Sunan Kalijaga Mejang Syekh Siti Jenar

Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum; Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347

Dhandhanggula

Sunan Kalijaga manabda ris,

heh Sitibang sun ringkes kewala,

keh padudon tanpa gawe,

mung roro wasitengsun,

lah rasakna salah sawiji,

urip lawan palastra,

ywa angro karepmu,

tangap Pangeran Sitibang,

pindo gawe sun tan arsa pinrih mati,

ngekehken duka cipta.

 

Ingsun pilih urip kang tan mati,

dadi langgeng nora iki ika,

nging sakarsa ningsun dewe,

tan susah wali ratu,

kang ngulihken mring alam urip,

kaya dudu uliya,

ndadak njaluk tulung,

mring samaning manungsa,

yen Sitibang tan suwe amamrih urip,

lah mara waspadakna.

 

Ingsun mulih pribadi ing urip,

Sunan Bonang sumambung wacana,

Jenar paran pratingkahe,

denyarsa murweng idhup,

caritakna patrape kaki,

mesem sang Siti Jenar,

apa sira tan wruh,

layak karasan neng dunya,

yen Sitibang tan kewran murweng kajatin,

sun lantih saben dina.

 

Piyarsakna kabeh para wali,

sun wartani trapeng murweng gesang,

saking maul khayat wite,

ya tirta kamandanu,

ya we marta ya banyu urip,

jejere mung sajuga,

gya pinara telu,

telu nulya pinra sanga,

nging kang dhingin kudu wruh purbaning urip,

dwi wruh kodrating gesang.

 

Dyan awiwit nutup banyu urip,

kang tri warna bareng pinepetan,

pandulu lan pamyarsane,

katelune pangambu,

awit iku purbaning budi,

budaya panca driya,

wus kerut karacut,

kukut mring telenging nala,

duk wus golong gumeleng dadya sawiji,

jumeneng Suksma Mulya.

 

Patitise rasakna pribadi,

lamun sira kabeh nora tampa,

wali mentah tanpa gawe,

yen sira yun sumurup,

kawasane kang banyu urip,

yeku jantuning angga,

marmanta ragamu,

adarbe rasa pangrasa,

lan maninge daging mentah nora bacin,

wit saking maul khayat.

 

Ngaweruhi jatine yen apti,

mepet ponang kang tirta nirmala,

andadak mangsa arane,

gampang angel puniku,

gampangira lamun wus uning,

patrap traping pangangkah,

angracut myang ngukut,

kumpuling kang sangkan paran,

iya aran lakuning tanajul tarki,

kenaning kene kana.

 

BAGIKAN KE :

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *