Candraning Wanita Saking Paprincening Badan Saha Watekipun

Disusun oleh: Dr Purwadi MHum

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp: 0878 6440 4347)

1. Candraning Wanita

Wonten tumrap candraning wanita, ingkang ugi kaciren dening paprincen, ugi wonten namanipun piyambak, kados wanita ingkang andhap alit, abrit ulesipun, sakethik sarta imba nyengar, bathuk ciyut, punika kirang ginarwa, langkung awon driji suku lan asta katingal cekak. Punika mratandhani mathikil, utawi anggadhahi srehi, boros, remen lampah sandi, culika, sisip dhateng kakung.

Manawi mripatipun abrit, punika ingkang kawastanan durga nglilir. Wanita ingkang kasbut nginggil prayogi dipun singkiri. Wanita ingkang andhap alit, ules cemeng, remanipun pan¬jang, pan esmukunir, kaduk manis, mripat (n)jait, lindri semu liyep, lampahipun nyarpa lupa, payudara nyengkir gadhing, pangandikanipun tanduk lenggah, manawi lenggah katingal tajem, punika amratandhani wanita ingkang langkung prayogi.

Manawi kangge timbangan. Watekipun bekti dhateng kakung, sarta gemi simpen kadonyan. Pawestri ingkang kasebut nginggil punika gadhah ajrih yen dipunmaru lan kenging kusumawicitra.

2. Wanita Dedeg Andhap Alit

Wanita ingkang andhap alit, cemeng ulesipun, yen tumandang trengginas, trampil, tatas ingkang pangandikani¬pun, sarta kaduk rongeh tandangipun, sae tiyang punika, pilih tandhing yen saresmi. Wanodya punika manutipun manawi kaaras ing lathi. Anamung, manawi kaagem garwa wonten awonipun jalaran gadhah watek butarepan, ageng tekatipun, sarta purun adhepani kakung. Ananging, manawi kacuwan manahipun radi segu, amutung aten sawatawis.

Wanita ingkang kados makaten wau, kakang kedah saged ngaten-atene: Kadosta, manawi saweg sereng, kakung kedah ngluconi sawatawis, katujokaken ing manahipun, kedah sareh, ingkang cucut, jalaran manawi ngantos kala¬jeng saged niwasi. Manawi lajeng kinalar saged nalangsa. Wonten malih manodya taksih nunggil andhap alit, akas remanipun, ngrempel sinomipun, andheng-andheng ngandhap pakulitanipun jene, polatanipun prasaja, laki tipis tur ragi abrit, semu sumeh, punika kawastanan puspa.

Menggah wewatekanipun, wanodya punika micara, sugih pangretos, tengen, boten ajeng ujar, remen angungkit awon sae; cekap estri punika. Nanging yen wiyar lenging watekipun anggedebus, ajeng nedha sawatawis, ceka¬pan ing saresminipun.

3. Wanita Tingal Leyep

Wanita punika kautamenipun manawi tingal leyep imba malengkung, lambung anawon kemit. Punika wanodya utami, manawi kagarwa mikantuki, bekti dhateng priya, mantep tetep tur anuhoni, boten purun nilar wajibi¬pun, gemi, nastiti, luhur bebudenipun, boten kenging yen piniyagah. Punika kenging yen dipun antepi, ageng bektini¬pun, anjunjung drajating kakung; kawastanan lintang kawur¬yan, kathah ing kang asih, sinuyudan para kenya.

Wanodya ingkang dedeg andhap tur alit, jene pakulitanipun, remanira lemes, pambayun katingal ageng, yen anglirik maju mundur, punika kawastanan estri musibat; remen nindhes dhateng kakung, polahipun mejanani dhateng priya. Wanita ingkang kados makaten punika boten marem dhateng kakung. Paripaosipun, imah-imaha sadinten kaping sakawan tansah pados kakung malih; benten wanita punika; kawasta¬nan durga rangsang. Wanita makaten punika prayogi kasirik.

4. Wanita Alit Semu Bunder

Wanodya ingkang andhap alit semu bunder, pawakani nemu mripat ciyut anjait, imba lembat kruwun-kruwun, manawi manggangge sarwa-sarwi kendho trapipun, terkadhang lukar ukelanipun, tandukipun anggedrak, manacai linggih jelalatan, punika estri penyakit, ajeng sanget dhateng saresmi, boten gadhah raos tuwuh menawi nuju saresmi; karemanirpun dipunithik-ithik pendhilipur; sirika¬n kangge garwa anebihken dhateng begja. Wanita makaten pun kawastanan gedhong mlumah; sanget ngebreh tiyang punika.

Wanita ingkang andhap alit, pethak ulesipun, rema panjang, sinomipun pating cangkerut, lathi tipis, bathukipun wiyar, sakpolahipun amrak ateni, sulila tur anor ing raga, ulati¬pun (n)damar kanginan, wanodya ingkang kados makaten punika wanodya ingkang sinebut utami.

Watekipun mantet tetep dhateng kakung, begjanipun, pantes kangen garwa, jalaran saged maju dhateng kakung, sembada dhasar micara, tebih pendamel juti, sasedyanipun ambeg rahayu, boten ajrih sakit utawi pejah, mapan angandhemi manah, ingkang badhe paring duka cabar saking pangawasipun.

Punika pantes manawi kagarwa, kathah begjanipun, sarta gadhah buja krama, saged simpen wewadi utawi gemi nasti¬. Wanita ingkang makaten wau kawestanan padaringan kebak.

5. Wanita Andhap Alit Semu Pethak

Wanodyo ingkang andhap alit semu pethak, crewet, sugih wicara, suku bembeng, rema sakedhik, netranipun wiyar tur semu-semu pasang, ulatipun, sae wanodya puni¬ka. Anamung, watekipun remen purik, kirang pantes yen kacuan dhateng priya, bakuh sarta piyanggah, cekapan saresminipun.

Nanging, manawi jangjinipun panjang, saling¬ dhateng kakung, kaduk macak sakedhik. Wanodya ingkang alit pakulitanipun semu pethak, sinoni rempek, nikmating asmara. Wanodya ingkang sadhepah semu ejem pakulitanipun, paraupan ragi bunder rina akas sarta panjang, suku merit, lampahe lengkeh-lengkeh nyarpa lupa, sae wateking pawestri.

Punika saged amengku drajad sarta nyimpen donya kathah, ageng sihipun tumrap dhateng kakung, pantes kagem garwa, tur labet dhateng kakung. Wanita ingkang mekaten punika kawastawan gedhong menga, saged sandhang utawi tedha, boten angejibaken dhateng kakungipun, semboda ageng tekadipun. lalayar ngaler ngidul, watekipun kekirangan.

6. Wanita Dhandhang Ngelak

Wanodya sadhepah, pakulitaning wadana semu abrit, jangga suku ageng, amben dumugi ngandhap, bokong nyenuk, manawi mlampah katingal egal-egol, boten sae wanodya, punika kirang jujur sedyanipun, tega anilar dhateng kakungipun, benten manawi kagem garwa, tansah jandhataken hawa, yen lumampah semu nglangak.

Punika ing¬kang kawastanan dhandhang ngelak, kirang sae manawi ginar¬wa mamrih sangsaraning kakung. Watekipun sungkan, wewatekan sageda gesang piyambak, candranipin watu pinarah, gadhah melik wewehing liyan, remen anggaruk, kirang remen manawi ginaruk. Punika wanodya musibat.

Wonten ugi wanita ingkang panunggilipun dhandhang ngelak, engkek jangganipun, pakulitanipun abrit, lam¬pahipun kapal ngetap, semu (n)jait mripatipun. Tiyang kuwanen, budinipun kesasar-sasar tur kagok ambesur. Punika mripatipun melek kriyip-kriyip, manawi nyuwara sora, santak, songol, pangucapipun, prayogi kasingkirana, asring mitenah kakung, nyilipaken paningal, saksedyanipun damel risak.

Manawi boten amitenah, raos pating griming, tansah kumi¬tir gathik lathinya. Manawi tetanggan kerep cecongkrahan, manawi celak tiyang ingkang kados makaten mau sasat celak sawer. Namung, paripaasipun tepat nyembur inggih ingkang sadhepah, kuning pakulitanipun, polatan gah, anteng tur jatmika, cahyanira wenes, mendhes sarta remanipun, ules cemeng ngandhan-andhan, kawastanan padmasari. Saresoninipun minta lawan, manawi kagem garwa. Kaatipun kaduk angkuh, nanging kebthi dhateng kakung, pradhah ing samukawisipun, andodo¬saken seping manah.

7. Wanita Dedeg Lencir

Wanodyo ingkang lencir dedegipun, pakulitanipun jene, rema sawatawis, prembayunipun alit, suku merit, salira¬ polatanipun sumeh, yen lenggah anteng tur dedeg respati, tingalipun liyep-liyep awis tandang tandukipun boten rongeh, punika wanodya utama, prayogi ing wekasipun. Wanodya punika watekipun asrepan, tebih dhateng pendamel awon, sasedyanipun amrihayu, pun buja karsaning garwa. Saresmi kausapana baganipun.

Manawi tiyang punika prunji, prayogi kaarasa pipinipun langkung rumiyin. Manawi sampun ruket ing asmara, cinecepa lathinipun. Watekipun lajeng kemutan sarta sumarah karsaning kakung; baut nuju dhateng garwa, luhur bebudenipun. Candranipun, wanita punika kawastanan sotya reta ing embanan; kenging kagem garwa. Wanodya punika kawastanan sinebat sri pagu¬lingan.

Wanita ingkang lencir, jine pakulitanipun, wajanya awis-awis, remanipun panjang akas, jangga panjang, payu¬daranipun alit, manawi rai ragi lancap, boten pantes ginarwa. Watekipun boten tuwuk ing kakung. Manawi praupan bunder, prayogi sanget.

8. Wanita Dedeg Lencir Jene

Wonten malih wanodya lencir, jene semu blengah-blengah, payudara katingal menthek-menthek, lambungipun nawon padharan alit, panjang-panjang drijinipun, otot wilis, cahyanipun sajak katingal sumaringah, mripatipun nglindri tur anjait, imba lembat tur malengkung. Punika sae katurangganipun; gemi sanget rajabrana, lawan lawan kathah akali pun.

Wanita ingkang makaten wau kawasta¬ tumurun, pantes manawi kagem garwa. Ananging, wanito ingkang kasebat nginggil, manawi mripatipun mbalalak, malereh kewala elekipun, watekipun aring purikan utawi kirang antepan. Manawi jangga katingal manglung, sae wewatekanipun.

Wanita ingkang lencir, abrit angandhan-andhan remanipun, dhemes pasang pasuryanipun, saolahipun angresepi, sae wanita punika lencir dedegipun ules abrit. Wonten malih wanita rema akas tur panjang, manis pasang pasuryanipun, swante¬nipun sengak tur santak, sarta galak ulatipun, alit payudaranipun.

Punika kirang prayogi manawi kagem garwa sarta selir, awit boros tarabas, sanget anindhes dhateng kakung tur anyilepaken tingal, elon sarta mentalan; sedya¬nipun ingkang boten-boten, boteng kenging kangge pangauban, kawastanan sangkala cinandhi. Watekipun durga ngang¬sa-angsa. Menawi badhe saresmi jejampia gajihing menda jeler utawi setri, kapipisa dados satunggal, lajeng kamumuhaken jibir¬ baga, anyirika pisang ambon.

9. Wanita Dedeg Lencir Kulit Abrit

Wonten malih wanita lencir, kulitipun abrit, saranduning sarira kados ingkang kasebat nginggil, anamung tingalipun mbalalak, sariranipun kera, alus patraping wicara, lambungipun cela, lathi biru, larapanipun ciyut, punika raosipun miraos. Cacatipun antepe tipis. Manawi kirang panjagenira lajeng mantun anempuh byat.

Wanita ingkang lencir, cemeng pakulitanipun, pasuryan rema panjang, alit payudaranipun, sukunira celak, wanita punika sae, ageng tapanipun miwah bekti dhateng kakung. Ingkang makaten wau dipunwastani candra katawangan.

Wanodya ingkang kados kasbat nginggil, namung kaotipun ragi panjang, larapanipun wiyar, rena kaken ananging panjang, lathinipun semu biru, cekap solahipun ing semu, titis menawi pangandikan, sae wanodya punika kagem selir utawi garwa; kawastanan guntur madu. Nanging, segug dhateng kakung manawi kacuwan karsanipun, anamung kados punapa.

Wanita ageng sanget asihipun dhateng tetep dhateng kuwajiban, tatak tanggon, tadhah. Wanita ingkang ules pingul, lencir dedekipun, yen mengagge sarwi singset, boten wonten ingkang udhar, utawi manawi linggih jatmika, kenging ugi yen ginarwa. kawastanan madu wasesa. Ananging, yen ageng lam¬bungipun wewatekanipun ajeng ajar.

10. Wanita Dedeg Inggil

Wanodya ingkang inggil, sarira pideksa, pakulitan abrit, sumringah pasuryanipun, rema melas cemeng panjang, jangga ngolan-alan, tandang tandukipun sarwi prasaja, kaduk sareh samukawis pandamelan, punika estri pinunjul; saged amot agal utawi alus, saged nyimpen wewados, sabar ing budi.

Wanodya punika ingkang sinebat sesotya sinangling; ageng sihipun dhateng kakung, kuwawi amengku donya utawi mengku derajat luhur, saged dados pangauban, pantes manawi kaagema garwa.

Wanita ingkang ageng luhur, remanipun panjang mepegi, suku ageng ambembung mangandhap, suwantenipun sengak, saru tur punika kawastanan durga ngerik, ugi sampun atelakaken ing ngajeng. Wanita punika langkung muruk dhateng priya, saresmipun damel gawoking manah. Pantesipun punika kademela klangenan, sarta kedah dipuntaros sasedyanipun.

11. Wanita Dedeg Ageng Inggil

Wanita ingkang ageng inggil, jene pakulitanipun, remanipun pepeg kados eluring bremari, sarwi tipis kulitipun, mripat katingal ngriyip, pasuryan semu ijem, sarira sama¬da-mada, pawestri punika sae, ambangun turut dhateng kakung utawi asrepan manahipun. Manawi athi-athinipun panjang, punika mratandhani saresminipun damel mareming saged ulah ing asmara; punika kawastanan merak kesimpir.

Wonten wanita ingkang sakemper kasbat nginggil, anamung ngungkal gerang, pasuryanipun nyaluring, punika mratandha¬ni kirang jujur, samukawis pikajenganipun kathah nyebal ing kasusilanipun. Wonten malih candraning pawestri ageng inggil, cemeng, namung suku celak, payudara katingal weweg sembada, sae katurangganipun.

Punika kawastanan ana. Yen grananipun ageng ngandhaping pucuk, punika karem dhateng sanggama (saresmi), anamung bekti dhateng kakung. Wonten candraning wanita ingkang susila anor raga, sedheng dedeg adekipun, renyah pangandikanipun, rema memes amemak angembang bokung, netra njait liyep lindri, imba maleng¬kung naggal sapisan, punika pantes manawi kagem garwa. Wanita ingkang kados makaten punika kawastanan sendhang ageng sihipun sarta ageng rejekinipun; awen wanita punika sarta manahipun ayeman.

12. Wanita lenjang

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *