Liputan KOLOM

Kawruh Sastra Wangsalan

Ditulis oleh Liputan68 pada 27 Juni 2021 ⏱️ 2 Menit Baca

Oleh : Dr. Purwadi, M.Hum

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, Hp: 0878 6440 4347)

A. Basa Pralampita.

Wangsalan menggunakan basa pralampita yang penuh makna simbolik. Kasusastran Jawa dalam bentuk tulis sesungguhnya bervariasi. Pengarang Jawa memiliki kesukaan dan ketrampilan yang berbeda.

Pengarang menuangkan buah pikir terkait dengan latar pekerjaan, pergaulan, status, tradisi dan tugas yang harus diemban.

Bahasa kesusasteraan yang bersifat simbolik, penuh perlambang, terdapat teka-teki serta perumpamaan menunjukkan jiwa penulis. Kata-kata yang digunakan, asiterasi, disonansi, konvensi juga dapat menunjukkan kedudukan seorang pengarang. Gaya bahasa dalam ragam sastra Jawa itu bertingkat-tingkat.

Demikian pula cara memahami tentu berjenis-jenis pula. Masing-masing bentuk mempunyai tujuan untuk mengungkapkan gagasan estetis.

Wangsalan merupakan bentuk karya sastra Jawa yang kerap dibawakan oleh para waranggana wayang purwa.

Waranggana disebut pula pesindhen yang bertugas untuk melagukan tembang-tembang iringan wayang. Sesuai dengan adegan cerita, wangsalan berguna untuk memberi karakter pentas wayang. Syair-syair wangsalan dipilih untuk menambah keagungan pementasan.

B. Labuh Labet Marang Praja.

Rasa nasionalisme perlu digalakkan untuk para generasi muda. Nilai kebangsaan itu dalam wangsalan waranggana wayang diungkapkan dengan mengutip kata-kata negara, praja, bangsa, nusa.

Isinya tentang watak luhur untuk mengutamakan kepentingan umum daripada kepentingan pribadi atau golongan.

Cinta tanah air dan bangsa berguna untuk membentuk sifat patriotik.

Tokoh-tokoh pewayangan seperti Kumbakarna, Adipati Karna, Patih Suwanda penuh dengan keteladanan. Bahkan mungkin tokoh dalam Serat Tripama itu sangat dipuja oleh orang Jawa.

Anjuran untuk membela tanah air diutamakan, dihargai dan dijunjung tinggi.

Wangsalan yang digunakan untuk mengiringi adegan yang gagah, tegap, semangat, berwibawa dijumpai dalam gendhing srepeg. Suasana megah, mewah, meriah terbangun.

Suara waranggana yang merdu berselaras dengan instrumen gamelan. Diksi wangsalan makin menggugah nilai kepahlawanan. Daya pikat sajian wangsalan ini sungguh meresap dalam hati. Sikap bela negara dihayati sebagai ungkapan yang terpuji.

 

Jarwa nendra narendra yaksa Ngalengka.

Rukun tresna dadi srana njunjung bangsa

 

Jarweng janma janma kang koncatan jiwa.

Wong prawira mati alabuh nagara

 

Nata dewa praja retna pra pangarsa.

Nggegurua marang janma kang utama

 

Jarwa mudha mudhane sang prabu Kresna.

mumpung anom ngudia srananing praja.

 

Tawas pita darpa driya wisnu garwa.

Murweng gita karsa dalem sri narendra.

 

Mardi basa wengku salu welut wisa.

Karya wulang wawatone wong ngawula

 

Tambah cacah sembilang taji sapasang.

Mangka peling marang wadya kang leleda.

 

Empu sendhang ari prabu Gendrayana.

Supayantuk sudarsana kang prayoga.

 

Sisa brama arane empu Mandura.

Wong ngawula ing ratu nora ngrekasa.

 

Pakem praja bubuhane saniskara.

Angger nungkul anglakoni wajibira.

 

Wesi pita sekar wayah Girinata.

Sun cecadhang manunggaling bangsa kita.

 

Jangkah wuri emas jingga saupama.

Tanpa mundur mrawasa angkara murka.

 

Barat madya sri maha prabu Pancala.

Wong kepengin ngestu pada rajaputra.

 

Magut pala rawining kang ringgit purwa.

Kang pinethik lakone Jaka Pramana.

 

Kawi jiwa baladan kang tembung jawa.

Atmajendra ing Pegelen prajanira.

 

Trahing nata nata kang dalem ing pura.

Den rumeksa mring gusti kang mengku praja.

 

Daging palwa palgawa Anjani putra.

Labuhana siti wutahing ludira.

 

Jarweng janma janma kang koncatan jiwa.

Wong prawira mati ngungkebi nagara.

 

Jarwa seta seta brit kang suka seta.

Ngudi tama srana sih tresna mring bangsa.

 

Dana lila lilane wong tilar wisma.

Budi darma ambeging Narendra tama.

 

Bibis tasik tatsaka kang mawa pada

Raywa mundur. kepengkok ing pancabaya.

 

Welut wisa sawung asli liyan praja.

Ywa ngresula dadya bantening nagara.

 

Mrecon gora penyu biru ing sarira.

Nora longka labuh bangsa toh jiwa.

BACA JUGAPohon

 

Jarwa nendra narendra yaksa Ngalengka.

Rukun tresna dadya srana njunjung bangsa.

 

Kawi sekar sekar pepujan Sri Kresna.

Trah kusuma ngudi wrih jayaning praja.

 

Pandam wisma golok lit gamaning kenya.

Mbiyantuwa mrih tata tentreming praja.

 

Palugongsa gongsa kenong munya sora.

Labuh praja nora ilang sajegira.

 

Kala reta satriya ngungkuli jaya.

Sun bang ebang amisesa jroning pura.

 

C. Guyub Rukun Gotong Royong.

Harmoni sosial diutamakan dalam masyarakat Jawa. Usaha untuk mewujudkan suasana guyub rukun diwujudkan dengan kerja bakti, gugur gunung, gotong royong, sambatan, rewang, bantu-binantu, buwuh, jagong, sarja, tilik, anjangsana.

Kegiatan umum ini sudah menjadi tradisi yang mengarah pada keselarasan.

Ada ungkapan bersatu kita teguh, bercerai kita runtuh. Ungkapan yang menghargai rasa persatuan itu banyak dijumpai dalam wangsalan.

Adegan pewayangan yang cocok untuk menuangkan gagasan kerukunan ini diselipkan dalam gendhing ladrang dan ketawang. Misalnya gendhing ketawang Subakastawa laras slendro pathet sanga digunakan untuk menyelipkan kata-kata kerukunan.

Gendhing ketawang sesuai dengan sikap lembut, pelan, penuh rasa hormat, tenang.

Adegan pewayangan semakin tampak karakter. Apalagi adegan pertapan Saptaharga, maka gendhing ketawang Subakastawa mengajak para penonton untuk melakukan refleksi dan kontemplasi. Waranggana, wiyaga dan dalang bekerja sama dengan kolektif.

 

Asung jarwa pangundanging kadang wreda.

Mamrih suka sagung kang para miyarsa

 

Jarwa purwa tunggal basaning baskara.

Amiwiti sendhon sindhening pradangga

 

Kawis pita kang lara kentaring toya.

Den sumarah marang mring ywang sukma

BACA JUGABahasa Lisan

 

Jarwa surya surya tengahing ancala.

Srenging karsa mung nedya nyumurupana.

 

Taji wreksa wreksa pamupuhing wastra.

Pari peksa sesendhon nyindheni gangsa.

 

Asung jiwa dewa ndharat kekasihnya.

Ywa sulaya sahiyeg sayuking karya.

 

Siwi kresna kresna parabe kang wrangka.

Kang sembada ambudi amrih utama.

 

Roning tanggung bebana tanpa maleca.

Antepane budi temen anarima

 

Kapal buntal maruta saliring wanda.

Sangek langka yen darbe pambenging cidra

 

Waseng praja warastra mungging sanjata.

Aja angkuh yen siniyan ing bendara.

 

Kang kawarna sesembahaning jawata.

Ganti iku sayektine trah bathara.

 

Sekar pisang pisang sesajine karya.

Patut lamun linulutan mring sasama.

 

Sekar dhadhap dhadhap kang asung usada.

Tulungana dimen asri ing wardaya.

 

Kawis pita kang obah ing kali aya.

Aja wengsu arane Hyang Sukma.

 

Witing klapa kalapa kang masih muda.

Salugune wong mardi pikir raharja.

 

Sembah kalbu yen lumintu dadi laku.

Manggih hayu ayem tentrem kang tinemu.

 

Wisma sanggan sanggan raga lumaksita.

Jroning suka kudu eling lan waspada.

 

Resmi krama satriya Giri kastuba.

Tingkah laku tetepa sinudarsana.

 

Perang cipta manembah wanci rahina.

Rumeksoa mring luhuring asmanira.

BACA JUGADialektika

 

Wogan tirta tirta wijil ngantariksa.

Betahana lamun dhumawahing papa.

 

Tirta maya supaya anyar kinarya.

Nenging driya tan anggalih amung sira.

 

D. Tamba Lara Asmara.

Manusia diberi anugerah oleh Tuhan berupa rasa cinta. Hubungan manusiawi ini berlaku sepanjang sejarah.

Para ahli sastra menangkap peluang kreativitas ini dengan menuangkan romantika percintaan. Metafora dan gaya estetika sangat kaya dalam wangsalan waranggana wayang purwa.

Ungkapan estetis romantika percintaan menggunakan kata kata tresna, asmara, gandrung dan welas asih.

Paribasan, bebasan, saloka, parikan juga kerap mengungkapkan perasaan cinta. Namun untuk wangsalan disajikan sangat halus.

Kata katanya tersembunyi terpilih, penuh cipta sasmita, perlambang, tanda dan harus pelan pelan dalam memberi makna.

Kemampuan pengarang dalam menyusun wangsalan dipengaruhi oleh pengetahuan, ilmu, pengalaman dan pergaulan.

Pekerjaan pengarang turut serta menentukan diksi dan penyusunan kalimat wangsalan. Terlebih lebih dengan aspek asmara, malah memerlukan penghayatan yang lebih mendalam.

 

Ujung jari balung randhaning kalapa.

Winengkua sayekti dadya husada

 

Teja tirta atmaja nata Rahwana.

Kekuwunging karya rujiting wardaya

 

Suteng nendra prajane Sri Bomantara.

Sun watara lamun sira darbe tresna.

 

Barat sirat pasewakan jro nayaka.

Wus kawusa ing driya mung nganti sira.

 

BACA JUGABABAD BLORA

Lireng muka tinulada winursita.

Sun pepinta lejare marang wong priya.

 

Jarwa sarpa raja putra ing Mandura.

Kang ginita kang priya anandhang brangta.

 

Jarwa roga pelabuhan nusa Jawa.

Lawan rara Kemunyar putri Jepara.

 

Kayu rengka jalak geng pilis pita.

Jalarane saking menco weh wiyoga.

 

Trah ngawirya werdining kang pulas carma.

Raden Jaka Pramana ingkang winarna.

 

Ngular dustha sakpada lit taleng kisma.

Ingkang kena sambang tuturing kukila.

 

Perak tulya naga putra Widayaka.

Temah linglung kalenglengan lara brangta.

 

Saji siwa arane basa nawala.

Nadyan lamong nyalemong tanpa ukara.

 

Robing garwa dhustha weri jaladara.

Kaya ngapa kang gawe lara wiyoga.

 

Tanugangga narmada nir tirtanira.

Mendah baya ing benjang yen kasat mata.

 

Ken ing Daha kukila kulem sabawa.

Kiraningsun dasih tan datan saronta.

 

Glagah pita pandaya mardi sarkara.

Ingsun pondhong kusuma mring pagulingan.

 

Manisrengga satriya ing Lesan Pura.

Setyanana yen laliya marang sira.

 

Lalu mangsa panusuling magut yuda.

Yen kasepa bantoni lara asmara.

 

Sandi setya rangkeping tuhu wicara.

Boten lamis dasihe den yektenana.

 

E. Sregep Nyambut Gawe.

 

Ungkapan hemat pangkal kaya, rajin pangkal pandai hendaknya dihayati. Kerja keras merupakan usaha untuk mewujudkan kesejahteraan lahir batin. Produktivitas, kreativitas dan kualitas sebuah masyarakat ditentukan oleh etos kerja.

Lagu lancaran dalam wayang purwa yang berisi dengan keuletan, ketekunan, kerajinan kerap berkumandang. Waranggana melantunkan gendhing tropong bang memuat anjuran untuk bekerja keras. Liriknya penuh semangat, bergairah dan optimis.

Dari irama rangkap yang pelan sayup sayup terdengar cukup nikmat, indah dan penuh sesak yang gagah dan bergairah.

Dorongan untuk tetap berkarya termasuk kegiatan mulia. Setiap warga yang bersedia berkarya tentu membuahkan peradaban cemerlang. Negara dapat berdiri kokoh karena memiliki kemandirian.

 

Janur gunung nengga dhawuhe sang nata.

Aja leren yen nyatane durung lebda.

 

Kawi dewa dewane wulan purnama.

Anjenthara lebda pasanging grahita.

 

Roning kamal putra resi Kumbayana.

Mumpung anom ngudia kawruh utama.

 

Kolik pria priyagung Anjani putra.

Tuhu eman wong anom wedi kangelan.

 

Tampang jala jala rowa pamot mina.

Temah nistha yen nekat nora sembada.

 

Pisang ganda mulwa rengka rinumpaka.

Den grahita aywa anggung kasangsaya.

 

Rambah karsa teteping kang patembaya.

Anggemana leluhur kang wus suwarga.

 

Wukir jaja jejuluking putra nata.

Nora suwe Pangeran paring nugraha.

 

Bantu karya karya raga kang sarira.

Rewangana lara lapa sawetara.

 

Jarweng kenya kenya kuciwa ing karna.

Wani lara winalesing suka wirya.

 

Windon kisma cirine dhapur curiga.

Nadyan boten sinarwaya sapunika

 

Arti wangsalan cukup dalam. Wulang wuruk pementasan wayang purwa sebaiknya memenuhi unsur tuntunan, tontonan dan tatanan. Pakem pedalangan disusun oleh pujangga Jawa dengan penuh kebijaksanaan hidup. Iringan wayang disajikan merupakan bentuk kristalisasi dan refleksi estetis.

Lagu-lagu iringan wayang yang berupa wangsalan itu cukup rumit. Penyusunan kalimat wangsalan membutuhkan renungan yang lama. Pengalaman, pengetahuan, pergaulan seseorang menambah bobot isi wangsalan. Ajaran luhur dibungkus dengan kata simbolik dan kalimat yang penuh keindahan.

Pelajaran utama pentas pewayangan dapat digunakan sebagai panduan dalam hidup berbangsa, bernegara dan bermasyarakat. Sedapat-dapatnya pelaku pedalangan mau menelusuri teks-teks klasik yang memuat seluk beluk wangsalan. Seni pakeliran pada masa depan akan semakin berbobot.

Tim kanca Kaji yang dipimpin oleh H Faruq Ponorogo membahas seluk beluk wangsalan. Berguna untuk memahami ajaran sastra piwulang.

(LM-01)

Ditulis oleh Liputan68

Jurnalis dan penulis berita di Liputan68.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Home Trending

Kategori Berita

Pencarian