Liputan KOLOM

Babad Presiden Soeharto

Ditulis oleh Liputan68 pada 5 Juli 2021 ⏱️ 2 Menit Baca

Oleh: Dr Purwadi M.Hum.

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, Hp 087864404347)

 

1. Dhandhanggula

 

Kang winarna Presiden linuwih,

Bapak Jendral Soeharto kaloka,

Sabang nganti Merauke,

Setya darma alabuh,

Jiwa raga ibu pertiwi,

Bekti mring nusa bangsa,

Ngudi adil makmur,

BACA JUGATanpa Judul

Saindhenging nuswantara,

Bareng mukti kanthi tekade nyawiji,

Ayem tentrem tumata.

 

Pak Soeharto pangarsa negari,

Mandhegani kawula sakpraja,

Siyang ratri enjang sore,

Katelah Orde Baru,

Pemerintah sarwa mumpuni,

Mulya jejeg wibawa,

Luhur panjang punjung,

Pasir wukir gemah ripah,

Loh jinawi tatag tutug tata titi,

Temah arum kuncara.

 

2. Gambuh

 

Tahun suwidak pitu,

Kelahiran awal Orde Baru,

Pak Soeharto sinengkuyung warga nagri,

Dadi Presiden kang ampuh,

Mimpin rakyat andhap asor.

 

Tandur subur lan makmur,

Sandhang pangan papan kang sempulur,

Pak Soeharto Presiden kang mitayani,

Warga kutha dhusun gunung,

Rumangsa urip miraos.

 

3. Pucung

 

Padha weruh Orde Baru pancen tangguh,

Turah kemakmuran,

Lampah dagang among tani,

Lancar gancar panguripan sarwa mubyar.

 

Pari jagung bayem kangkung tela pohung,

Kebo sapi menda,

Ayam bebek kuthuk meri,

Boga wastra waras wasis tur warata.

 

4. Kinanthi

 

Pemerintah Orde Baru,

Rame gawe sepi pamrih,

Aran Bapak Pembangunan,

Kagem Presiden Republik,

Indonesia wis kondhang,

Jagad raya kang nekseni.

 

Presiden Soeharto guyub,

Bareng pemimpin negari,

Mapan ana ing ASEAN,

Kinarya tepa palupi,

Murih suka bagya mulya,

Kajen keringan mandhiri.

 

5. Pangkur

 

Pawiyatan dadi srana,

Para mudha wasis ing samukawis,

Waras wiris kagem umum,

Wewangunan Puskesmas,

Wastra utuh wareg tangguh warta ampuh,

Waskitha lan wicaksana,

Pak Soeharto nyembadani.

 

Sregep maca layang kuna,

Reriptane pujangga kang pinilih,

Tata praja wulang wuruk,

Wedharing pangawikan,

Sakeh ngelmu binudi antebing kalbu,

Pak Soeharto paripurna,

Agal alus lahir batin.

(LM-01)

Ditulis oleh Liputan68

Jurnalis dan penulis berita di Liputan68.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Home Trending

Kategori Berita

Pencarian