Wilujengan Jenang Sura Ing Keraton Surakarta

Kori kamandungan lawang gapit balerata

Sri Manganti marakata marcukunda

Canthang balung sasmita monggang ngumandhang

Winor carabalen panyutra grebeg pareden

Dhawuh purwa kinanthi mandra budaya

 

Sairip karo gendhing Singa Nebak yaitu lancaran Maesa Kurda. Unine cakepan mangkene.

 

Mahesa Kurda

 

Bendhe umyung tengara budhaling wadya,

Kang tinata carub wor dadi sajuga

Sang Panganjur aba-aba nabuh tambur,

Teteg ajeng suling peling nut wirama

Kalamun cinandra pan yayah mahesa kurda.

 

Kumandhange gendhing prajuritan sinarta jenang pliringan mimbuhi gagah gumregah. Swara gamelan kompak sigrak nambahi regening swasana. Jenang pliringan sayekti dadi sarana bala kuswa gumreget, barisan prajurit gumregut, bala bregada gumregah. Luweh nges maneh yen diwenehi ater-ater tembang mijil.

 

Suluk Anata baris

 

Sang patih sigra anata baris.

Nyawiji gumolong.

Dhampyak dhampyak gumregut lampahe.

Binarung krapyak watang agathik.

Gumelar ngebaki.

Suraknya gumuruh.

 

Prajurit prawira anom, jayeng astra, panyutran pikantuk pakurmatan. Jenang pliringan mligi kanggo mahargya bala prajurit kang lagi netepi wajib. Jenang kang sinugata diolah dening Nyi Menggung Gondoroso.

Abdi dalemiki duwe jejibahan olah-olah dhaharan kang magepokan karo upacara.

Nyi Menggung Gondoroso kabawah dening bebadan Purwo Kinanthi. Sakbanjure pengageng Purwo Kinanthi caos palapuran marang bebadan Mandra Budoyo. Tata cara adat dipandhegani dening Pengageng Mandra Budoyo.

7. Jenang Grendul.

Jenang Grendul tumraping kadang tani wigati banget. Sinuwun Paku Buwana III ndhawuhi yasa jenang grendul nalika tedhak ing tlatah kedhung banteng seragen tahun 1753.

 

Mbudidaya Kesuburan Tanah

Tumraping warga karang padesan tata cara tetanen isih digatekake banget. Folklor Jawi nyengkuyung tata cara tetanen kang bisa mahanani gregeting para kadang tani kang sengkut gumregut nyambut gawe.

Kadang tani kang mapan ing karang padesan ngayahi kuwajiban. Wiwit esuk umun- umun budhal menyang sawah. Nandur pari, nandur jagung, nandur kedhele. Janganan, wowohan ijo royo-royo ngrembuyung merak ati. Sabangsane kewan iwen, ayam, bebek, menthok lan rajakaya sapi, kebo, menda anglar ing pangonan. Lakune urip ing karang padesan anut kridhaning among tani.

 

Jago kluruk

 

Ing wayah esuk, jagone kluruk

Rame swarane pating kemruyuk

Wadhuh senenge sedulur tani

Bebarengan padha nandur pari

 

Srengenge nyunar kulon prenahe

Manuke ngoceh ana wit-witan

Pating cemruwit seneng atine

Tambah asri donya saisine

 

Tanah supaya gembur perlu dikrakal, diluku, digaru. Ing kene kadang tani mahargya subure lemah kanthi pasugatan jenang grendul. Rasane legi kenyil-kenyil. Ngrakal sepisanan mathuk mangsa labuh. Jenang grendul sayekti nyuburake tanah gersang. Pangaribawan jenang grendul tanah tandhus tumuli gembur, cocok kanggo ulah tetanen. Para kadang tani tumuli nyawur winih.

 

Ewuh Aku

 

Ama kabur tandur subur,

Loh jinawi

 

Kok ewuh aku, Kok ewuh aku,

Kok ewuh aku, Kok ewuh aku,

Nginteri jo ngono, Wela berase kecer

Mbok sing ati-ati, Sinau gemi

Mbokya ngelingana

Yen nyeblokke winih

 

Pandha cancut taliwanda

Aja kena ama

 

8. Jenang Garut.

Wondene jenang garut kanggo tata cara mahargya olehe tetanen ngancik pari njebul. Kadang tani nduwe pangarep- arep. Njebule pari tumuli kasusul pari ambyak.

Jenang garut sinartan sakehing sesaji kang digawe saka pala pendhem. Ganyong, garut, tela, pohung, uwi digodhog.

Mangsa panen mesthi wae ndadekke swasana seneng, nggayeng, regeng. Yen ngundhuh pari sinartan upacara wit witan. Pethik pari nganggo tata cara mantun pari saagem. Pari sakjodho kapethik ing sisih pojok wetan. Ora keri ngobong dupa ratus garu rasamala. Kala mangsa wujud kemenyan diobong nganggo merang.

Sinuwun Paku Buwana V tedhak ing tlatah Sima Boyolali tahun 1822 ndhawuhi para demang kinen yasa jenang garut. Para kadang tani kang ndherek padha bungah.

Jajanan sesajen wujud kupat, lepet, pura. Sakbanjure diadani lek-lekan sewengi natas.

Pandherek wilujengan suran, ngangem busana jawi jangkep. Racake nganggo beskap putih lan ireng. Semono ugi ingkang mlebu kanca kaji. Ngagem serban putih.

Abdi dalem garap lan anon- anon golongan putri ngagem nyamping, sanggul, kebaya. Tata cara katindakake titi permati. Lumaku kanthi rahayu widada, nir ing sambikala.

Tata cara wilujengan jenang Sura mapan ing sasana sumewa pagelaran Karaton Surakarta Hadiningrat. Rikala tanggal 25 Agustus 2021. Ing pangajab jagad tansah rahayu widada. Sembah kalbu yen lumintu dadi laku. Manggih hayu ayem tentrem kang tinemu.

(LM-01)

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *