Sejarah Ratu Kalinyamat Pendiri Kabupaten Jepara

C. Pahargyan ing Pajimatan Ratu Kalinyamat
Lembaga Olah Kajian Nusantara utawa LOKANTARA ngadani gelar seni budaya. Mapan aneng Joglo Hadipuran Sukodono Tahunan Jepara. Pinuju dina Setu Kliwon 16 November 2019. Titi laksana adicara dipandhegani dening Bambang Setiawan kang kawentar sinebut KRT Bambang Hadipuro.
Wiwit sedina sakdurunge pahargyan lumaku, para warga desa Sukodono kepyek kerja bakti. Tuwa mudha kakung putri sengkut gumregut nyamektakake acara kang karantan. Panggung, tratag, rontek, umbul-umbul dipasang kanthi rerenggan sing asri. Tandha yen warga Sukodono padha gembleng nyangkuyung pahargyan. Apa maneh kalebu acara sing langka. Kula semangate dadi makantar-kantar. Dusun Sukodono Tahunan Jepara rumangsa bombong atine, amarga pikantuk kehormatan sing gedhe. Saiyek saeka praya njunjung drajading praja.
Serat ulem kang sumebar nganti sakjabane rangkah kabupaten Jepara. Kadang mitra rawuh saka Yogyakarta, Klaten, Surakarta, Sukoharjo, Boyolali, Karanganyar, Salatiga, Banjarnegara, Jakarta, Semarang, Kudus. Kena diarani iki acara gedhen-gedhenan. Rombongan Karaton Surakarta Hadiningrat. Ing pangajab budaya sanggup ngrembaka arum kuncara.
Abdi dalem putri disuhi dening Kanjeng Mas Ayu Tumenggung Santi Purwaningrum. Ibu-ibu lan remaja gumregah anggone cecawis unjukan lan dhaharan sing edi mirasa. Suguhan mbanyu mili, tanpa ana pedhote. Jumbuh karo kutha Jepara sing misuwur papan ukir-ukiran, mila kabeh perangan gawe sarwa tumata. Joglo Hadipuran rinengga asri, winangun ukir-ukiran. Pahargyan edi peni sanyata gawe cingak, sengsem, gumun, ngungune kang sami mirsani.
Tamu sinedhahan yaiku Bupati Jepara kang diwakili dening Dian Kristiandi mimbuhi regenging pahargyan. Kepala Dinas Pariwisata lan Budaya paring panyengkuyung. Dene para pejabat kang rawuh saka kecamatan Tahunan, Polsek, Koramil, Pejabat Muspika katon padha karenan ing penggalih. Seni budaya Jawa kang adi luhung pancen perlu lestari. Nganti tekan tlatah manca negara, seni budaya Jawa padha gandrung kayungyung, kanthi mengkono program wisata ing Jepara uga bisa tambah tumangkar.
Gelar seni wujud kerawitan, tembang, tari lan pedhalangan. Urutaning acara kairing gangsa. Gendhing-gendhing pinilih kanthi pengrawit peng-pengan. Waranggana uga swara kung. Penari dumadi mahasiswi pengalaman. Megah, indah lan mewahi. Yekti bebadan Lokantara sembada ing samubarang gawe. Siji mbaka siji urutan acara katliti. Tegese nyukupi ing sakabehane. Diangkah bisa kecandhak lan becik.

Joglo Hadipuran dijangkepi gapura regol sakembaran. Sairip karo wewangunan ing Pulo Bali. Yen dinulu saka cerak meh padha karo candi gagrag Jawa Timuran. Bahan dhasar bata rinumpaka, katumpuk-tumpuk. Katonton saka pinggir dalan pancen ngresepake. Kiwa tengen patamanan. Kembang-kembangan mimbuhi swasana sing asri. Mlebu palataran, ing kono bale rata kang tinata sarwa nengsemake. Sisih lor pojok gardhu joglo. Kena kanggo leyeh-leyeh nyuda sayah.
Pager sing ngupengi pekarangan mirip beteng kraton. Joglo kaperang dadi telung perangan. Perangan sepisan wujud bale, bisa kanggo papan rembugan. Katon kenthongan kang gumandhul. Cagak 8 saka kayu jati. Kori rinengga reca lan payung. Tanpa beda karo rerenggan ing Pulo Bali. Perangan tengah Joglo kanggo nyimpen pusaka. Tombak, keris, wedung, cundrik. Warisan kuno dipepetri supaya bisa mberkahi.
Dene perangan wingking dumadi kamar mirunggan. Tamu kang rawuh bisa sare. Upama ditandhing genah luwih gumebyar timbang wewangunan hotel bintang sanga. Tenan, lumrah wae. Jepara pusat ukir-ukiran. Wiwit jaman Majapahit, Demak, Pajang, Mataram lan Surakarta tlatah Jepara wus kondhang kaloka. Isen-isene pura kang magepokan karo rerenggan kayu, mesthi sing nandangi para tukang saka Jepara. Malah nganti dina iki tetep unggul, yen Jepara kuwi papane juru ukir sing mitayani. Kondhang nganti tekan manca negari.
Pendherek saking Gumelem Susukan Banjarnegara sampun dugi rikala Sabtu Kliwon, 16 November 2019 jam 6 enjing. Dipun pangarsani dening Mbah Mino, abdi dalem Karaton Surakarta ingkang ngesuhi Kabupaten Banjarnegara. Mawi tumpakan bus cacah sekawan, lajeng dhahar sarapan sesarengan. Gamelan ugi dipun tata ing panggung. Sedaya kemput nyambut damel.
Juru paes ugi sengkut ndandani mbak-mbak lan mas-mas kang kapatah ngayahi wajib. Saperangan nata meja kursi, sound system, tenda, klasa, lan piranti upacara wisuda. Pak Hansip nindakake jejibahan. Nata parkir, arus lalulintas, lan keamanan. FPKM uga mbantu nglancarake gawe. Wondene seragam petugas nambahi perbawa tumrap pahargyan.
Angin sumilir, langit biru, cahya srengenge sumunar. Swasana pahargyan ing dina iki katon mubyar nyenengake. Kanca wirapradangga wiwit ngayahi kewajiban. Kabantu waranggana pengalaman. Sakwuse lingsir bedhug, swara kerawitan ngumandhang ing awang-awang. Pengrawit mudha tua dadi siji. Mong kinemong. Tegese sing isih meguru marang sing tuwa. Sing tuwa gelem nyinau tumrap kang isih mudha. Pasinaon seni kerawitan bisa ditularke kanthi gampang lan premati. Ing kene pelestarian seni lumaku kanthi becik. Tegese pamulangan langsung ditularake marang wiranom.
Gendhing santi mulya, suba kastawa, eling-eling, ladrang slamet menehi padhanging swasana. Nalika GKR Wandansari rawuh, gendhinge Raja Manggala. Gagah mrebawani. Rawuhe GKR Wandansari lan GKR Retno Dumilah sinarta abdi dalem lan bregada prajurit. Regeng, nggayeng lan seneng. Abdi dalem busana kejawen jangkep. Kakung ngagem beskap, jarik, blangkon, samir, sabuk timang, sabuk wala, radya laksana. Sing putri jarik, kebaya, sanggulan. Kabeh abdi dalem luwes, dhemes, kewes lan pantes. Sarwa edi peni. Tata cara srah tinampen diwiwiti. Cacah ana 54 jiwa kang nampa serat kekancingan saka Kraton Surakarta Hadiningrat.
Watara jam 16.00 sore paripurna acara. Diterusake ziarah marang pasareyan Kanjeng Ratu Kalinyamat. GKR Wandansari lan GKR Retno Dumilah didherekake abdi dalem nyekar. Minangka tahlil tahmid dipandhegani KH Saefudin Banjarnegara. Kukuse dupa kumelun. GKR Wandansari caos donga konjuk Kanjeng Ratu Kalinyamat. Sekaliyan karo garwane. Kanjeng Ratu Kalinyamat sumare ing Mantingan Tahunan Jepara. Kang garwa asma Kanjeng Pangeran Hadirin. Asal saka Samudra Pasai Aceh. Pangeran Hadirin saudagar sugih kang karem dana weh-weh.
Suka sukur ing joglo Hadipuran, kanthi nggelar pentas wayang purwa. Lakon Gathutkaca winisuda. Dalang cacah 6 jiwa sing enom lan bagas waras. Amrih penonton tetep sigrak, pewayangan kapurwakan jam 20.00 WIB. Dhalang muda sing prigel ing olah sabet nyata gawe sengsem kang mirsani. Gonta-ganti lakon satemah seneng bebarengan. Wektu adegan Limbuk, penonton sinugata tari gambyong Pare Anom. Banjur njoged bendrong. Sing njoged cacah 16 jiwa. Kalung sampur, nyeblakake slendhang, pacak gulu, trisik, ugel-ugel, katon gumyak. Atine padha suka parisuka. Kepyakan seni budaya ing dusun Sukodono Tahunan Jepara mau sanyata dadi sarana murih kuncarane jati diri bangsa.

D. Para Bupati Jepara

1. Ratu Kalinyamat (1536-1569)
Bupati pertama Kadipaten Jepara adalah Retna Kencana atau Nimas Ratu Kalinyamat. Beliau menikah dengan Datuk Thoyib atau Datuk Pangeran Tengku Thoyib. Sultan Trenggana memberi gelar Tengku Thoyib dengan sebutan Pangeran Hadlirin.

2. Pangeran Timur (1569-1590)
Pangeran Timur adalah anak Sultan Trenggana, raja De-mak. Adik Ratu Kalinyamat ini memimpin Kabupaten Jepa-ra pada masa pemerintahan Sultan Hadiwijaya Kerajaan Pajang.

3. Pangeran Radin (1590-1610)
Pangeran Radin adalah cucu Sultan Hadiwijaya. Masih cucu kemenakan Ratu Kalinyamat. Ayah Pangeran Radin adalah Raden Benowo. Pangeran Radin berdarah Pajang dan Demak.

4. KRT Wirosetyo (1610-1624)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati, raja Mataram.

5. KRT Potro Manggolo (1624-1646)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Mataram oleh Sultan Agung Hanyakrakusuma.

6. KRT Wirodiko (1646-1678)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Mataram oleh Sri Susuhunan Amangkurat Agung.

7. KRT Wongsodipo (1678-1704)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Mataram Kartasura oleh Sri Susuhunn Amangkurat Amral.

8. KRT Wiroatmoko (1704-1712)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Amangkurat Mas, raja Mataram Kartasura.

9. KRT Martopuro (1712-1721)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Mataram Kartasura oleh Sri Susuhunan Paku Buwono I.

10. KRT Sujonopuro (1721-1730)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Mataram Kartasura oleh Sri Susuhunan Amangkurat Jawi.

11. KRT Citrosoma I (1730-1745)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Mataram Kartasura oleh Sri Susuhunan Paku Buwono II.

12. KRT Citrosoma II (1745-1756)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta oleh Sinuwun Paku Buwono II.

13. KRT Citrosoma III (1756-1785)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta oleh Sinuwun Paku Buwono III.

14. KRT Citrosoma IV (1785-1809)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta Hadiningrat oleh Sinuwun Paku Buwono IV.

15. KRT Citrosoma V (1809-1821)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Surakarta Hadiningrat oleh Sinuwun Paku Buwono IV.

16. KRT Citrosoma VI (1821-1829)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta Hadiningrat oleh Sinuwun Paku Buwono V.

17. KRT Cendhol (1829-1836)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta Hadiningrat oleh Sinuwun Paku Buwono VI.

18. KRT Citrosoma VII (1836-1858)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta Hadiningrat oleh Sinuwun Paku Buwono VII.

19. KRT Citro Wikromo (1858-1870)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta Hadiningrat oleh Sinuwun Paku Buwono VIII.

20. KRMAA Sosroningrat (1870-1905)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta Hadiningrat oleh Sinuwun Paku Buwono IX.

21. RMAA Koesoemo Oetoyo (1905-1927)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta Hadiningrat oleh Sinuwun Paku Buwono X.

22. RAAA Soekahar (1927-1942)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta Hadiningrat oleh Sinuwun Paku Buwono X.

23. RMAA Soemitro Oetoyo (1942-1949)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa kerajaan Sura-karta Hadiningrat oleh Sinuwun Paku Buwono XI.

24. H Sahlan Ridwan (1949-1961)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.
25. R Sunarto (1961-1965)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.
26. H Zubaidi Ali (1965-1967)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Soekarno.
27. Moehadi SH (1967-1973)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.
28. Soewarno Djojo Mardowo SH (1973-1976)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.
29. Soedikno SH (1976-1981)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.
30. Hisom Prasetyo SH (1981-1991)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.
31. Drs. Bambang Poerwadi (1991-1996)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.
32. Drs. H Soenarto (1997-2002)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Soeharto.
33. Drs. Hendro Martojo (2002-2012)
Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Megawati.
34. KH Ahmad Marsuqi (2012-2017). Diangkat sebagai bupati Jepara pada masa pemerintahan Presiden Susilo Bambang Yudhoyono.
35. Dian Kristiandi menjabat tahun 2018. Dengan semangat pengabdian, Bupati Dian Kristiandi membangun Kabupa-ten Jepara. Kesejahteraan rakyat menjadi prioritas utama. Beliau dilantik pada masa pemerintahan Presiden Joko Widodo.

Alangkah baiknya, para pemimpin Jepara selalu mem-baca sejarah leluhur. Pendiri Kadipaten Jepara adalah Kanjeng Ratu Kalinyamat. Beliau adalah putri Sultan Trenggana raja Demak Bintara. Suaminya bernama Pangeran Hadlirin dari Samudra Pasai Aceh.

Nama lainnya yaitu Datuk Thoyib yang bermurah hati dalam perjuangan kebudayaan. Kabupaten Jepara semakin misuwur arum kuncara. Penduduknya rajin, cermat, makmur, sejahtera.

Pangkur
Nimas Ratu Kalinyamat
Tilar wisma amartapa neng wukir
Tapa wuda sinjang rambut
Ing Gunung Danaraja
Apratignya tan arsa tapihan ingsun
Yen tan antuk adiling Hyang
Patine sedulur mami

Bait tembang di atas melukiskan tekad Kanjeng Ratu Kalinyamat yang kehilangan suami, Pangeran Hadirin. Sebelumnya juga sudah meninggal kakak tercinta Sunan Prawoto. Pembunuhnya Arya Penangsang, Adipati Jipang Panolan. Krisis politik di Demak bisa diatasi oleh Sultan Hadiwijaya. Jasanya yang besar itulah sebagai legitimasi beliau berkuasa di Kraton Pajang.

(LM-01)

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *