Liputan KOLOM

Sejarah Larapan Langse Pajimatan Amangkurat Tegalarum

Ditulis oleh Liputan68 pada 21 Oktober 2020 ⏱️ 2 Menit Baca

Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum.

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA. Hp 087864404347)

 

A. Sri Susuhunan Amangkurat Agung Narendra Sekti Mandraguna.

Upacara larapan langse jamasan pusaka mapan ing Astana Pajimatan Sinuwun Amangkurat Agung. Katindakake rikala dina Ahad Pahing, 25 Sura utawa 13 September 2020. Tata cara adat Jawa iki lumaku saben tahun ing Pakuncen Adiwerna Kabupaten Tegal.

Astana Pajimatan Tegalarum diagem wiwit tanggal 13 Juli 1677. Sri Susuhunan Amangkurat narendra gung binathara ing kraton Mataram. Kawentar sinebut Sinuwun Tegalarum.

Panjenengane Sang Nata kagungan pesanggrahan ing tlatah Surabaya, Madiun, Semarang, Banyumas lan Tegal. Raja Mataram iki sanyata pangarsa negari kang ber budi bawa laksana, ambeg adil paramarta, memayu hayuning bawana. Mula kabeh para kawula dasih padha sumuyut sungkan asih.

Nama Tegalarum pancen gandane sarwa arum. Pasareyan dalem sang nata ngambar wangi, kaya sinebaran jebat kasturi. Jamak lumrah dadi papan palereman Sinuwun Amangkurat Agung sakwuse surut ing kasedan jati. Nganti dina iki sarira dalem Ingkang Sinuwun isih wutuh. Gumbala rawis isih modot wutuh.

Saben tahun gumbala utawa brengose dicukur dening abdi dalem. Cukur rikma Sinuwun Amangkurat Tegalarum kanthi tata cara mirunggan.
Wibawa sawabe sang katong merbawani marang bumi Tegal sakukuban. Sawabe Sinuwun Amangkurat ndayani putra wayah kang ngalap berjah.

Kawula Tegal pancen wasis ing samukawis. Olah kridhane seni mumpuni. Baut ngracik bumbu kang njalari dhaharan eca mirasa. Seniman Tegal akeh sing kondhang kaloka. Dhaharan gagrag Tegal sumebar sakindhenging nuswantara. Warteg utawa Warung Tegal nyata enak rasane, murah regane. Saktlatah nusantara sumebar warata.

Wiwit jumeneng nata tahun 1645 Sinuwun Amangkurat paring piwulang ngracik olah-olah dhaharan kang edi miraos. Juru masak ing kraton Mataram dipandhegani dening Nyi Menggung Gandarasa.
Sinuwun Amangkurat Agung raja Mataram kang sekti mandraguna.

Nalika sugenge kerep mahas ing asepi, lelana laladan sepi. Tapa brata ing madyaning wana gung liwang liwung. Sri Susuhunan Amangkurat Tegalarum karem tapa ngidang, tapa ngalong, tapa ngrame, tapa kungkum, tapa ngeli, tapa pati geni, tapa ngrowot, tapa mutih, tapa geniora, tapa mbanyuora. Sang Prabu bangkit mesu budi, megeng napas mbendung swara, sajuga kang sinidhikara.

Ngembat pusaraning praja kanthi alelandhesan kawicaksanan. Karana Sinuwun Amangkurat Agung kebak ngelmu sipating kawruh, putus ing reh saniskara. Wignya marang kawruh agal alus. Ngelmu satataning panembah kabeh wus kacakup. Sinuwun nate meguru marang Ingkang eyang, Panembahan Kajoran ing Magelang tahun 1643.

Kraton Mataram sinebut negara kang gedhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse, adoh kuncarane, ampuh kawibawane. Bebasan kang cedhak manglung, kang tebih mentiyung. Sami pasok glondhong pengareng-areng, peni-peniraja peni, guru bakal guru dadi, emas picis rajabrana.

Bumi pesisir bang kulon antuk kawigaten saka ngarsane Sinuwung Amangkurat. Garwa prameswari asma Kanjeng Ratu Wiratsari, wayang Pangeran Benawa. Dadi isih tedhak turun Joko Tingkir utawa Sultan Hadiwijaya raja Pajang tahun 1646 – 1682. Dhasar trahing kusuma rembesing madu, wijiling atapa, tedhaking andana warih. Gedhe labuh labete Sinuwun Amangkurat tumrape wilayah Bang Kulon lan bumi pesisir.
Nganti dina saiki pasareyan dalem Sinuwun Amangkurat Agung dadya punjering kebatinan.

Wong Jawa nganggep pepundhen kang pantes pinundhi pundhi. Kawibawan, kawidadan, kamulyan, karaharjan sakbisa-bisane bakal rumembes marang putra wayah. Mangkono ujare para pendherek sinuwun Tegalarum.

B. Babad Ila ila Minangka Tuk Sumbering Kawruh.

Sri Susuhunan Amangkurat Agung yasa serat babad ila ila. Adhedhasar serat nitisruti, sotasoma, sastra gendhing, negara kertagama, Arjuna wiwaha.

Isine babad ila ila sinebut jangjep genep genah. Mula dadi wacan mirunggan tumraping kadang penghayat Kejawen.

Upamane kadang Paguyuban pametri tosan aji pusaka keris ndherek mahargya jamasan tata cara larapan langse. Budhal saka stasiun Balapan watara jam 13.00. Dinane Sabtu Legi, 24 Sura utawa 12 September 2020. Numpak kendaraan bebarengan tumuju Tegal.

Kang ndherek warga saka Wonogiri, Boyolali, Rembang, Karanganyar lan Nganjuk. Kabeh suwita marang karaton Surakarta Hadiningrat.

Lumaku gancar lancar kanthi pangarsa KRT Edi Basuki Notonegoro. Dedalem ing Baturetno Wonogiri kang prigel ulah petungan dina, luk keris, lukisan kaca, pawukon. Ing Baturetno katelah sesepuh pinunjul.

Akeh para sedulur sing nyuwun tulung wektu kagungan kajad. Mantu, tetakan, pindhahan omah, slub-sluban, akeh sing nyuraya marang KRT Edi Basuki Notonegoro. Panjenengane karem lek-lekan, nyuda dhahar lan guling.
Daya linuwih Kanjeng Edi migunani tumrap liyan. Sambang sambung srawung tulung tinulung kuwi lekase para abdi dalem anon-anon. Minangka tandha bekti gawa gawene Karaton kang wus didhawuhake. Kawruh Kejawen dadi sarana ngudi urip kang becik.

Dhapur kebeneran yen jamasan ing Tegal mau disengkuyung dening paguyuban tosan aji pusaka keris.
Tekan Semarang ngampiri kadang abdi dalem saka tlatah Rembang. Ing sadalan-dalan ngrembug crita kuna. Tuladha serat dewaruci reriptan Kyai Yasadipura tahun 1754.

Sejarah tanah Jawa perlu mbiwarakake keluhuran, keagungan, kejayaan, keemasan. Leluhur wong Jawa pancen peng pengan. Nalika liwat Alas Roban, Kanjeng Joko saka Rembang nyaritakake sejarah Syekh Saridin lawan Retno Jinoli. Tumrap warga Pati Retno Jinoli sawijining putri Mataram sing peng- pengan. Putri Prabu Hadi Hanyakrawati kang ngasta ing Mataram tahun 1601-1613, iki satuhu wanita utama.

Alas Roban dianggep wingit, setan ora ndulit. Angker kepati-pati, gawat kaliwat-liwat. Ibarat jalma mara jalma mati, sato mara keplayu. Nanging kabeh mahluk alus iki teluk tundhuk karo panguwasa Mataram.

Babad Tanah Jawi nyebut Alas Roban papane jim setan peri perayangan, ilu-ilu banaspati, engklek-engklek, warudhoyong. Nanging tumrap jalma kang seneng lelaku, Alas Roban dadi sarana tapa brata.

Jarak tempuh sala tumekan Tegal cukup 3 jam. Watara jam 17.00 tekan Slawi. Disambrama dening KMT drg Fitri Pusponegoro, abdi dalem karaton Surakarta lan alumni Fakultas Kedokteran Gigi UGM angkatan 1991.. Saben tahun drg Fitri melu cancut tali wanda murih gancaring tata cara. Malah nate gawe film dokumenter bab sejarah Sinuwun Amangkurat Agung. Asiling rekaman kabiwarakake aneng media sosial. Kareben bebrayan bisa angawruhi sejarah para nata ing Mataram.

Ngluhurake budaya dadi tekad kuat. Mulane KMT drg Fitri Pusponegoro tumuli ndherekake sowan ing daleme Enthus Susmono, Bupati Tegal tahun 2012 – 2017. Daleme ing desa Bangle Kecamatan Talang Kabupaten Tegal. Ibu Nur Laela nampa abdi dalem kanthi suka ing galih.

Mandhegani Kawula ing Tegal wus kulina. Bu Nur Laela Enthus Susmono diampingi dening putra tetiga mas Haryo, mas Jafar lan mbak Jannah. Mas Haryo nguri-uri wayang santri. Mas Jafar baut oleh gelaring bebrayan. Mbak Jannah nuruni bakat Ki Enthus Susmono minangka dalang wayang purwa. Saiki isih kuliah ing ISI Surakarta. Kacang mangsa ninggala lanjaran.

Darma bekti marang sapadhaning tumitah. Dalem Ki Enthus Susmono kapajang gong Kyai Siliwangi. Suwarane gumleger ngumandhang ngebaki awang-awang. Gamelan pelog slendro pepak. Wayang purwa lan wayang golek maneka warna jenise. Pendhopo Dalem Ki Enthus gedhe jembar. Cocok kanggo papan palereman. Ngaso kepenak jenak, dhasare ingkang kagungan dalem grapyak sumanak. Bu Nur Laela Enthus Susmono gandhes luwes dhemes.

Patrap ulat pangucap sarwa merak ati, ngenaki marang liyan.
Kembul bujana andrawina. Dhahar malam mirunggan. Dhaharan edi mirasa pepak jangkep. Unjukan seger wujud es buah. Putra tetiga, Mas Jafar, Mas Haryo, lan Mbak Jannah dadi juru leladi. Regeng seneng gayeng swasane bengi iku. Sinambi rembugan kasepuhan. Kedunungan drajad praja lan kagunan.

BACA JUGABABAD BLORA

Para abdi dalem tumuli wungon. Ngrembug reriptan Pujangga Ranggawarsita tahun 1801- 1873. Ranalan Ranggawarsita misuwur ibg sadhengah papan.

Wis dadi adat urip yen para kasepuhan kumpul tumuli ngrembag kawruh kasampurnan. Luwih dhisik nggagas bedane parikan lan wangsalan. Ukara wangsalan kuwi unen-unen kang gampang panampane. Amarga wis disedhiyani purwakanthi lan batangan. Beda kalawan wangsalan kang sinamun ing sandi tetembungan.

Conto parikan.

Ciu gambar manuk.
Aku melu apa entuk.

Ciu sagelase.
Aku melu selawase.

Ciu gambar jago.
Aku melu apa kanggo.

Kecipir mrambat neng kawat.
Yen dipikir malah ora kuwat

Ngetan bali ngulon.
Apa sedyane kelakon.

Conto wangsalan

Jarwa nendra, narendra yaksa Ngalengka.
Rukun tresna, dadi srana ajunjung bangsa.

Garwa nata, nata agung ing Pancala.
Sari ratri, kudu eling lan waspada.

Sembah kalbu yen lumintu dadi laku.
Manggih hayu, ayem tentrem kang tinemu.

Balung janur, janur ingisenan boga.
Widadaa, lepat saking sambikala.

Kepyek anggone wawan rembug nganti parak esuk.
Suguhan mbanyu mili. Pisang goreng, tempe, tahu, kopi, teh, jahe, jak jok jak jok jak jok. Sinambi leyeh-leyeh, klekaran, lelungguhan sakpenake. Nanging apa kang dirembug mentes pantes.
Saperangan ana kang ngematake gambar. Akeh pitutur katulis ing tembok. Isine dadi uwong kudu andhap asor. Malah paring andharan asal usul Bu Nur Laela Enthus Susmono. Embah buyute nata ngasta Bupati Tegal. Jamah lumrah yen Ki Enthus nggarwa Bu Nur Laela.

Bibit bebet bobot kang garwa turun priyayi luhur. Pak Enthus kejaba dhalang kondhang uga Bupati Tegal.
Wayah esuk umun-umun miyos saking palereman. Ngaso sawetara wektu cukup kanggo mulihake badan seger sumyah.

Mlaku-mlaku ing kiwa tengen pekarangan. Ngarep omah ana warga kang duwe pegaweyan nyithak bata. Ing pamburine tegalan lan sawahan. Jagung ngrembuyung sedhep yen disawang. Kebun tebu katon ijo royo-royo.
Seseger salira kanthi olah raga. Tanggal 13 September jam 8.00 isuk tumuli tata cara. Para abdi dalem ngagem busana Jawa jangkep. Besus angadi busana perlu wektu.

Wiwit bebedan, nyampingan, pasang stagen, sabuk wala, sabuk timang, sabuk epek, beskap, blangkon iket, slop. Ditata murih rapi permati. Dandan dhewe dhewe, amarga wus kulina ndherek upacara Karaton Surakarta. Tegese tata busana wis padha trampil. Abdi dalem besus amacak angadi sarira angadi busana.

Ketrampilan mau nak tumanak run tumurun nganti dina iki. Ngadi salira ngadi busana wiwit Sinuwun Paku Buwana IX jumeneng nata tahun 1861-1893.

C. Tata cara Larapan langse.

Pajimatan Sinuwun Amangkurat Agung
Papane ana desa Pakuncen kecamatan Adiwerna kabupaten Tegal. Kanan kering gandane warum. Wangi sumerbak lir pendah pajinatan gada madana.

Nalika semana ingkang Sinuwun Kanjeng Sri Susuhunan Amangkurat Agung lagi nindakake jejibahan negari. Titi laksana hadicara kepyakan pendhapa ing desa Lesmana Ajibarang Banyumas.

Rikala tanggal 15 – 30 Juni 1677, panjenengane sang nata Mataram tedhak ing wilayah Donan Cilacap, Gumelem Susukan Banjarnegara, Pesanggrahan Giri Widada Purbalingga. Ingkang Sinuwun paring sasmita yeng ngersakake mesanggrah ing Ajibarang.
Kanjeng Sinuwun tumuli ngendike marang para pandherek. Ing tembe bakal sumare selawase ing tlatah Tegal. Sasmita Kanjeng Sinuwun dadi kasunyatan.

Teja muncul asung cipta samita. Tanggal 20 Juli 1677 Kanjeng Sinuwun sowan ing ngarsane Hyang Widhi, manjing ing tepet suci, mapan ing suwarga jati. Bupati Bang Kulon tumuli ngrukti kurmat layon minulya.

Kawula dasih rebut ducung atur sungkem marang Kanjeng Sinuwun. Telung dina suwene banjur kapetak sumare ing pajimatan Tegal Arum. Ing sakmarga marga waspa kumembeng, cihna nandhang rasa dhuhkita.

Kanthi manah ingkang wening putra wayah asung tata cara pakurmatan. Pinuju Dina Ahad Wage 25 Sura utawa 13 September 2020. Kanjeng Sinuwun katuran pakurmatan saking karaton Surakarta Hadiningrat GKR Wandansari ngadani tata cara larapan langse.

Prajurit prawira anom ndherek pengawalan. Abdi dalem bedhaya nyangking ubarampe. Sesaji awujud sekar, jajan pasar, pala pendhem, pala gumandhul jangkep. Payung angastani lakune abdi dalem purwa kinanthi.

Kukuse dupa kumelun, sumundhul ing ngawiyat. Donga tahlil tahmid takbir tasbih diwaca dening abdi dalem ngulama. Ngumandhang tumekan awang-awang, pasareyan Ingkang Sinuwun Amangkurat ngengreng wibawa. Kawangun tundha matundha, saben tundha winangun gapura. Tinata dahat asri tiningalan. Abdi dalem kakung putri, saperangan abusana ireng putih. Sangsaya mimbuhi sinar kawibawan.

Ing jaban hastana ndherek sumare Kanjeng Ratu Kencono. Garwa dalem iki uga sinebut Kanjeng Ratu Wiratsari, putrine Pangeran Kajoran. Isih tedhak turun Pangeran Benowo. Genah yen prameswari Mataram wayah buyut Sultan Pajang.
Ndherek sumare para Bupati Tegal turun tumurun. Uga pengageng karaton Mataram. Tata cara adat Suran lumaku kanthi lancar gancar. Nderek ngaturake suka sukur. Kembul bujana andrawina ing joglo Amangkurat.

Pelataran jembar, hawane adhem, angin sumilir. Cocok banget kanggo ngaso enggar-enggar penggalih. Dhahar siang bebarengan pancen mat-matan. Iki ateges guyub rukun. Pandherek saka Madura, Surabaya, Boyolali, Wonogiri, Rembang, Banyumas, Brebes, Semarang caos pakurmatan kagem Sinuwun Amangkurat.

Paraga kang nindakake wajib rumangsa bombong atine. Pahargyan rampung. Prajurit, bedhaya, abdi dalem tumuli dhahar bareng. Acara larapan langse bisa ngrukunake warga bangsa. Rasa tresna sih sumungkem konjuk marang Sri Susuhunan Amangkurat Agung, bakal ndayani urip ayem tentrem.

(M-01)

Ditulis oleh Liputan68

Jurnalis dan penulis berita di Liputan68.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Home Trending

Kategori Berita

Pencarian