Liputan KOLOM

Empu Tantular Pujangga Keraton Majapahit

Ditulis oleh Liputan68 pada 1 November 2020 ⏱️ 2 Menit Baca

Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA)

A. Bhineka Tunggal Ika.

Pujangga Karaton Majapahit asma Empu Tantular. Misuwur minangka sarjana winasis ingkang ngripta sesanti Bhineka Tunggal Ika. Dados paugeran tata praja ing bumi Nusantara.

Asma ingkang kaloka lestari ngantos dinten sakmangkin. Kinarya nama musium sejarah ing tlatah Jawa Wetan. Inggih menika Musium Empu Tantular.

Pahargyan tetepan pamong Pakasap mapan ing Musiump Empu Tantular, Jl Raya Buduran Badrek, Siwalanpanji Buduran Sidoarjo. Wanci titi laksana dinten kamis, 29 Oktober 2020. Dhawah kaleresan 12 Mulid tahun jimakir. Petungan kanthi titi permati.

Pakuumatan kagem Pujangga Majapahit kanthi pahargyan ageng. Tata cara tetepan lan wisudan abdi dalem karaton Surakartap Hadiningrat katindakaken kanthip gumreget gumregut gumregah. Minangka Pangarsa Paguyuban yaikup KMT Rizki Niswarini Utami, S.Sn. Dene alamatipun ing Istana Candimas Regency Cluster Singosari Blok G3/8 Ngampel Candi Sidoarjo.

Pamong Pakasa Nganjuk pikantuk nawala sedhahan. Pinandhegan dening KRT Sukoco Madunagoro. Kepareng ndherek KMT Ida Madusari, Nyi Behi Sunarmip Sekar Rukmi, Nyi Behi Sudarmi Puspodiprojo. Sedaya sami kepyekp nindakaken gawa gawene Kraton. Kados sumpah prasetya rikala kawisuda.

Enjing bidhal gumuruh saking jroning praja. Jam 6 enjing sampun samip pacak baris. Gita gita lumaksana. Supados kekiyatan kiyeng, mampir rumiyin ing warung imbuh dhewe. Pepak pasugatan, jangkep suguhan, kathah dhaharan, maneka warni unjukan. Milih piyambak. Imbuh dhewe. Bebas mardika. Sega thiwul, sega jagung, sega beras winadhahan tumbu wakul.

Kembul bujana andrawina kanthi suka rena. Bakwan, bakmi, tempe, tahu, ulam, daging cumepak. Kangkung, bayem, terong, loncang, kubis, kacang pepak kaliyan lalapan. Sambel pecel, sambel korek, sambel tumpang, sambel goreng, sambel trasi kantun mundhut. Angrahapi kanthi eca sekeca.

Unjukan teh manda manda, kraos seger sumyah. Kopi anget nundhung raos ngantuk. Wonten ugi jus, ingkang mak nyus. Ketingal juru masak trampil prigel. Raosipun mesthip nyamleng.

Lumampah nglangkungi jalan tol. Gancar lancar wiwit pintu gerbang Begadung, Sukomoro, baron, kertosono. Kali brantas mili, katon angler. Toya saking gunung anjasmara, arjuna, kelut, wilis, semeru angileni sabin. Tandha tlatah ingkang subur makmur.

BACA JUGABABAD BLORA

Kendaraan terus laju, nempuh kutha jombang, Mojokerto, Sidoarjo. Dugi kriyan, waru tumuli ngener nganan tumuju papan pahargyan. Jam 8 sampun dugip ing Musium Empu Tantular.

Menggahing para mudha, Musium Empu Tantular dados sarana pamulangan. Siswa sinau sejarah reriptan Sastra piwulang. Empu Tantular ngesuhi kapujanggan Kraton Majapahit. Sinuwun Prabu hayamwuruk ngasta praja tahun 1350 – 1386.

Sang Nata Majapahit nyengkuyung reriptan kitab Sutasoma. Ing pangangkah kinarya gegebengan tumrap abdi dalem, nayaka, sentana. Kitab Sutasoma nelakaken sesanti BhinekaTunggal Ika. Bentening bahu duku udhu panemu, cipta rasa karsa tetep manunggal.

Sesanti luhur menika kagem penget kenegaraan. Siswa ingkang ngangsu jawruh prayogi mbudidaya pangertosan. Murid manggih suka basuki.

Watawis tabuh 9, para abdi dalemp sami ngadi sarira ngadi busana. Ingkang putri ngagem kebayak cemeng, sanggul, susuk kondhe, kalung, suweng, nyamping, samir, sandhal mirunggan. Sedhep lamun sinawang. Ayunipun kados widodari ngejawantah ing ngarcapada.

Abdi dalem kakung busana beskap. Iket blangkon, samir, nyamping, sabuk, timang, sabuk, wala, stagen, wangkingan, bebedan jarik wiron. Mlampah lelemek slop. Busananipun indah gagah megah mewah. Bagusipun lir pendah dorandara mandhap saking kayangan cakra kembang.

Warga Pakasa remen ngagem rerenggan radya laksana. Lambang Karaton Surakarta Hadiningrat sayektos mengku werdi ingkang luhur. Ugi lambabg Pakasa kanthi sesanti Setya,
rumeksa, saraya.

B. Tata Praja Warisan Majapahit.

Karaton Majapahit ngalami jaman keemasan. Karena mumpuni olah kaprajan. Ratune ratu utama, patihe patih linuwih.

Tata pahargyan segera dimulai pukul 10. GKR Wandansari Koes Moertiyah dan KPH Wirobhumi tedhak beserta sentana Karaton Surakarta Hadiningrat. Abdi dalem berdiri berjajar jajar mangayu bagya.

Gamelan carabalen ngumandhang ing awang awang. Suwasana regeng mrebawani. Busana maneka warna lir widodara widodari.

Beksan golek ayun ayun murwakani pahargyan. Penari cacah sekawan gandhes luwes dhemes kewes merak ati. Larasing gangsa jumbuh kaliyan geraking joget. Karya sengseming kang humyat.

BACA JUGABerfilsafat?

Para abdi ingkang kawisuda katimbalan ngajeng. Setunggal mbaka setunggal kadhawuhan nampi serat Kekancingan. KPH Kusumo Sangkaya maos serat tetepan. Para abdi dalem sumunar pasuryan. Ganjaran pangkat sesebetan paribg dalem Karaton Surakarta Hadiningrat estu hamberkahi.

Tari bondhan kendhi sawetawis paring raos lelipur. Para mudha sami saiyek saeka praya ngleluri kagunan jawi. Sanyata Pakasa cabang Sidoarjo Bangkit olah gelaring seni edi peni, budaya adi luhung. Ing pangajab Kabudayan dados saja guru kapribaden bangsa. Budaya sangsaya mencar moncer.

Pengageng Karaton Surakarta Hadiningrat enggal paring sabda pangandika. Pratelan babagan serat Kekancingan. Ingkang nampi sampun dipun kunci dening Karaton Surakarta Hadiningrat. Kunci ngengingi gawa gawe utawi tanggung jawab. Kewajiban sowan sedangunipun Karaton Surakarta Hadiningrat kagungan upacara.

Katrangan budaya
wonten tigang perkawis. Suba sira, tata Krama, tata susila perlu kawuningan. Pawiyatan mbabar kawruh tata cara. Kados ingkang sampun ngrembaka ing tlatah Blitar, Malang, Semarang. Warga Pakasa kathah ingkang dados pambiwara, juru rias manten, pengrawit ingjang mumpuni.

Memetri Kabudayan nyatanipun ndayani gesang, ekonomi mindhak kiyat. Pangupa jiwa sangsaya tumangkar. Menggahing pakaryan dados dedamel. Tekun teken tekan.

Uba rampe njangkepi pahargyan. Kukusing dupa kumelun, sumundhul ing ngawiyat. Tumpeng robyong, tumpeng sewu, woh wohan genep genah, anut Jongko jangkaning jaman.

Rum kuncaraning Bangsa dumunung ing luhuring budaya. Tetepan lan wisudan abdi dalem karaton Surakarta Hadiningrat ing Kabupaten Sidoarjo mimbuhi kawibawan kawidadan kabagyan sarta kamulyan.

Saestu Empu Tantular dados pandam pandom panduming dumadi. Olah tata praja mawi pangawikan kautaman.

(LM-01)

Ditulis oleh Liputan68

Jurnalis dan penulis berita di Liputan68.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Home Trending

Kategori Berita

Pencarian