaruhkan jiwa raganya dengan patuh menjalankan perintah gurunya Sang Hyang Drona untuk kemudian menemukan dirinya sendiri dalam Lakon Dewaruci.

Ngelmu dan laku merupakan sesuatu rangkaian yang mutlak dan hal ini dinyatakan di dalam bait yang terkenal di dalam bentuk tembang Pucung, termuat dalam Serat Wedhatama (Moertono, 1984: 162).

KGPAA Mangkunegara IV wafat dalam usia 72 tahun, tepatnya tahun 1810 Jawa atau 1880 Masehi, dengan meninggakan 11 putra-putri (Kamajaya, 1992: 8).

Karya-karya Mangkunegara IV hingga sekarang masih menyebar dan berakar kuat di lingkungan kebudayaan Jawa. Sastra mistik yang terkenal di lingkungan budaya Jawa adalah Serat Wedhatama karya Mangkunegara IV. Dari garis keturunan Mangkunegara III silsilah Ir. GKRAy. Hj. Setianingsih Moerwengdiyah SPd dapat disusun sebagai berikut:

Oleh karena eyang kakung dari trah Mangkunegara II sedang eyang putri dari Mangkunegara III & Mangkunegara IV maka dalam Paguyuban Suryo Sumirat: a) Turut perwakilan Mangkunegara II (Wien, Kun Sugianto, Jl. Bondowoso 10). b) Turut perwakilan Mangkunegara III (Pak Aryo Darmoko, Jl. Bondowoso 3 – 4). Budhe Is canggah Mangkunegara II dari eyang kakung, buyut Mangkunegara III dan IV dari eyang putri (Rumah eyang Kol. Gondoseputro di Wetan Puro Mangkunegaran).

E. Paugeran Pura Mangkunegaran.

Uruting Papangkatan tuwin sesebutanipun putra santana darah Mangkunegaran. Urutaning papangkatan dan sesebutane putra dalem Kanjeng Gusti, iku katamtokake kaya kang kapratelakake kaya ing ngisor iki:

1. Kang saka garwa padmi

a. kang lanang yen durung diwasa kaparingan sesebutan Gusti Raden Mas, yen wis diwasa Kanjeng Pangeran Arya.

b. Kang wadon, yen durung krama kaparingan sesebut-an Gusti Raden Ajeng, yen wis krama Gusti Raden Ayu.

2. Kang saka ampeyan:

a. Kang lanang yen durung diwasa kaparingan sesebut-an Bandara Raden Mas, yen wis diwasa Kanjeng Raden Mas Arya.

b. Kang wadon, yen durung krama kaparingan sesebut-an Bandara Raden Ajeng, yen wis krama Bandara Raden Ayu.

3. Santana Dalem Wayah, Buyut lan Canggah kang saka garwa padmi utawa ampeyan, kalayan ora mawa mbedakake saka pancer lanang utawa saka pancer wadon, iku sesebutane padha bae yaiku:

a. kang lanang: Raden Mas

b. kang wadon: Raden Ajeng, yen wis laki Raden Ayu

4. Anake santana dalem canggah run-tumurun:

a. kang saka pancer lanang nganti sabanjure

b. kang saka pancer wadon mung diwatesi nganti turun 6 (udeg-udeg) bae, iku padha kawenangake nganggo sesebutan utwa kaparengake sinebut Raden (kang wadon: Raden Rara, yen wis omah-omah: Raden Nganten).

5. Santana dalem lan anak turune santana dalem, manawa kagawa saka anggone lumaku gawe ana ing praja Mangkunegaran, oleh pangkating Kapriyayen Rangga tumeka Tumenggung (Rangga, Demang, Ngabehi, Tumenggung), utawa Luitenant tumekane Luitenant kolonel (Panji), iku apa sesebutane pangkating kapriyayen mau kaparengake dirangkep karo apa sesebutane santana dalem utawa anak-turune mau.

Werdining Sesebutan Sawatawis

Susuhunan : saking suhun = pundi, Anuhun = mumundi. Susuhunan = pepundhen

Sultan : saking tembung Arab Soltan

Panembahan : saking sembah = ngabekti

Pangeran : saking angher = ngentosi. Pangeran = tiyang ingkang dipun entosi.

Ratu : saking Tu = tuan, mawi ater-ater: ra. Ratu = raja utawi prameswari

Mas : bangsaning pelikan ingkang sae. Utawi saking mahatmasa = mahasa = ageng.

Adipati : adi = langkung, sing punjul dhewe. Pati = sing kuwasa utawa ratu.

Tumenggung : saking: ratu sarta manggung. Tumenggung = lestari

Arya : namaning bangsa luhur ing Hindustan. Teges-ipun dados tiyang ingkang dipun luhuraken.

Panji : tiyang ingkang linangkung utawi bandera

Ngabehi : saking tembung: kabeh. Ngabehi = dados ingkang nguwaosi sadaya.

Rangga : saking: wirangga = pengageng

Gusti : krama inggilipun bandara = ingkang kuwaos

Kanjeng : saking: jeng = suku. Kanjeng = suku panjenengan

Kyai : limrahipun dados sesebutanipun guru ngaji utwi guru ahli kebatosan.

Tuwan : saking: tuwa = sepuh. Tuwan = dados ingkang nyepuhi utawi nguwaosi.

Bagus : sesebutanipun tiyang jaler

Tubagus : saking: ratu kaliyan bagus. Tubagus = raja ingkang sae rupinipun.

Enthol : mligi kangge sesebutanipun tedhak turunipun Ki Joh, inggih punika sakabatipun Maulana Hasanudin (Sultan ing Banten).

Tunggulipun ingkang ingkang dados sakabat inggih punika Ki Jong. Nanging turunipun Ki Joh sami ngangge sese-butan Mas. Miturut pernah titel Mas langkung inggil tinimbang Enthol, jalaran Ki Joh wau langkung sepuh tinimbang Ki Jong.

Sareng wayahipun Raden Gugur Paganjur ingkang nama Raden Ajeng Mahol nyakabat dhateng Maulana Hasanudin tumut ngradinaken agami Islam wonten ing tlatah Banten sisih kidul, tuwin katrimah anggenipun nyambutdamel, lajeng dipun paringi ganjaran dening sultan Banten, inggih punika turun maturun kenging ngangge sesebutan Enthol.

Kanduruhan : sesebutan punika ngemungaken ganjaran saking agenging lelabetan tuwin setyaning ngawula.

Rangga : saking Warangga = pengageng. Punika inggih sesebutan ganjaran saking pamarentah kados dene kanduruhan kasebut ing ngajeng.

Tegesipun Satriya. Sinten ingkang ngangge sesebutan Pangeran, Arya, Raden Mas utawi Raden, punika dipun wastani Satriya. Tegesipun satriya, rembesing madu, trahing andana warih, tedhaking ngatapa, giri saptarengga, sang bagawan Abi-yasa, inggih Kresna Dipayana.

Tembung satriya saking tembung sad = 6, tri = 3, gunggungipun dadis 6 + 3 = 9. Satriya makaten watakipun kedah ngagem 9 prakawis, dene manawi boten saged netepi nama dede satriya.

1. Kedah sumerep dhateng sastra. Tegesipun manawi ngandika (wicara) mboten gonyak-ganyuk angling-semi.

2. Kados wanodya. Tegesipun luwes, manis angresep-aken.

3. Sumerep tangguhing curiga. Tegesipun sujana, landhep ing panggrahita (penggalih).

4. Ingkang wignyen turanggi. Tegesipun saged ngetrapaken damel.

5. Sumerep dhateng gendhing. Tegesipun laras sapari-polahipun.

6. Sat. tegesipun sar sabarang damel.

7. Sapta. Tegesipun njlimet panggalihipun.

8. Asta. Tegesipun memet penggalihipun.

9. Nawa. Tegesipun nyamut-nyamut kaping 9. Sampun mangertos dhateng nukat gaib, witing wonten wus waskita, witing boten wus udani.

Salasilah KGPAA Mangkunegara I sesuai dengan tata urutan tradisi.

Turun I Putra : Kanjeng Pangeran Arya

Turun II Wayah : Raden Ayu ……………….

Turun III Buyut : Raden Mas ……………….

Turun IV Canggah : Raden Mas Ngabehi …..

Turun V Wareng : Raden Ngabehi ………….

Turun VI Udeg-udeg : Raden Rangga …………..

Turun VII Gatung siwur : Raden ………………………

Turun VIII Gropak senthe : ……………………………………

Turun IX Debog bosok :

Turun X Galih asem.

Merunut sejarah leluhur memang perlu. Supaya tidak kepaten obor. Ngungak jaman kang wus kawuri.

 

Pangeran Sambernyawa punya wejangan Tri darma.

Rumangsa melu handarbeni,

Rumangsa wajib hangrungkebi,

Mulat sarira hangrasa wani.

Segenap trah Mangkunegaran hendaknya menghayati ajaran luhur. Ajaran ini diterapkan oleh Presiden Soeharto selama memimpin Indonesia tahun 1967 – 1998. Jaman Orde Baru Indonesia mengalami masa murah sandang pangan papan.

(LM-01)

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *