Tetepan Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Pang Nganjuk

Liputan KOLOM365 views

Dening Dr Purwadi M.Hum. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp 087864404347

A. Abdi Dalem Pakasa

Pakasa iku ringkesan saka ukara Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Hadiningrat. Dumadi wiwit tanggal 29 Nopember 1931. Kang yasa Sinuwun Paku Buwana X, narendra gung binathara kang ngasta tahun 1893-1939.

Saiki abdi dalem Pakasa samebar saindhenging jagad. Pakasa Punjer mbawahi Pakasa kang tuwuh ing sadhengah papan. Upamane tlatah Sukoharjo, Boyolali, Surakarta, Karanganyar, Wonogiri, Sragen, Klaten. Daerah mau katelah Subosuko Wonosraten.

Ing dina Minggu, 16 Januari sejarah Pakasa lumaku gancar lancar. Tetepan lan wisuda Abdi dalem Karaton Surakarta Hadiningrat pang Nganjuk. Ing Kedondong Bagor Nganjuk Pakasa dipandhegani KRAT Sukoco Madunagoro S.Pd MM.

Liputan JUGA  Sejarah Kabupaten Purworejo

Titi laksana hadicara karumpaka kanthi titi permati. Kareben Pahargyan ageng mimbuhi kawibawan kawidadan kabagyan sarta kamulyan.

1 Pambuko di iringi lagu Indonesia Raya.
2 Pasugatan Tari Gambyong
3. Kirab Tumpeng lan wilujengan ( Gending ladrang wilujeng )
4. Doa.
5. Pambagio Harjo Pakasa Nganjuk
6. Sabdatomo Bupati ingkang mewakili.
7. Sumene / Istirahat
8. Dawuh pangandikan saking Ketua Lembaga Dewan Adat Drs. GKR Koesmurtiyah Wadansari. M.Pd utawi Pangageng Sasono Wilopo Keraton Surakarta Hadiningrat.
9. Serah pinampi ganjaran pangkat lan
sesebatan.
10. Wejangan Pakasa Punjer DR . KPH Wirobumi. SH
11. Tetepan Pakasa Pang Nganjuk
12. Monosuko
13. Penutup.

Sedina sakdurunge, yaiku tanggal 15 Januari KMAT Srimurtini Madusari SE MM nyamektakake ubarampe pahargyan. Wiwit gladhen gamelan, karawitan, gendhing, tari. Paraga kang ngayahi wajib alumni SMKI, ISI Surakarta, siswa SMEA lan SMA. Ditambah pengrawit kang mumpuni.

Liputan JUGA  Mbak Kahiyang Ayu Bobby Nasution Dalam Sejarah Wanita Jawa

Rerenggan ditata endah edi peni. Pasugatan dhahar ngunjuk kang edi mirasa. Kabeh wis siaga ing gati, sawega ing dhiri.

B. Titi Laksana Hadicara Kepyakan

Dina Minggu 16 Januari 2022 nama wigati. Abdi dalem Karaton Surakarta Hadiningrat pang Nganjuk ngadani upacara wisuda srah tinampen pangkat lan sesebatan.

Kepareng rawuh Dra GKR Wandansari Koes Murtiyah M.Pd. Panjenengan dalem putri Sri Susuhunan Paku Buwana XII. Ngasta ketua Lembaga Dewan Adat lan Pengageng Sasana Wilapa. Tedhak ing bumi Nganjuk ibarat pangarsa Kahyangan Junggring Salaka arsa ngedum kabagyan ing madyapada. Saknalika tanah Nganjuk dadi subur makmur, tebih saka coba bilahi. Kang ana mung urip ayem tentrem.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *