Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum
(Ketua Lembaga Kajian Olah Nusantara)
A. Tumangkaring Sastra Piwulang.
Sastra piwulang karumpaka dening sarjana winasis kinarya kaca benggala ingkang prayogi. Kabudayan Jawi sampun lumampah kanthi basuki lestari. Kathah peninggalan sejarah ingkang asung wewarah. Ing pangajab bebrayan Jawi tambah ayem tentrem. Wiwit saking kutha ing ngakutha, dhusun ing ngadhusun, gunung ing ngagunung, sami gadhah gegayuhan luhur.
Desa mawa cara, negara mawa tata. Paugeran kala wau dipun rungkebi saestu dening tiyang Jawi. Wulangan, wejangan, wedharan, kababar saking tiyang sepuh kanthi nak tumanak, run tumurun. Sedaya warga kagungan pangajab gesang ingkang panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.
Karaton Kahuripan, Jenggala, Daha, Kediri, Singasari, Majapahit, Demak, Pajang, Mataram, Surakarta, Yogyakarta, Mangkunegaran, Paku Alaman sayektos arum kuncara. Kasusastran, kesenian tata praja, panembah jati, saestu ngemu suraos budaya adi luhung. Liripun magepokan kaliyan udhu panemu ngantos dumugi telenging kalbu.
Wondene kagunan edi peni magepokan kaliyan suwasana kaendahan, karawitan, pedhalangan, beksan, kethoprak, wayang wong sumebar ngrembaka ngrenggani tanah Jawa. Amila nami jamak limrah, menawi kabudayan Jawi kasusra ing saindhenging jagad raya. Sastra piwulang dados gegebengan.
Kitab Adiparwa karumpaka dening Prabu Darmawangsa Teguh nalika ngasta ing negari medhang. Rikala tahun 1112 Kanjeng Sinuwun Prabu Airlangga paring dhawuh dhumateng Empu Kanwa.
Raja Kahuripan menika ngersakaken rumpakan kakawin Arjuna Wiwaha. Wosing gati yasan Empu Kanwa mratelakaken labuh labet pahlawan agung. Nami Raden Arjuna ingkang ngrampungi damel mbengkas dur angkara murka. Prabu Niwata Kawaca lebur saking lumahing bumi. Cariyos Arjuna Wiwaha kawentar dados lampahan Begawan Ciptowening utawi Mintaraga.
Jaman Majapahit Empu Tantular ngrumpaka kitab Sutasoma. Dene Empu Prapanca ngrumpaka kitab Negarakertagama. Lajeng sami tepang sesanti Bhinneka Tunggal Ika.
Kawruh sangkan paran dipun wejang dening Wali Sanga. Suluk Sunan Bonang medharaken piwucal luhur Wali Sanga. Rinumpaka tahun 1482 jaman Kasultanan Demak Bintara. Kanjeng Sunan Kalijaga yasa Kidung Rumeksa ing Wengi.
Dhandhanggula
Ana kidung rumeksa ing wengi
teguh ayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
miwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah mring mami
guna duduk pan sirna
Kasusastran ugi magepokan kaliyan satataning panembah. Menggahing bebrayan Jawi serat kekidungan, warisan Sunan Kalijaga saged kinarya tulak balak. Suker sakit tartamtu sumingkir. Tiang Jawi pitados saestu.
Angger anggering negari kamot ing tata susastra. Pangeran Karanggayam paring wejangan arupi Serat Nitisruti. Kagem para nayakaning praja pangembating negari, wulangan kaprajan cocok sanget. Kitab Nitisruti karumpa tahun 1553 nalika Sultan Hadiwijaya jumeneng nata ing negeri Pajang.
