Macapat Idul Fitri

P jagaPasugatan Paguyuban Kawula Kraton Surakarta Hadiningrat (PAKASA) pang Nganjuk

Karumpaka dening :
KRT Sukoco Madunagoro

KMT Ida Madusari

KRT Purwadi Sosronagoro

1. Dhandhanggula Idul Fitri

Bagya mulya dinten Idul Fitri
sanak kadang dulur pawong mitra
sewu suka penggalihe
guyub rukun satuhu
ngraketake silaturahmi
apura ingapura
lahir batin tulus
nglebur kehing kaluputan
mbudi daya murih sampurnaning dhiri
Allah paring nugraha.

Surya terang wanci bangun enjing
kadang muslim sami tata tata
wiwit pasa akhir sore
Zakat Fitrah rumuhun
sinartan takbir tasbih tahmid
awang-awang ngumandhang
jroning batin sujud
pasrah marang Gusti Allah
ngluhurake asmane Hyang Maha Suci
tansah paring anugrah.

2. Pangkur Idul Fitri

Pahargyan hari lebaran
Idul Fitri ingkang den anti anti
tumibaning rahmat agung
tutug ngibadah siyam
amal kautaman meper hawa nafsu
adhedhasar kitab suci
wulang wuruking agama.

Sembahyang ing wanci enjang
wus katelah sembahyang Idul Fitri
manembah lumampah khusyuk
ngangkah antuk barokah
kang katuju mrih ayem tentreming kalbu
sumarambah kulawarga
bebrayan miwah negari.

Pasuryan sami sumunar
sambang sambung srawung silaturahmi
gupuh aruh sagah suguh
cepak grapyak sumanak
dhahar ngunjuk lenggah sareng katon sayuk
takbir tahmid kang ngumandhang
angrenggani jagad raya.

3. Kinanthi Idul Fitri Silaturahmi

Idul Fitri dintenipun
sumangga silaturahmi
ngraketake seduluran
pangapura lahir batin
ayem tentrem ing bebrayan
tata raharja sayekti.

Sanak kadang padha kumpul
sami dandan edi peni
nuli dhahar ngunjuk eca
pasuryan mubyar sumunar
perbawane hari raya
binerkahan ing sesami.

4. Kinanthi Idul Fitri Pasugatan

Pasugatan para tamu
jroning hari Idul Fitri
lonthong opor tahu kupat
jadah jenang emping kripik
segere wedang unjukan
dhahar ngunjuk warni-warni.

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *