Liputan KOLOM

Sejarah Leluhur Mataram Ing Pajimatan Girilaya

Ditulis oleh Liputan68 pada 19 Oktober 2020 ⏱️ 2 Menit Baca

Oleh: Dr Purwadi M.Hum

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA. HP 087864404347)

 

A. Tata Cara Mendhak GKR Galuh Kencono.

Leluhur Mataram sumare ing Puralaya Kotagedhe, Pasareyan Girilaya lan Pajimatan Imogiri. Kanjeng Panembahan Senapati lan Sinuwun Hadi Prabu Hanyakrawati sumare ing Puralaya Kotagedhe.

Wondene Kanjeng Ratu Banuwati sumare ing Pasareyan Girilaya. Ingkang sumare ing Girilaya sanesipun nenggih Sultan Abdul Karim raja Cirebon. Lajeng Ratu Mas utawi Pembayun Ratu Kulon, garwa dalem Sinuwun Amangkurat Agung. Lajeng peputra Sri Amangkurat Amral. Mila Pasareyan menika kalebet pepundhen Mataram.

Gegadhangan kalian tata cara, katindakaken memule leluhur kekalihipun. Upacara Memule lumampah anut paugeran ingkang sampun turun tumurun.

Wanci dinten Ahad Pahing, 18 Oktober 2020 Karaton Surakarta Hadiningrat asung pepenget kagem alusipun GKR Galuh Kencono. Tata cara mendhak kapandhegan dening Pangageng Sasana Wilapa, GKR Wandansari. Kadherekaken sentana lan abdi dalem.

GKR Galuh Kencono surud ing kasedan jati, manjing ing tepet suci, lajeng sumare ing Pajimatan Imogiri. Lenggah tunggil papan kaliyan Sinuwun Paku Buwana XII dalah Kanjeng Ratu Ageng. Astana Kaping Kalih Welasan, winangun Joglo Kelanggengan.

Lenggah jajar sasana kaswargan sesarengan Sinuwun Paku Buwana X saha Sinuwun Paku Buwana XI. Wondene GKR Galuh Kencono sumare cerak KPH Harya Mataram miwah KGPH Kusumayuda.

Abdi dalem Karaton Surakarta Hadiningrat pacak baris. Sekar sumawur aganda arum kasangkul winadhahan baki. Mawar melathi kenanga rinumpaka edi peni. Dupa garu rasamala angiringi. Lon lonan lumampah nut abaning pangarsa.

Kepareng nyalirani GKR Wandansari, GKR Retno Dumilah, GKR Ratu Timur, KPH Wirobhumi. Sesulih kulawarga KPH Satriya Hadinagoro, Kepareng rawuh Bendara Raden Ayu Salindri lan Ndoro Bimo. Sedaya sami amemuji kagem leluhur ingkang sampun cinandhi ing ngawiyat.

Abdi dalem anon anon ingkang ndherek maneka warni. Saking tlatah Sukoharjo, Karanganyar, Boyolali, Klaten. Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Hadiningrat utawi PAKASA Nganjuk wiwit enjing sampun siyaga ing gati, sawega ing dhiri.

Minangka pengageng Lembaga Dewan Adat, GKR Wandansari sigra paring dhawuh. KRT Wiradipura kadhawuhan tahlil tahmid takbir. Ndedonga mawi cara Kejawen Islam Kraton. Kanthi nyebat para nata ingkang dados pepundhen ing Tanah Jawi.

Kukusing dupa kumelun, sumundhul ing ngawiyat. Ganda arum sumerbak sajuru juru. Pajimatan regeng ngengreng merbawani. Pendherek saluku juga, lampah manekung. Ngeningken cipta, amepet pancandriya. Satunggal ingkang sinidhikara.

Katarimah sedaya panuwunan. Puji pangastuti kapungkasi, kalajengaken sowan ing Ngarsanipun para nata ingkang sumare. Sinuwun Paku Buwana X 1893 – 1939. Sinuwun Paku Buwana XI 1939 – 1945. Sinuwun Paku Buwana XII 1945 – 2004.

Putri Sinuwun Hamardika ingkang peng pengan. Wondene GKR Galuh Kencono miyos Maret 1950 – Oktober 2019. Pusara putra Dalem Sinuwun Paku Buwana XII menika karengga payung ingkup warni jene. Kayu tetenger kinalungan melathi rinonce. Ing papan Pasareyan GKR Galuh Kencono kraos adhem ayem. Swargi kagungan kautaman, ingkang akarya sengseme sesami.

B. Pajimatan Girilaya Pepundhen Mataram.

Pasareyan Girilaya dipun pepundhi dening darah nata. Para abdi dalem sami enget luhuring budi. GKR Galuh Kencono asring tedhak ing sadhengah papan. Welas asih dhateng Kawula dasih. Mila duk rikala surut mesthi kejot ing galih. Rumaos kecalan payung pengayoman.

Upacara mendhak setahun ketingal ngegla, cetha pinaringan sih dening GKR Galuh Kencono. Pangajab sami mulya lahir batos. Sageda andayani sagung abdi dalem.

Kados ingkang rinaos pangarsa PAKASA Nganjuk, KRT Sukoco Madunagoro. Kadherekaken KMT Ida Madunagoro lan Nyi Behi Sunarmi Sekar Rukmi. Ngalap berkah dhumateng leluhur Mataram. Warga Nganjuk kasuwun pikantuk suasana gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja.

Pengageng Keputren dipun pandhegani dening GKR Galuh Kencono. Rikala wulan September 2019, GKR Galuh Kencono tedhak ing Pajimatan Girilaya. Kersa paring wejangan kinen memule para darah nata.

Wejangan Gusti Galuh Kencono kala wau perlu dipun estokaken. Upacara mendhak kalajengaken ing Girilaya. Jawah rintik rintik mimbuhi antebing kang sami seba.

Tata cara ing Pajimatan Girilaya lumampah dinten Ahad Pahing, 18 Oktober 2020, wiwit jam 16. Tebihipun kaliyan pajimatsn Imogiri watawis 1 km. Kaplalah kepara adhep adhepan. Sami mapan sakpucaking wukir.

Undhakaning Pasareyan Girilaya winastanan inggil. Perlu tenaga tikel matikel. Wewangunan katinon saking tebih,l cetha menawi Girilaya langkung sepuh.

Watu gilang saking Mekkah ageng ngengreng. Dipun sawat dening Kanjeng Sultan Agung sesarengan uncalan jumrah. Sela Tanah puser bumi dhawah ing puncaking redi Girilaya.

Sasana luhur Pajimatan Girilaya wigatos sanget. Sumare ing Girilaya Kanjeng Ratu Banuwati, garwa prameswari Sinuwun Hadi Prabu Hanyakrawati, Raja Mataram tahun 1601 – 1613. Ratu Banuwati putrinipun Pangeran Benawa, wayah dalem Sultan Hadiwijaya, narendra ing Pajang. Pangeran Benawa besanan kaliyan Panembahan Senapati.

Ing sarasilah Kanjeng Ratu Banuwati kapernah ibunipun Kanjeng Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma, raja Mataram tahun 1614 – 1645. Kanjeng Ratu Banuwati dangu dipun emong prameswari Sultan Pajang, nenggih Ratu Mas Cepaka.

Upacara mendhak kagem pangageng Karaton Surakarta Hadiningrat ing Pajimatan Imogiri lan Girilaya lumampah gancar lancar. Sedaya pengageng, sentana abdi dalem manggih suka basuki. Grimis saking langit ugi lajeng terang.

Watawis 4 meter papanipun Kanjeng Ratu Pembayun Utawi Kanjeng Ratu Hemas. Kawentar sinebat Ratu Kulon, garwa Sinuwun Amangkurat Agung tahun 1645 – 1677. Ibunipun Sinuwun Amangkurat Amral Utawi Raden Rahmat Kuning. Mijil saking Surabaya.

Ratu Pembayun Utawi Ratu Kulon, putrinipun Pangeran Pekik, patutan kaliyan Ratu Pandansari. Sinuwun Amangkurat Amral jumeneng nata ing mataram tahun 1677- 1703. Angedhaton ing Kartasura.

Pajimatan Girilaya ugi papan Pasareyan Sultan Cirebon. Asma Kanjeng Sultan Abdul Karim. Garwa prameswari Sultan Agung, asma Ratu Mas Tinumpak utawi Ratu Siti Karimah.

Putri Sultan Abdul Karim ngkang nglahiraken Pangeran Alit. Lajeng peputra Pangeran Cahya Kusuma utawi Raden Ahmad Amirullah. Trah tumerah Pangeran Cahya Kusuma nurunaken para Bupati Brebes.

Leluhur Kraton Mataram sayektos ngeksa kawibawan kawidadan kabagyan sarta kamulyan ing bumi Nuswantara.

(M-01)

Ditulis oleh Liputan68

Jurnalis dan penulis berita di Liputan68.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Home Trending

Kategori Berita

Pencarian