Sejarah Wedharan Kitab Sastra Gendhing
Oleh: Dr Purwadi M.Hum
(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA. Hp 087864404347)
A. Werdining Wedharan Kautaman.
Kitab Sastra gendhing ingkang rinipta dening Kanjeng Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma dados pepadhang gesang. Para nayaka sentana kawula ing Negari Mataram sami mersudi wedharan kutaman. Murih jiwa raga langkung tumata.
Pangkur.
Dene watak nawasanga, wus kanyatan gumlaring bumi langit, iku kawruhanan agung, endi kang luhur andhap, upamane papan lan tuduhipun, kanyatahaning panembah, kalawan ingkang pinuji.
Reriptan seni edi peni, budaya adi luhung minangka sumbering wejangan budi luhur. Pramila prayogi kawaos kanthi titi permati. Amrih padhanging sasmita.
Narendra sudibya wasis gekaring tata sastra. Nlesih sejarah dalem para nata ing Negari Mataram. Sayektos negari Mataram punika sambetipun kraton Pajang, Demak, Majapahit. Trahing kusuma rembesing madu, wijining atapa, tedhaking andana warih.
Nata ingkang jumeneng ing negari Mataram kawiwitan saking Panembahan Senopati tahun 1582 – 1601. Kalajengaken Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati tahun 1601 – 1613. Patutan kaliyan Kanjeng Ratu Banuwati miyos Raden Mas Jatmiko. Ratu Banuwati piyambak pernah putrinipun Pangeran Benawa.
Cetha bilih Ratu Banuwati wayah dalem Sultan Pajang, Jaka Tingkir utawa Sultan Hadiwijaya Kamidil Syah Alam Akbar panetep Panatagama. Jumenengan tahun 1546, nglajengaken kejayaan Kasultanan Demak Bintara.
Kraton Mataram salajengipun dipun pandhegani dening Sinuwun Sultan Agung Hanyakra Kusuma. Miyos dinten Jum’at Legi tahun Jimakir 1514 utawi 14 November 1593. Kanthi asma timur Gusti Raden Mas Jatmika utawi Raden Mas Jolang. Wiwit timur wasis pertitis ing samukawis.
Kanjeng Sultan Agung Hanyakra Kusuma saestu narendra gung binathara, mbahu dhendha nyakrawati, ambeg adil paramarta, ber budi bawa laksana, memayu hayuning bawana. Jumeneng nata wiwit tahun 1613 ngantos 1645.
Nalika ngasta bang-bang pangalum-aluming praja, negara Mataram ngalami jaman kencana rukmi. Kraton Mataram saged winastan negari ingkang panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.
Kawula dasih ing gunung ngagunung, desa ing ngadesa, kutha ing ngakutha sami ayem tentrem, mirah sandhang pangan papan. Kanjeng Sultan Agung dados punjering pangayoman.
Ing babagan tata praja, Kanjeng Sultan Agung Hanyakra Kusuma kasebat narendra guna ing ngaguna, tan ngundhak gunaning jalma.
Wiwit tahun 1614 panjenenganipun sang nata sesambetan memitran kaliyan bupati Bang Wetan, Kasultanan Cirebon, Kasultanan Banten, Kasultanan Palembang, Kasultanan Banjar Kalimantan miwah Kasultanan Deli Serdang. Negari Mataram jeneng anempuh bebasan gedhe obore, padhang jagade dhuwur kukuse, adoh kuncarane, ampuh kawibawane sedaya sami kayungyun dening pepoyaning kautaman.
Pangawikan satataning panembah jati kababar dening Sinuwun Sultan Agung lumantar Serat Sastra Gendhing. Isinipun mratelakaken unggah ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa. Kitab Sastra Gendhing karumpaka tahun 1627, kinarya wulangan wejangan wedharan kangge putra wayah, sentana tuwin nara praja. Ing pangangkah gesang sangsaya terang trawaca miturut angger-anggering kautaman. Tembang sinom ing ngandhap punika petikan saking serat Sastra Gendhing.
Sinom.
Lumaraping puspa warsa, sumunar amartani, kababar arum kang ganda, kabengkas ing warsa sari, sakehing srana kengis, sinawung sarkara hayu, yeku ta sanepannya, wimbani sasmita murti, kang tinunggwing momong momor momot driya.
Angger anggering negari kinarya tentreming sagung warga bangsa. Paugeran lelandhesan wulang wuruk kautaman dugi prayogi.
B. Babaran Kawruh Kasampurnan.
Gesang sinartan sambang sawang sambung srawung tulung tinulung. Sastra gendhing paring wulangan wejangan wedharan. Kanjeng Sultan Agung murih rahayuning sagung dumadi.
Dhandhanggula.
Mungguh hahikat kawruh ingesthi, ngijen ijen trusing kasampurnan, hakikat wus nunggalake, makrifat trusing kalbu, jalma ingkang ngluharaken gendhing, pangesthining jro tekad, cangkring tuwuh bendhung, tegese bapak lan anak, dhingin anak bapak ginawe ing siwi, mendah yen mengkonoa.
Sayektine jagad tan dumadi, sabab kadim kadhinginan anyar, kasungsang iku dadine, nadyan kang ngarani luhur, gendhing temah tan dadi bayi, pesthi tetepkewala, nangis ki kayatun, lawan lapal ya bubana, wujud olah amengku dusul ngalamin, tuhu gumelaring jagad.
Jumbuhing pananggalan surya sengkala miwah candra sengkala murih guyubing bebrayan. Kanjeng Sinuwun Sultan Agung netepaken tata cara titi mangsa enggal. Pananggalan surya sengkala adhedhasar tahun Saka. Dene pananggalan candra sengkala adhedhasar tahun Qomariah.
Kalih-kalihipun lajeng dipun ripta kanthi laras liris. Liripun sedaya warga sami suka rena nyengkuyung kalender Sultan Agungan. Lajeng sami aningali wulan sura, sapar, mulud, jumadilakil awal, jumadil akhir, rejeb, ruwah, pasa, bada, Sela, besar.
Perlu kawuningan bilih santosaning negari menawi kasengkuyung dening gancaring wulu pametu. Amila Sinuwun Sultan Agung ambangun bandaran megah, nami pelabuhan Tanjung Emas. Bandaran ageng winangun ing kutha Semarang.
Menggah ingkang kajibah mandhegani pelabuhan Tanjung Emas kadhawuhan Tumenggung Bahureksa. Saben wulan Tumenggung Bahureksa atur pelapuran dhumateng Kanjeng Ratu Batang, prameswari dalem Sinuwun Sultan Agung.
Pelabuhan Tanjung Emas ingkang kabangun tahun 1629 anjalari negari Mataram tambah gemah ripah. Dedagangan gancar lelayaran lancar. Rinten dalu anglur dumelur, awit tan ana sangsayaning margi.
Surud dalem Kanjeng Sinuwun Sultan Agung rikala dinten Jum’at Legi Tahun Jimakir utawi tahun 1645 Masehi. Sumare ing Pajimatan Luhur para nata Imogiri.
Nata Mataram nomer tiga tahun 1613 – 1645, Sinuwun Sultan Agung sampun amarisi patuladhan tumrap sadhengah warga bangsa. Kasusastran, kabudayan, kasusilan lan kenegaraan jaman Sinuwun Sultan Agung tetep basuki lestari.
Asamarandana.
Dudu akal wosing gendhing, akal lelungiting sastra, ngakali gendhing yektine, babaran sandhining sastra, hanyataning aksara, sabab alip ingkang tuduh, mengku gaibul hupiyah.
Rasa pangrasa upami, yekti dhingin rasanira, pangrasa ing kahanane, kang cipta kalawan ripta, cipta kang gendhing mangapus, kang nembah lan kang sinembah.
(M-01)

Tinggalkan Balasan