Wayang Thimlong Nganjuk

Desa kutha ing Nganjuk,
Sawah tegal saben dina pethuk,
Gunung renteng gunung pandhan gunung Wilis,
Kali brantas brumbung badhug,
Wus kondang wisata praon.

Sarapan aneng Nganjuk.
Sega pecel lawuh peyek krupuk.
Jajan pasar jongkong cucur dumbleg cenil.
Ondhe ondhe tempe tahu.
Jangan asem jangan bobor.

Budaya adi luhung,
Karawitan pedahalangan agung,
Tayub kledhek jaran kepang edi peni,
Seni tumangkar ing Nganjuk,
Maweh ayem lahir batos.

C. Nganjuk Mranani.

Kutha cilik sangisore gunung Wilis,
Iku pantes dadi pacangkramaning pra turis,
Yo kanca ing Sedhudha,
Ing perenging arga,
Lelumban lan byur byuran,
Weh bagasing raga,
Rampung njajan nginep ing pesanggrahan,
Wis mesthi kepranan nyawang kaendahan,
Ja lali ja keri kutha Nganjuk mranani.

Kali Bening sakperenge gunung Pandhan,
Iku dadi proyek kacukupan sandhang pangan,
Ngocori sabin sabin saeloring kutha,
Mesthi agawe pengin,
Wong sing padha teka,
Sumur kompor ing ngendi endi ana,
Tandur tandur subur bisa gawe makmur,
Ja lali ja keri kutha Nganjuk ngenteni.

Kabudayan kesenian pancen nyata,
Iku dadi pikukuh kaprobadening bangsa,
Kerawitan pedhalangan beksa olahraga,
Candi Ngetos wis nyata peninggalan kuna,
Pembangunan kuncara liyan praja,
Rerenggane kutha wis sarwa tumata,
Ja lali ja keri kutha Nganjuk nggon seni.

D. Memetri Budaya Adi Luhung.

Murih gancaring olah kagunan seni, wong Grogol Mojorembun Rejoso Nganjuk uga ndherek gladhen. Jenenge Purwadi. Ibarat timun wungkuk jaga imbuh. Melu udhu bahu suku lan panemu.

Wiwit tahun 1979 meguru karawitan marang Ki Hardjo Sukondho. Misuwur kasebut Tarimin Unuk. Banjur tahun 1984 mersudi tembang gendhing ing Talang Rejoso marang Ki Djianto. Loro loroning dhalang lsn pengrawit kang mumpuni.

Gambyong tayub sinau marang Ki Karen Wibisono tahun 1988. Pangarsa Paguyuban Seni Karawitan Puspo Laras. Kerep pentas ing Mlaten, Sonopatik, Brebek. Umume didhawuhi nggelar seni langen tayub ing kidul dalan sepur.

Tahun 1995 sinau pedhalangan marang Ki Panut Darmoko. Suluk, sanggit, sabet, ada ada, dhodhogan dipersudi kanthi permati. Ki Panut Darmoko dalang pakem saka Ploso. Pensiunan guru SPG lan alumni Konservatori Karawitan Surakarta tahun 1951.

Ngangsu bab gerongan karo Nyi Triyanti ing Begadung tahun 2004. Malah ajar gelaring seni kentrung kanthi lakon Joko Tarub. Garwa kinasih Mas Eko Suseno, dalang kang swarane gandem gandhang arum. Lenggah ing kelurahan Kedhungdandang.

Ndherek sinau ing Sanggar Lokantara Sanggrahan Kedondong Bagor Nganjuk. Ibu Ida Srimurtini asal Musir mandhegani budaya adi luhung. Kanthi sesanti: ilmu iku kelakone kanthi laku.

(LM-01)

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *