Sejarah Kabupaten Blora

Ywa supe dipretenana, tumpeng sakilan nggilipun, wiyar sapecak pleng namung, sawontene ulam-ulam, dupa sekar cam-purbawur, picis patang ketheng wetah, yen tan makaten saestu.

Mindhak krep ngumpetken bocah, iya atut panjalukmu, daktuturane kang pungkur, Kalabanjar wus umesat, Kalaencer sowan matur, Kalsencer namakula, manggen prapatan delang-gung.

Dipertenana wakingwang, tumpeng sapecak nggillipun, kang sakilan wiyaripun, lawuh ulam gegorengan, ulam gego-dhogan namung, jajanganan kembang gantal, dupa picis ketheng wolu.
Yen boten makaten apan, kula mindhak asring mbesur, jeng-gleng tyang numpak kudhestu, iya ing panuwunira, daktuturana kang pungkur, Kalaencer sampun mesat, Kalajathok majeng matur.

Kalajathok nama-amba, manggen ing watoning salu, menek gelem nyanak ulun, saben-saben mentas nedha, watoning amben puniku, nggih kadekekana upa, mung kalih sisih thil namung.

Kang ajeg hya kongsi kendhat, yen wonten wisa puniku, saking jawi asalipun, amba sagah mangsulena, iya Jathok panyu-wunmu, daktuturane kang wuntat, kang sinung ling sampun mundur.

Kalajangkung mareg nembah, amba nama Kalajangkung, manggen ulon-ulon-ulun, kang dados panyuwunamba, yen te-men panyanakipun, saben tilem myang tileman, sampun sok idu mandhuwur.

Bilih wonten wisa-wisa, kang saking nginggil puniku, kula sagah nulak wangsul, iya banget panrimengwang, daktuturane kang pungkur, Kalajangkung wus amesat, Nyi Kalaijen mangayun.

Nyai Kalaijen amba, cumadhong dhawuh pukulun, punapa tumut tinundhung, punapa pareng kantuna, sira misia lestantun, apa panggaweyanira, Kalaijen nembah matur.

Nuninggih dhateng sendika, anamung panuwun-ulun, yen nuju wedalanipun, lare momonge kang pepak, iya dakwisik kang pungkur, Kalaijen wus umesat, gantya sinom sekaripun.

Manawi gembesan tanah, redi eler Kendheng saurutneki, namung sapalih winangun, kadi cenggering ayam, bilih sampun dados gebengan puniku, utawi balok namanya, sakarsa-karsa wus kenging.

De bilih badhe kinarya, talang wuwung utawi dandosanning, baita sasaminipun, kedah manah kabucal, sarta cinalonan sadha-puring wuwung, kalawan dhapuring talang, baita sasamineki.

Panyigaring kanang wreksa, naminipun kapaju patrapneki, rumuhun kakencong mujur, wit pucuk trus bongkotnya, kiwa-tengen utawi ngandhap myang luhur, kencongan ing nginggil nulya, katancepan paju wiwit.

Pucuk dumugi bongkotnya, longkangipun paju sami nyaka-ki, sakathahing paju-paju, ginandhenan dumugya, ing kencongan ngandhap terusaning luhur, wradin paju tekeng ngandhap, gya sinigar langkung gampil.

Wondene ta kajeng ingkang, ageng-ageng patrap panggarap-neki, ing bongkot utawi pucuk, kang labet gagethakan, kaken-congan malang gya tinrapan paju, mugi lajeng ginandhena, yen kajeng genge samundhing.

Gandhenipun semprong nama, gendhing semprong tinar-tamtu ngungkuli, genging kajeng kang pinaju, semprong ginan-tung malang, neng wit-witan ingkang caket wonten ngriku, kinandhut tinarik ngangkah, saget nuthuk paju sami.

Ing sasampunipun sigar, dyan rinimbas utawi denprejengi, kadamel saprelunipun, gebingan myang balabag, terangipun ingkang sama kencong mujur, sakiwa-tengenning wreksa, utawi ing ngandhap nginggil.

Winadung amujur panjang, awit bongkot dumugi pucuk-neki, kados kakalenan mujur, wondene kencong malang, pernah bongkot utawi kapernah pucuk, winadung supados krowak, kenginga dipunseseli.

Ing paju sacekapira, menggah paju wau ingkang kinardi, kajeng jati ingkang burus, ing bongkot wradin papak, pucuk lan-cip radi gepeng wujudipun, dene ageng panjangira, dinugi kang nguwaweni.

Kang nama kajeng kocoran, panegornya tan tineres rumiyin, maksih gesang angrembuyung, gya tinegor kewala, patrap-pa-trap panegor pangresbasipun, pamrejeng sasaminira, kadi kang kasebut ngarsi.

Mung wusing dadya gebingan, gya kinethok ginambang tha-rik-tharik, kadi amben isthanipun, neng panggonan kang banar, laminipun tigang wulan para langkung, punika sampun prayoga, kaangge parabot panti.

Yen kajeng badhe baita, tuwin wuwung talang sasamineki, panggenan pamenthengipun, kang asrep myang keyuban, lami-nipun ugi tigang wulan langkung, sanadyan kajeng kocoran, saget awet sawatawis.

Mangkya bab sirap winarna, naminipun wonten sakawan warni, sawarni Dumba rannipun, wiyarnya ing ukuran, kalih-tengah kaki sapanginggilipun, panjang wiwit ukur tiga, kaki sapanginggilneki.

Kalih sirap Gupe rannya, lawan Dumba geng panjang boten sami, ukur awit wiyaripun, satunggal kaki minggah, panjang ka-lih satengan kaki ingukur, minggah dumugi ukuran, kirangipun tigang kaki.

Tiga nama sirap Dhara, wiyaripun pitung edim manginggil, dene ukur panjangipun, pan kalih kaki minggah, catur sirap ge-dhong dene wiyaripun, namung sekawan dim minggah, panjang gangsalwelas edim.

Kajeng kang kadamel sirap, tinartamtu awet tan nguciwani, teteresan ingkang burus, manawi bangsa ngandhap, tiyang alit purun damel sirap wau, saking glinggang saha brungkah, manawi pundhutan aji.

Tuwin para luhur samya, kedah negor saking teresan tuwin, negor ingkang taksih idhup, piliyan ugi ingkang, burus mulus nir cacat saurutipun, patraping panyigarira, sampuning rebah kang uwit.

Pinilih kang tanpa cacat, serat burus kadi kasebut ngarsi, ginethak sasisihipun, sapanjanging kang sirap, dipun-ancas angi-ras kadamel lancur, gethakan gya kaanjingan, paju lajeng den-gandheni.

Paju kang kapara kathah, patrapipun kapara krep prayogi, mila makaten liripun, urut serating wreksa, saha boten pecah nalisir myang remuk, yen wus dadya balebekan, gya rinimbas den-calonni.

Dalam lintasan sejarah budaya ternyata kabupaten Blora selalu menjadi perhatian para sarjana dunia. Semua kerajaan Jawa menjadikan Blora sebagai tempat untuk mempertajam kualitas manajemen kenegaraan. Oleh karena itu para pemimpin tersebut senantiasa menggunakan konsep manunggaling kawula Gusti dalam menata kabupaten Blora. Kabupaten Blora sudah tepat memiliki sesanti atau semboyan Blora Mustika: Maju, Unggul, Sehat, Tertib, Indah, Kontinyu, Aman. Konsep yang indah ini bertambah indah ketika disajikan dalam bentuk lelagon gendhing.

(LM-01)

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *