Wondene Dr KPH Wirobhumi SH MM paring sabdatama. Warga Pakasa Nganjuk tambah gumreget gumregut gumregah. Kanthi pangajab budaya sangsaya ngrembaka ing nusantara.
Abdi dalem kang kaparingan ganjaran pangkat lan sesebatan pikantuk bebungah agung. Ibarat kebanjiran segara madu, kejugrugan gunung sari. Gembira amarwata suta. Katon sumringah bombong ing galih.
Kakung putri ngagem busana Jawa jangkep genep genah. Kakung bebedan, blangkonan, beskap, sabuk epek, sabuk wala, samir, bros radya laksana, slop. Gagah merbawani. Dene priyayi putri ngagem kebaya ireng, sanggul, nyamping. Ing sajuru juru sarwa gumebyar.
Swara gendhing ngumandhang ing awang awang. Ladrang wilujeng kanthi pangajab padha nemu wilujeng slamet. Gendhing monggang mahargya pangageng lan sentana Kraton Surakarta Hadiningrat. Swasana dadi agung ngrembuyung.
Pahargyan kapurwakan kanthi olah gelaring tari gambyong mari kangen. Kendhangane sigrak, iramane gumyak, kepireng kepenak, kang rawuh tambah jenak, dhasar suguhane enak. Kena diarani mat matan. Paraga tari isih nempuh pasinaon SMA. Solah bawane gandhes luwes merak ati.
Kepareng ngestreni kadang Pakasa Kediri, Trenggalek, Sragen, Tulungagung. Saking guyube kabeh kadhapuk dadi among tamu. Iki sing diarani guyub rukun. Papan ing Jl Semeru Sanggrahan Kedondong Bagor Nganjuk nyathet sejarah kang misuwur. Pak Camat lan Pak Kapolsek Bagor kersa ndherek mangayu bagya. Iki sing diarani manunggaling jawula Gusti.
Kawula kang kaganjar pangkat lan sesebatan diparingi serat Kekancingan. Tumuli dikalungi samir dening KGPH Mangkubumi, Pangeran Pati. Putra Sinuwun Paku Buwana XIV pancen bagus alus besus.
Kembul bujana andrawina. Tumpeng wilujengan dilorot. Padha ngalap berkah. Sega golong, jajan pasar, jenang abang. Tandha kehing sengkala padha sumingkir. Donga pamuji murih sami basuki lestari.
Pasugatan dhahar ngunjuk watara jam 13. Nedheng nedhenging dhahar siang. Eca mirasa. Maneka dhaharan cumawis. Maneka unjukan cumepak. Pasugatan pinilih gawe renaning penggalih.
Tedhak sungging gambar foto, dokumentasi rekaman video. Katata pacak baris. Disawang ketok manis patitis. Mesem ngguyu medharke anteb marem ing kalbu.
Gunung Wilis sisih kidul. Gunung pandhan sisih lor. Kutha Nganjuk jeneng beja kemayangan. Tedhaking pangageng Karaton Surakarta Hadiningrat mimbuhi asrining kahanan. Kang kaajab bumi Nganjuk tambah panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.
Para abdi dalem Karaton Surakarta Hadiningrat pang Nganjuk netepi gawa gawe kang wus dadi kewajiban. Kanthi sesanti rum kuncaraning bangsa dumunung ing luhuring budaya.
