Babad Laweyan

Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum. 

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA Hp: 0878 6440 4347)

A. Leluhur Bumi Mataram.

Laweyan saestu papan dununging leluhur Mataram. Pepundhen para nata ing Tanah Jawi ngenam tata rakiting gesang.

Para nata ing tanah Jawa tansah memetri lampahing leluhur ingkang sampun cinandhi ing ngawiyat. Kanthi nindakaken upacara miturut satataning paugeran. Tata cara kala wau winaris nak tumanak run tumurun. Mapan ing wilayah Laweyan.

Umbul Pengging lan umbul Cakra mili tumuju kali Larangan. Banyu bening mrembes ing bumi Laweyan. Murih gancar sempuluring gesang bebrayan.

Pepundhen Laweyan kathah ingkang kasusra. Ki Ageng Henis miyos rikala jaman Demak tahun 1493. Peputra Ki Ageng Pemahanan. Lajeng nurunaken Kanjeng Panembahan Senapati, narendra Mataram tahun 1582 – 1601. Dene ingkang rama Ki Ageng Henis asma Ki Ageng Sela, putranipun Ki Ageng Getas Pendawa. Silsilah ing nginggil Ki Ageng Getas Pendawa putranipun Raden Bondan Kejawan patutan kaliyan Dewi Nawangsih.

Saking alur Nawangsih, putri Ki Ageng Tarub. Dene alur saking Raden Bondan Kejawan tedhak turun Prabu Brawijaya V, narendra ing karaton Majapahit pungkasan jumeneng nata Majapahit tahun 1478. Ki Ageng Henis sayektos trahing kusuma rembesing madu, wijiling atapa, tedhaking andana warih.

Miturut layang sejarah Ki Ageng Henis seda tahun 1563, jaman Kasultanan Pajang. Tumuli kapetak ing pajimatan Laweyan. Ki Ageng Pamanahan putra Ki Ageng Henis mapan ing tlatah Manahan. Ing tembe dadi pangarsa kang pinercaya dening Kanjeng Sultan Hadiwijaya utawa Jaka Tingkir. Ki Ageng Pamanahan ginanjar Alas Mentaok. Ki Ageng Penjawi ginanjar bumi Pati.

Putra Pamanahan asma Ngabehi Loring Pasar utawa Danang Sutawijaya. Ing tembe jumeneng nata ing Negeri Mataram, kanthi jejuluk Panembahan Senapati. Garwa prameswari asma Ratu Waskitha Jawi, putri Adipati Pati, Ki Ageng Panjawi. Miyos putra kakung lumintir keprabon jejuluk Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati. Jumeneng nata ing Mataram tahun 1601 – 1613.

Salajengipun Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati anggarwa Ratu Banuwati, putri Pangeran Benawa Pajang. Kapernah wayah Sultan Hadiwijaya. Palakrama menika nuli miyos Raden Mas Jatmika. Ing tembe jumeneng nata ing Mataram tahun 1613 – 1645, kanthi jejuluk Sinuwun Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma. Keprabon Mataram dibacutake denin Sinuwun Amangkurat Agung 1645 – 1677, Sinuwun Amangkurat Amral 1677 – 1705, Sinuwun Amangkurat Mas 1703 -1708, Sinuwun Paku Buwana I 1708 – 1719, Sinuwun Paku Buwana II 1719 – 1726, Sinuwun Paku Buwana III 1726 – 1749.

Wewangunan ing Pajimatan Ki Ageng Henis dipun yasa dening Sinuwun Amangkurat Amral wiwit tahun 1677. Nalika semanten kutha negari Mataram pindhah saking Plered dumugi Kartasura. Pangangkah mendhem jero mikul dhuwur, ngalap berkah para leluhur.

Pindhahan kraton Kartasura dhateng Surakarta tanggal 17 Sura 1745. Sinuwun Paku Buwana II nyuwun idi palilah dhumateng Ki Ageng Henis, murih manggihi suka basuki. Pindhahan negari dipun pandhegani dening Tumenggung Hanggawangsa. Wilujengan ing pasareyan Ki Ageng Henis Laweyan kanthi titi premati.

Saben wulan Ruwah para darah nata turun Mataram sami sowan. Tata cara nyadran ing Pajimatan Ki Ageng Henis lumampah kadherekaken dening abdi dalem sentana tuwin pengageng karaton. Mugi rahayu kang sami pinanggih. Laweyan pramila papan dununging pepundhen nuswa Jawi.

B. Pranatan Pasareyan Dalem

Tata cara ing Pasareyan Laweyan dalem Kyai Ageng Henis nami misuwur.
Paugeran sampun netepaken bilih makam Ki Ageng Henis minangka cagar budaya. Pratelan punika adhedhasar keputusan Walikotamadya Kepala Daerah Tingkat II Surakarta nomor 646/116/1997. Wondene cagar budaya No. 01 63/F/Lw/2012 Makam Ki Ageng Henis.

Katrangan salajengipun bilih : cagar budaya ini dilindungi oleh Undang-undang Republik Indonesia No. 11 tahun 2010 tentang cagar budaya. Surakarta, Nopember 2012. Terang trewaca bilih pasareyan pikantuk kawigatosan saking pemerintah. Landhasan hukum wigatos sanget murih lestarining tata cara ingkang sampun lumampah.

Pranatan sowan pasareyan/pajimatan kagungan dalem karaton Surakarta Hadiningrat. Dhawuh dhumateng abdi dalem juru kunci pajimatan.

1. Kori mlebet pajimatan kedah dipun kunci.

2. Para peziarah kedah lapur juru kunci.

3. Peziarah kedah lepas srandal, sepatu, sarung.

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *