7. Tumenggung Notoyudo IV, 1814-1822. Dilantik pada jaman pemerintahan Sinuwun Paku Buwono IV, raja Surakarta Hadiningrat.
8. Tumenggung Mondronagoro I, 1822-1829. Dilantik pada jaman pemerintahan Sinuwun Paku Buwono V, raja Surakarta Hadiningrat.
9. Tumenggung Mondronagoro II, 1829-1847. Dilantik pada jaman pemerintahan Sinuwun Paku Buwono VI, raja Surakarta Hadiningrat.
10. Tumenggung Tjakrawerdana I, 1847-1858. Dilantik pada jaman pemerintahan Sinuwun Paku Buwono VII, raja Surakarta Hadiningrat.
11. Tumenggung Tjakrawerdana II, 1858-1873. Dilantik pada jaman pemerintahan Sinuwun Paku Buwono VIII, raja Surakarta Hadiningrat.
12. Tumenggung Tjakrawerdana III, 1873-1875. Dilantik pada jaman pemerintahan Sinuwun Paku Buwono IX, raja Surakarta Hadiningrat.
13. Tumenggung Tjakrawerdana IV, 1875-1881. Dilantik pada jaman pemerintahan Sinuwun Paku Buwono IX, raja Surakarta Hadiningrat.
14. Tumenggung Tjakrawerdaya, 1881-1927.. Dilantik pada jaman pemerintahan Sinuwun Paku Buwono IX, raja Surakarta Hadiningrat.
15. Tumenggung Tjakrasewaya, 1927-1950. Dilantik pada jaman pemerintahan Sinuwun Paku Buwono X, raja Surakarta Hadiningrat.
16. RM Soetedjo, 1950-1952. Dilantik pada jaman pemerintahan Presiden Soekarno.
17. R Witono, 1952-1954. Dilantik pada jaman pemerintahan Presiden Soekarno.
18. RM Kodri, 1954-1958. Dilantik pada jaman pemerintahan Presiden Soekarno.
19. DA Santosa, 1958-1965. Dilantik pada jaman pemerintah-an Presiden Soekarno.
20. Hadi Soetomo, 1965-1968. Dilantik pada jaman pemerintahan Presiden Soekarno.
21. HS Kartabrata, 1968-1974. Dilantik pada jaman pemerintahan Presiden Soeharto.
22. H Moekmin, 1974-1979. Dilantik pada jaman pemerintahan Presiden Soeharto.
23. Poedjono Pranyoto, 1979-1987. Dilantik pada jaman pe-merintahan Presiden Soeharto.
24. H Moch Supardi, 1987-1997. Dilantik pada jaman pemerintahan Presiden Soeharto.
25. H Herry Tabri Karto, SH, 1997-2002. Dilantik pada jaman pemerintahan Presiden Soeharto.
26. H Probo Yulastoro S.Sos, 2002-2010. Dilantik pada jaman pemerintahan Presiden Megawati.
27. Tatto Suwarto Pamudji, menjabat Bupati Cilacap tahun 2010-2020. Dilantik pada jaman pemerintahan Presiden Susilo Bambang Yudoyono dan Presiden Joko Widodo.
Para penguasa Donan Cilacap menghormati adat istiadat yang sudah berjalan. Mereka bisa hidup berdampingan dengan segala lapisan sosial. Termasuk dengan jaringan Kejawen.
D. Sekar Wijayakusuma
Paku Buwana II Merawat Sekar Wijaya Kusuma.
Atas saran Pangeran Wujil, Kyai Yasadipura dan Tumenggung Honggowongso kerajaan Mataram mengadakan wilujengan. Paku Buwana II berkenan hadir.
Dalam acara itu dibicarakan pula Jaringan jagade Pedhanyangan. Agar penduduk Jawa ayem tentrem.
Makhluk halus di Tanah Jawa membentuk jaringan Pedhanyangan. Mereka memiliki tugas dan kewenangan sesuai batas kewilayahan. Kekuasaan makhluk halus berpusat di Pulau Nusa Kambangan.
Paku Buwana II dengan teliti menyimak paparan pujangga Kraton. Hadir pula dalam sarasehan ini para bupati bang kulon dan bang wetan.
Dhandhanggula
Angandika alon sri bupati.
dhateng kang abdi kapedhak lama.
Ki Pranataka namane.
Heh gendhewor sireku.
Lumakua sira den aglis.
Sun utus marang Donan.
Ing masigid watu.
Iya ing Nungsa Berambang.
Angambila sekar wijayadi luwih.
Iya Jayakusuma.
Aja mulih yen ta durung olih.
Nadyan silih jambul wanen sira.
Sun upatani yen muleh.
Yen ana kang pitulung.
Dene teka gampang ing benjing.
Kembang wijayamulya.
Mring sira kapangguh.
Wotsekar Ki Pranataka.
Tur sandika ing karya datan gumingsir.
Nadyan dhumateng pejah.
Sampun lengser saking ing ngarsa ji.
Pranataka sedya marang Donan.
Anglugas raga lampahe.
Warnanen sang aprabu.
Nulya nembang tengara aglis.
Budhal saking Toyamas.
Kang wadya gumuruh.
Dhateng nagari ing Tegal.
Angentosi utusan kang mring Betawi.
Ki Arya Mandaraka.
Kawarnaa kang anglugas ragi.
Kang dinuta mring Nungsa Berambang
Ki Pranataka lampahe.
Prapta masigid watu.
Tan anyipta kalamun urip.
Amung anyipta pejah.
Raosing tyasipun.
Tan adhahar tan anendra.
Pitung dina anenedha ing Hyang Widhi.
Mugi antuka karya.
Apan sampun karsaning Hyang Widhi.
Amarengi ing dinten Jumungah.
Tengah wengi ing wayahe.
Ana katingal mancur.
Cahyanira ngebeki bumi.
Ing wite jayamulya.
Wau enggenipun.
Kang sekar jayakusuma.
Mung sarakit nulya pinethik tumuli.
Maring Ki Pranataka.
Langkung bungah.
dennya antuk kardi
Pranataka sigra lampahira
Maring Toyamas jujuge.
Prapta Toyamas suwung.
Lampahira laju mring Tegil.
Ing enu tan winarna.
Ing Tegal wus rawuh.
Lajeng tumameng ngayunan.
Sampun katur sekar wijayadi luwih.
Marang sri naranata.
Pangkur
Dangu denira sineba.
Arsa junjung marang kang abdi-abdi.
Wong kadipaten sadarum.
Sami sinungan nama.
Mondaraka kang wau sampun jinunjung.
Adipati Mandaraka.
Apan kinarya pepatih.
Dene wau Pranantaka.
Wus jinunjung Sindurja ingkang nami.
Andangkara wastanipun.
Nenggih Ki Wiradigda.
Kyai Sendhi Ki Urawan wastanipun.
Ni Dhakarta wastanira.
Tumenggung Binarong nenggih.
Ingaran wong jagasura.
Angandika wau sri narapati.
Maring Arya Sindurjeku.
Heh sira ingsun duta.
Lumakua sira mring desa ing Kedhu.
Parimana ing Mataram.
Sapa ingkang angenggeni.
Sinom
Raden Arya Sindureja.
budhal saking nagri Tegil.
lawan Raden Maduretna.
gumuruh swaraning jalmi.
saupacara asri.
wong Sarageni neng ngayun.
bandera warna-warna.
wong anumbak aneng wuri.
busanane lir pendah sekar sataman.
Tan winarna solahira.
Wus lepas lampahing baris.
Ing Kaliwungu wus prapta.
Rereb sakala kang baris.
Saksana budhal enjing.
Wus ngancik telatah Kedhu.
Ki Arya Sindureja.
Ing Kathithang den anciki.
Kathah prapta sentanane Parimana.
Dhandhanggula
Si Gendhewor wastane duk alit.
Kala taksihe amanakawan.
Kala samana kinengken.
Dhateng gustine wau.
Iya kangjeng pangran dipati.
Ngandikane pangeran.
Marang kang ingutus.
Kang aran Ki Pranantaka.
Si Gendhewor sira ta lungaa aglis.
Sira menyanga donan.
Sira ngularana sekar adi.
Iya sekar Wijaya Kusuma.
Lah iku sira den oleh.
Sigra saha wotsantun.
Pranantaka saking ing ngarsi.
Sampun mangkat sadaya.
Wau kang ingutus.
Awatara pitung dina.
Kang ingutus mring Tegal bubar tumuli.
Mangkat dhateng Tetegal.
Kala jumeneng sri narapati.
Ing Rebo Epon dinane ika.
Nuju tanggal patlikure.
Ing Sura sasinipun
Taun Wawu den sangkalani.
Janma aneng gegana.
Sinayang ing ratu.
Samana Ki Pranantaka.
Kang ingutus mring Donan amundhut sari.
Praptane antuk karya.
Kang ingupaya angsal sarakit.
Aran sekar Wijayakusuma.
Samana wus ngaturake.
Dhumateng sang aprabu.
Langkung suka galih narpati.
Rumaos yen sih ing Hyang.
Nugraheng Hyang Luhur.
Dhawuh rumasuking nata.
Panjenengan tanah Jawa wus kapusthi.
Kagem aneng ing asta.
Ki Pranantaka kalangkung dening.
Kapracaya ing salampahira.
Kinulawisudha mangke.
Apan jinunjung lungguh.
Pranantaka sinung kekasih.
Jinunjung saking ngandhap.
Sumengkeng aluhur.
Aran Arya Sindureja.
Kyai Sendhi apan sinungan kekasih.
Aran Demang Urawan.
Asmaradana
Wus tetep jumeneng aji
Sang nata sigra parentah
Padha estrenana kabeh
Samengko Si Mandaraka
Ngong karya patih ingwang
Sun junjung lungguh tumenggung
Ki Tumenggung Mondaraka.
Kang den utus sri bupati
Dhumateng Nungsa Kambangan
Mundhut kang sekar wastane
Jayakusuma wus prapta
Sarakit kang puspita
Lajeng kunjuk sang aprabu
Langkung suka sri narendra.
Ngraos tuk nugraha jati
Sihing Suksmana jenengnya
Tanah Jawa sedayane
Wus kagem aneng ing asta
Suraosing wardaya
Kyai Pranataka wau
Dhateng kanjeng sri narendra.
Langkung kapracayeng westhi
Sang nata asru ngandika
Si Pranataka samengko
Ingsun junjung linggihira
Lan sun paringi nama
Iku arane Tumenggung
Sindureja aranira.
Nusa Kambangan menjadi ibukota makhluk halus di Tanah Jawa. Disebut juga Nusa Kambana, Nusa Berambang, Selo Marsigit, Watu Masigit, Dhandhang Mangore. Sejak dulu Nusa Kambangan terkenal angker kepati pati, gawat kaliwat liwat.
Paku Buwana II sejak tahun 1726 menempatkan Bupati Donan Cilacap sebagai pimpinan untuk merawat Sekar Wijaya Kusuma. Pusaka Karaton Surakarta Hadiningrat yang berada di daerah ini dikenal sebagai jimat yang ampuh tangguh sepuh wutuh.
Mahluk halus di Tanah Jawa sudah patuh kepada Wali Sanga. Sunan Kalijaga diutus Raden Patah Jimbun Sirullah Syah Alam Akbar. Raja Demak Bintara membawahi Kerajaan Mahluk halus. Atas bantuan spiritual para Wali.
(LM-01)
