KH Mahmud: Aja Ngganggu Rejekine Wong Liyo, Kuwi Wis Ana Sing Ngatur

Pacitan,Liputan 68.com-“Saben uwong wis nduweni rejeki dhewe-dhewe. Aja nganti awake dhewe nyoba-nyoba motong utawa ngalang-alangi rejekine wong liyo, amarga Allah bisa murka.” Mangkono piwelingipun KH Mahmud, pendakwah ingkang ugi njabat dados Inspektur Inspektorat Pacitan, Sabtu (21/2/2026).

KH Mahmud negesaken bilih rejeki sampun dipun atur dening Allah SWT. Manungsa namung saged ngupadi kanthi cara ingkang sae, jujur, lan mboten nglanggar paugeran agama. Miturut piyambakipun, tumindak sengaja ngalangi usaha utawi rejekine tiyang sanes saged ndadosaken dosa lan murkane Gusti Allah.

“Urip punika kedah kebak rasa syukur lan nrima. Yen wonten tiyang sanes pikantuk rejeki langkung, aja meri lan aja sengit. Nanging kedah dados panyemangat supados awake dhewe langkung sregep lan istiqamah,” ngendikanipun.

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *