Tata Cara Pahargyan Wulan Sura Ing Bebrayan Jawi


Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA)

A. Nguri-uri Adat Istiadat Kejawen

Tumapake wulan Sura tansah diantu-antu dene bebrayan Jawa. Anggayuh ayem tentreming ngaurip lumantar tata cara adat kejawen. Ing pawiyatan kerep sinebut folklor. Dene folklor Jawi yaiku sawenehing tata cara panguripan, kang wus lumaku ing madyaning bebrayan Jawa, kanthi nak tumanak run tumurun tata cara mau tumangkar ngrembaka wiwit kuna makuna. Warga bebrayan nyengkuyung bebarengan, satemah tansah katon guyub rukun.

Adat istiadat suran tansah dipepetri para kadang kang mapan ing sadhengah panggonan. Mungguh gunane folklor Jawi tumraping bebrayan bisa nuwuhake rasa ayem tentrem. Jalaran ulat patrap lan pangucap kang magepokan karo tata cara ngemu surasa kapitayan. Ing kene kapitayan marang Ingkang Akarya Jagad mahanani urip dadi sumeleh, pasrah, sumarah. Samubarang gawe prayoga sumendhe marang garise pepesthen. Urip mung kari nglakoni.

Upacara kejawen kayata wilujengan, labuhan, nyadranan, suran, malem selikuran, sesaji maesa lawung, larapan langse, tedhak siten, siraman, midodareni, nyatus, nyewu, gumbregan. Tumekan saiki tetep diuri-uri ing sadhengah papan. Pahargyan upacara kejawen luwih ngreketake paseduluran, ngraketake memitran, nyedhakake kekancan. Bener ngendikane sesepuh pinisepuh. Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa. Pengetan wulan Sura kaajab mimbuhi manunggaling pangarsa lan kawula, anggone padha makarya.

Kadang tani kang mapan ing desa ngadesa, gunung ing ngagunung lampahing tata acara adat kena diarani wigati banget. Upacara bubak bumi, sumsuman, keleman, wiwitan dadi sarana tolak balak. Sakehing hama penyakit bakal sumingkir. Pageblug mayangkara diajab lunga sirna. Kanthi mengkono tanduran tuwuh subur, urip tambah makmur. Kadang tani sangsaya sugih bandha sugih bandhu. Tata cara wulan Sura kang katindake kanthi tumemen lan premati diajab njalari lakune rejeki tambah mbanyu mili.

B. Upacara Suran dadi Srana Murih Bebrayan Ginanjar Basuki Lestari

Bebrayan Jawa duwe adat istiadat kang maneka warna. Saben ngancik wulan Sura bebrayan Jawi nindakake upacara adat. Kena diarani folklor Jawi katindakake kanthi tumemen. Pahargyan Sura maneka warna cak-cakane. Ing karaton Surakarta Hadiningrat ngadani kirab pusaka. Para sentana lan abdi dalem ngarah pusaka Kanjeng Kyai Slamet. Pendherek kakung putri bebusana kejawen jangkep. Abdi dalem kakung mawa ageman beskap, iket blangkon, sabuk wala, epek timang, kalung samir warni abang kuning, bebedan jarik, nganggar dhuwung. Dene abdi dalem putri mawi busana kebayak ireng, sanggulan, jarikan.

Papan liyane ngadani tapa mbisu mubeng beteng. Ana sing nindakake jamasan pusaka, neneni ing tepis wiringing samudra. Ana uga kang mahas ing ngasepi, tapa brata ing puncaking gunung. Sing nduwe wragat nuli nanggap wayang sewengi natas. Pengetan wulan Sura minangka piranti folklor Jawi tetep basuki lestari.

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *