Macapat Idul Fitri

Busana endah kadulu
clana anyar sarung peci
sabuk sandhal baju takwa
katon asri edi peni
kabeh mahargya lebaran
pinanggih kamulyan jati

5. Pucung Idul Fitri Suka Sukur

Suka sukur dhateng Ingkang Maha Luhur
wus paring nugraha
jroning hari Idul Fitri
paripurna ngibadah wulan puasa.

Siyang dalu amung siji kang kadulu
wewarah agama
ngraketke silaturahmi
jawat asta ngluberaken pangaksama.

Pra sedulur sanak kadang mitra batur
sungkem ibu bapak
ingkang eyang kakung putri
murih berkah sarana nyuwun palilah.

Sarwa jumbuh kasembadan kang ginayuh
dayane lebaran
sumendhe wahyu Ilahi
sinar terang Idul Fitri sung pepadhang.

6. Pucung Idul Fitri Jajanan

Gupuh aruh jamak lumrah suguh dhayuh
ing mangsa lebaran
nuju hari Idul Fitri
wajik jenang jadah kripik lan rengginang

Kupat tahu lonthong opor pancen perlu
emping madu mangsa
lepet karak karo intip
opak rambak krumiyuk rasane enak

Para tamu lenggah eca mesem ngguyu
kabar kinabaran
rembukan silaturahmi
dina bada dhaharan kebak ing meja

Nuli ngunjuk jahe anget sarwa mathuk
wedang rondhe secang
gula asem teh lan kopi
tanpa sayah srupat sruput tandha bungah

Suka sukur bebrayan nemahi makmur
sandhang pangan papan
rejekine mbanyu mili
anugerah kanggo sangune ngibadah.

7. Sinom Idul Fitri

Sasi pasa paripurna.
ngancik hari Idul Fitri.
tan kalepyan bayar zakat.
rinengga kumandang takbir.
ngiringi tasbih tahmid.
pinanggih lan kanca dulur.
ngapura lebur dosa.
jiwa raga lahir batin.
binerkahan kawidadan karaharjan.

Perbawane dina bada.
swasana sarwa asri.
abyor endah kang busana.
dhahar eca warni warni.
sami silaturahmi.
sagah suguh gupuh aruh.
ngelingi titah sawantah.
asal usuling ngaurip.
kang ginayuh murih tentreming bebrayan.

(LM-01)

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *