Liputan KOLOM

Sejarah Pangeran Sambernyawa

Ditulis oleh Liputan68 pada 18 Juli 2021 ⏱️ 2 Menit Baca

Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum.

(Ketua bidang sejarah Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA, hp.087864404347)

A. Sri Mangkunegara I

Pangeran Sambernyawa secara resmi ditetapkan sebagai Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara I oleh Sinuwun Paku Buwana III. Atas dasar Perjanjian Salatiga yang ditanda tangani pada tanggal 17 Maret 1757.

Perjanjian Salatiga dengan tanda sengkalan guna bujangga rasa wani yang berarti tahun 1683 Saka atau 1757 Masehi. Tepat pada hari Sabtu Legi, tanggal 5 Jumadil Awal, tahun Alif, wuku Windu Kuncara. Raden Mas Sahid atau Pangeran Sambernyawa menjadi pimpinan Pura Mangkunegaran tahun 1757 – 1795.

Wilayah Pura Mangkunegaran meliputi daerah Keduwang, Laroh, Metesih, Haribaya, Wiraka, Hanggabayan, Semboyan, Gunung Kidul. Luasnya 4000 jung. Kedudukan Raden Mas Said setelah dilantik menjadi Sri Mangkunegara I mendapat status Pangeran Miji. Artinya Pangeran yang langsung di bawah Sri Susuhunan Paku Buwana. Kekuasaan Mangkunegaran layaknya kadipaten otonom.

Raden Mas Said lahir pada hari Ahad Legi, 4 Ruwah Jimakir tahun 1650 Jawa atau 1725 Masehi. Waktu kelahirannya dinamakan Senggana Praba berarti mustika kelahiran. Kerajaan Mataram saat itu diperintah oleh Amangkurat Jawi atau Amangkurat IV.

Ayah Raden Mas Said bernama Pangeran Arya Mangkunegara Kartasura. Saudara lainnya yaitu Raden Mas Ambiya dan Raden Mas Sabar. Raden Mas Said diberi gelar RM Suryakusuma. RM Ambiya bergelar RM Martakusuma. RM Sabar bergelar RM Wiryakusuma. Selama Sinuwun Paku Buwana II memerintah, ketiga pangeran itu diangkat menjadi mantri gandhek dengan imbalan tanah 75 jung.

Paku Buwana III memerintah kraton Surakarta sejak tanggal 15 Desember 1749. Pada tahun 1752 Raden Mas Said menikah dengan Raden Ajeng Inten atau Ratu Bendara, putri Pangeran Mangkubumi. Kelak tanggal 13 Pebruari 1755 Pangeran Mangkubumi menjadi raja di kraton Yogyakarta. Bergelar Sultan Hamengku Buwana I.

Pemerintahan Sri Mangkunegara I tanggal 17 Maret 1751 – 28 Maret 1795. Dibantu oleh dua menteri utama, yakni Rangga Panambangan dan Suryanegara. Jabatan dibawahnya dipegang oleh Tumenggung Kudanawarsa dan Pangeran Suryadiningrat yang diberi kedudukan bupati. Mereka diberi wewenang oleh Sinuwun Paku Buwana III untuk mengelola tanah seluas 4000 karya.

Pesan Sri Mangkunegara I pada anak buahnya yaitu

1. Bumi Mangkunegaran iki padha melu handarbeni lan padha dipangan ing anak putu buri. Yen turunku ora mikir nganti dadi rusaking punggawa ora bakal tak pangestoni.

2. Menawi tedhak turunipun punggawa niyat ngendhih ingkang jumeneng utawi boten rumeksa praja badhe manggih papa lan cures.

Kesetiaan Sri Mangkunegara I dengan para punggawa betul-betul dihayati sepenuh hati. Sumpah setia itu dinamakan acta van verzekering dihadapan Sinuwun Paku Buwana IV pada tanggal 8 Agustus 1792.

Ialah Raden Mas Said yang bernama Mangkunegara Kartasura pernah belajar perkebunan di Ceylon dan semenanjung Kaap Afrika Selatan. Lantas belajar perkembang industri di negeri Jerman pada tahun 1736. Kunjungan ke Ceylon atau Srilangka untuk belajar tenun sutra.

Kunjungan ke Semenanjung Kaap atau Tanjung Harapan, Arya Mangkunegara Kartasura belajar tentang ragam flora fauna. Tanjung Harapan disebut Kaap die Gocie Hoop dalam bahasa Jerman. Orang Inggris menyebut Cape of Good Hope. Orang Belanda menamakan Kaap de Goede. Kunjungan ini diulang oleh Sri Mangkunegara I pada tahun 1776. Ternyata Mangkunegara I bersahabat erat dengan ahli ekonomi Adam Smith.

Sri Mangkunegara I memberi kenang-kenangan kepada masyarakat Melayu di Tanjung Harapan sebuah masjid. Hadiah dari Sri Mangkunegara I ini nanti digunakan oleh Syekh Yusuf dan pengikutnya pada tahun 1780 di Cape Town. Begitulah perjuangan Sri Mangkunegara I ditingkat internasional.

Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Mangkunegara I kasebut Kanjeng Gusti Samber Nyawa.

Punika Putranipun Kanjeng Pangeran Hario Mangkunegara ing Kartasura. Putradalem pambajeng Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Prabu Hamangkurat Jawa ing nagari Kartasura. Wiyosandalem: hing dinten malem Akat Legi wonten Kartasura, 6 Ruwah tahun jimakir Windu Kuntara 1650, utawi 1725 Masei.

Hanyarengi mentas suruddalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Prabu Hamangkurat Jawa. Kraton Kartasura lowong. Kanjeng Gusti miyas lelana, sampun dados mantri, asma RMNg Suryokusumo. Kanthi rayidalem kekalih.

Nalika semanten saweg yuswa 16 tahun. Nuju dinten malem Rebo Kliwon surya kaping 3 Rabingulawal tahun Jimakir Windu Sangara tahun 1666 utawi 1741 Masei. Sinengkalan Wayang Wayangan rasaning Janma. (Rasa retu Ngoyak jagad) Dhateng siti lenggahipun ing Ngawen.

Atalak broto, kathah mitra ingkang manggihi, Ambebujuk balela. Hing warsa Alip 1667 utawi 1741 Masei. Hanunggil Sunan Kuning hambedhah Kraton Kartosuro. Hangsal pusaka wangkingan tuwin mendet Kyai Bedhudhak.

Anem wulan Sunan Kuning kajudhak linggar dhateng Randhulawang Mataram.

Jejuluk Sunan Ginaib. Hing tahun 1668 Ehe, nusul Sunan Kuning wonten Randhulawang, angirit wadya sentana saking Nglaroh cacah 300. Katampen dados Senapati. Paparab Kanjeng Pangeran Prang Wadana. Sareng Sunan Kuning Kengser mangetan medhal nunggil Martopuro, hingkang paparab Pangeran Puger. Kanthi Kanjeng Pangeran Singasari. Kanjeng Pangeran kahaturan dados Tungguling jurid Makuwon ing Majarata.

Lajeng peparap Pangeran Adipati Mangkunegara ing tahun Jumadilawal 1669 dipun lurugi saking Kartasura. Pamugarinipun KPH Mangkubumi. Wadya majarata kasoran. Kanjeng Pangeran Adipati (RM Sahit) mingser dhateng Matesih. Damel barisan malih.

Hanyarengi pindhahipun saking Kartasura dhateng Surakarta tahun 1670 utawi 1745 Masei. KGPAA Mangkunegara pindhah dhateng Panambangan tanah Nglaroh. Arsa jumeneng Nata jejuluk Kanjeng Sultan Hadiprakosa Lelana Jayamisesa. Sasampuning Kundhang dhateng wadya, sanalika dhamparipun kasamber gelap (bledhek).

Kanjeng Gusti Persapa, sareng enget rumaos mboten kalilan jumeneng Nata. Tedhak Turunku Aja Nganti Linggih Dhampar Kaya Ratu. Dados wangsulasma Kanjeng Gusti Pangeran Adi Pati Hario Mangkunegara. Hing warsa Dal 1671 utawi 1744 Masei. KGPH Mangkubumi lolos saking praja, makuwon ing Sukowati.

KGPAA Mangkunegara mentas kasoran jurit, kersa hangayom dhateng ing kang Paman ing Sukowati. Lampahipun kampir dhateng ardi Sumakaton, kapanggih Ajar Adirasa Adisoro. Kahaturan talakbroto wonten ardi Ngadeg. Kaleksanan tigang wulan.

Kaparingan pusaka waos Kyai Dhudha, tuwin tambur Kyai Slamet. Tumunten mandhap sowan dhateng Sokawati. Katampen kadadosaken Senapati. Asma lestantun, tansah unggul yudanipun. Hing warsa Be 1678, Kanjeng Gusti pethal kaliyan KGPH Mangkubumi.

Wiwit sami bedhamen , tuwin Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana kaping III. Kanjeng Gusti Mangkubumi lajeng jumeneng Sultan wonten Ngayogyakarta. Hing Warsa Jimakir 1682.

Kanjeng Gusti Mangkunegara kundur njujug dalem Mangkuyudan. 4 Jumadilakir tahun Jimakir Windu Sancaya tahun 1757 Masei. Sinengkalan: Mulat Sarira Hangrasa Wani. Saweneh babat nyangkalani: Panembahing Dipangga Angoyak Bumi.

Kajumenengaken Senapati dening hingkang rayi naksedherek Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana III. Kaparingan 4000 karya.

Sarta sesebutan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario Mangkunegara I. Hanya-rengi ing dinten Sabtu Legi 5 Jumadilawal Alip 1683 Mase 28 – 12 – 1757. Suruddalem ing dinten Senen Pon 11 Jumadilakir tahun Jimakir 1722 Windu Kuntara 1793 Masei. Jumenengdalem 40 tahun, dumugi yuswa 72 warsa.

Sumare wonten ardi Ngadeg. Sangkala Paksa lara pandhiteng rat. Nalika lelana kaliyan KGPH Mangkubumi kapundhut mantu. Dhaup kaliyan RAj Inten, mios saking Prameswari. Peputra satunggal putri, lajeng seda. Saterusipun lajeng pegatan. Wonten ing Laroh Kanjeng Gusti mundhut ampil anakipun Kyai Nuriman. Kaparingan nama RAy Kusumo Patahati. Tembenipun dado RAy Mangkunegara. Ampil sedaya wonten 6. Putra-putri wonten 25. Ingkang seda I ingkang mboten peputra 3. Putra-putridalem:

1. BRAj Supiyah seda timur

2. KPH Prabuwijoyo, krama angsal GKR Alit. Putridalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana III.

3. RAj Sombro krama angsal RT Yudonegoro Bupati Banyumas.

4. RAj Temu krama angsal RT Suryonegoro

5. RAj Sri, dewasa ngarang ulu.

6. RAj Semi krama angsal RNg Wongsodirjo.

7. RAj Semu krama angsal RMH Suryodiprono.

8. RM Slamet KPAA Purbonegoro ing Kediri krama angsal putridalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun PB III, mios saking KR Beruk.

9. RAj Condro angsal Bupati Tegal Reksonegoro.

10. RMA Suryoditruno.

11. RAj Srendhel, angsal Bupati Pathi R Adipati Mangkusumo.

12. RAj Suliah, angsal RT Puspokusumo.

13. KPH Sugondo, krama angsal putridalem PB III.

14. KPA Suryomarjoyo, Bupati Wirosobo

15. KPA Suryokusumo, Bupati Pace

16. RAj Satiyah, angsal RT Surohadimenggolo, Bupati Terboyo Semarang.

17. RAj Sayekti, angsal RT Wiryonegoro Bupati Lasem.

18. RAj Satiyani, krama angsal RT Purwonegoro.

19. RAj Sagotri, krama angsal R Adip Citrosomo Bupati Japara.

20. RAj Sari, krama angsal KP Wijoyosatoto.

21. BRM Saroso dewasa KPA Amijoyosaroso.

22. BRM Sangkoyo dewasa KPA Suryokaskoyo

23. BRM Santoso dewasa KPA Hamijoyosantoso.

24. BRM Sayogyo dewasa KPA Amijoyodimulyo.

25. BRM Salogo dewasa KPA Suryodilogo.

(Bratadiningrat, 1990)

Setelah Perjanjian Salatiga ditandatangani pada tanggal 17 Maret 1757, maka secara resmi berdirilah Pura Mangkunegaran.

Raden Mas Said atau Pangeran Sambernyawa sebagi pendirinya menjadi adipati pertama kali dengan gelar Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara I. Para adipati yang pernah memerintah di Pura Mangkunegaran yaitu:

1. Mangkunegara I (1757 – 1795)

2. Mangkunegara II (1795 – 1835)

3. Mangkunegara III (1835 – 1852)

4. Mangkunegara IV (1852 – 1880)

5. Mangkunegara V (1880 – 1896)

6. Mangkunegara VI (1896 – 1916)

7. Mangkunegara VII (1916 – 1944)

8. Mangkunegara VIII (1944 – 1981)

9. Mangkunegara IX (1987 – Sekarang)

Kanjeng Pangeran Adipati Arya Mangkunegara I lahir tahun 1738 di Kartasura.

BACA JUGABahasa Lisan

Nama lainnya yaitu Raden Mas Said dan Pangeran Sambernyawa. Beliau putra ketiga Kanjeng Pangeran Arya Mangkunegara Kartasura. Raden Mas Said sejak muda sudah tampak sifat kritis dan kecerdasannya. Pada usia 16 tahun beliau keluar dari istana karena tidak setuju dengan sistem yang ada. Ketika terjadi pemberontakan Sunan Kuning dan laskar Cina, RM Said bergabung melibatkan diri.

Pada usia 18 tahun Raden Mas Said diangkat menjadi panglima perang. Gelarnya Pangeran Prangwadana Pamot Besur.

Pada tahun 1746 RM Said bergabung dengan Pangeran Mangkubumi. Beliau malah dijodohkan putri Pangeran Mangkubumi yang bernama Raden Ajeng Bruwok, Raden Ajeng Inten atau Kanjeng Ratu Bandara (Poerbatjaraka, 1957).

Pada tanggal 15 Jumadil Awal 1682 H atau 4 Desember 1757 M diadakan perundingan di Kalicacing Salatiga sejak waktu itu Raden Mas Said diwisuda menjadi Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara I yang bertahta di Pura Mangkunegaran.

Hasil karya seni Mangkunegara I yaitu: Tari Bedhaya Anglirmendhung Senapaten, Bedhaya Dradamenta Senapaten, Bedhaya Sukapratama, Gendhing Udan Riris, Gendhing Udan Arum, Gendhing Kamput, Gendhing Mesem, Gendhing Carabalan Baswara, Seguran Tulisan Pegon.

Kesatuan prajurit yang telah dibangun oleh Mangkunegara I yaitu: Ladrang Mangungkung (prajurit putri), Jayengsastra, Bijigan Prajurit, Kepilih Prajurit, Tatramudita Prajurit, Margarudita, Taruastra, Mijen, Nurayu, Gulang-gulang, Sarageni, Trunakrodha, Trunapedaka, Menakan, Tambakbaya, Tambakrata, Dasawani, Dasarambata, Prangtandang, Gunasemita, Gunatalikrama, Dasamuka, Dasarati, Marangge, Nirbitan, Handaka Lawung, Handaka Watang, Kauman, Danuwirutama, Danuwirupaksa, Ciptaguna, Madyantama, Madyaprabata, Madyaprajangka, Kuthawiangun, Kurawinangun, Singakurda, Brajawenang, Maradada, Prawirasana, Prawirasekti, Samaputra.

Dari data kesatuan prajurit itu dapat dikatakan Mangku-negaran mempunyai sistem militer yang tangguh. KGPAA Mangkunegara I wafat tahun 1795. Makamnya di Gunung Adeg, Mangadeg, Karanganyar, Surakarta.

Ajaran Mangkunegara I terkenal dengan sebutan Tri Dharma yaitu rumangsa melu handarbeni, rumangsa wajib angrungkebi, mulat sarira angrasa wani itu menghendaki adanya partisipasi aktif rakyat secara langsung dalam penyelenggaraan negara. Sikap elitisme dalam sebuah organisasi seharusnya dihindari oleh pemimpin.

B. Sri Mangkunegara II

Pura Mangkunegaran semakin moncer di era globalisasi. Selanjutnya Pura Mangkunegaran diperintah oleh Sri Mangkunegara II. Keterangan selengkapnya adalah sebagai berikut.

1. BRAj Sayati saking Padmi dewasa asma BRAy PA Notoku-sumo.

2. BRAj Sakeli saking Padmi dewasa asma BRAy PA Hadiwijoyo I.

3. BRAj Timur, seda saking Bk. Aj. Karsawati.

4. BRM Sumbogo, saking Bk.Aj. Gondowati asma KPA Suryo-nagoro.

5. BRM Wirosobo, seda saking Bk.Aj. Gondowati.

6. BRAj Sadiyah, seda saking Bk.Aj. Renggowati

7. BRM Suryadi saking Bk.Aj. Pujowati asma KPA Suryodining-rat.

8. BRAj Cecak, seda saking Bk.Aj. Dayawati.

9. BRM Sunyoto saking Bk.Aj. Gondowati asma KPA Suryo-mijoyo

10. BRAj Bestrong saking Bk.Aj. Gondowati. Seda.

11. BRM Sutomo saking Bk.Aj. Pujowati asma KPA Suryo-mataram

12. BRAj Sampit, seda saking Bk.Aj. Puspokowati.

13. BRAj Timur, seda saking Bk.Aj. Dewaningsih.

14. BRM Satir, seda saking Bk.Aj. Renggowati.

15. BRM Sukandar seda saking Gk.Aj. Dayawati

16. BRM Suwarjono seda saking Bk.Aj. Gondowati.

17. BRM Sunjoyo, saking Bk.Aj. Dayawati asma BRMA Suryodirjo.

18. BRM Subagio, saking Bk.Aj. Dayawati asma KPA Suryo Nata-ningrat.

19. BRAj Sadiyem, saking Bk.Aj. Gondowati asma BRAy Wira-nagoro, boten peputra:

20. BRAj Siyem, seda saking Bk.Aj. Puspokowati.

21. BRAj Mardinem saking Bk.Aj. Gondowati asma BRAy Prabumijoyo III, boten peputra:

22. BRM Siyogo, saking Bk.Aj. Turunsih. Asma KPA Suryomijoyo II.

23. BRAj Mardiyem, saking Bk.Aj. Dayawati, asma BRAy P Balater putradalem Hingkang Sinuhun PB IV.

24. BRAj Pindhah, seda saking Rr Simah.

25. BRAj Wuyé, seda saking Bk.Aj. Turunsih.

26. BRM Supadyo, saking Bk.Aj. Dayawati, asma KPA Suryodirjo.

27. BRM Saksono saking Rr Simah. Asma BRMA Suryohadi-winoto.

28. BRM Sudomo, seda saking Bk.Aj. Puspokowati.

29. BRM Minel, saking Ms.Aj. Widaningsih. asma BRM Suryo-dipuro.

30. BRM Kulman, seda saking Ms.Ay. Bayem

31. BRM Sukoyo saking Ms.Aj. Garem asma BRA Suryo-hadisuryo.

32. BRAj Sebrung, seda saking Ms.Aj. Buwang.

33. RRAj Salamah, saking Ms.Aj. Sinah. Seda.

34. BRM Saguno, saking M.Aj. Simah, asma BRMA Suryohadi-kusumo.

35. BRM Kembar, seda saing Rr. Ragil.

36. BRM Kembar, seda saing Rr. Ragil.

37. BRAj Marinah, saking Rr buang, asma BRAy Suryodipuro II.

38. BRAj Marinem, saking Ms.Aj. Redi, asma BRAy Tumenggung Kusumodilogo, Bupati Temanggung.

39. BRAj Nrimah, saking Ms.Aj. Bayem.

40. BRAj Samiyem, saking Ms.Aj. Regil, asma BRAy Singaatmaja, boten peputra:

41. BRM Jlitheng, saking R Diyah.

42. BRM Jenthu, saking Ms.Aj. Buwang, asma BRMA Suryonoto-amijoyo, boten peputra:

43. BRM Gathut, saking Ms. Aj. Buwang. Asma BRMA Suryo Nata-amijoyo, boten peputra:

44. BRM Gathot, saking MAj Kendhil, asma BRMA Suryomangku winoto I.

45. BRAj Setangkil, seda saking M. Bayem.

46. BRAj Siyah, saking Ms. Samiyah, mantudalem Hingkang Sinuhun PB IV asma BRAy Joyokusumo.

47. BRM Sayid, saking Ms.R. Ragil, asma BRMA Suryonotoatmojo.

48. BRM Sumaya, saking Ms.R. Diyah, asma BRMA Suryomangku dilogo, boten peputra:

49. BRM Subarjo, seda, saking Ms.R. Sumilah.

50. BRM Mandras, seda, saking Ms.R. Beno.

51. BRAj Sri, seda, saking Ms.R. Beno.

52. BRM Salaya, saking R. Redi, asma BRMA Suryo Maloyo-kusumo.

53. BRM Seno, seda, saking R. Sinah.

54. BRM Sela, seda, saking R. Diyah.

55. BRAj Sukinah, seda, saking R. Sinah.

56. BRM Sugiyo, saking R. Murdiyah, asma BRMA Suryo Wiryo-diningrat.

57. BRAj Manthili, seda saking R. Murdiyah.

58. BRM Galindhu, saking R. Buwang, asma BRMA Suryo Paku-ningrat, boten peputra:

59. BRAj Ludruk, seda, saking R.Samiyah.

60. BRM Hitheng, saking R. Sinah, asma BRA Suryo Danuwinoto.

61. BRM Suleman, saking R.Kalimah, asma BRA Suryo Brojonoto.

62. BRAj Usreg, saking R.Beno, asma BRAy Mangkurejo.

63. BRM Sombro, seda saking R.Buwang.

64. BRAj Wirog, seda saking R. Sinah.

65. BRM Sabit, seda saking R. Sinah.

66. BRAj Ireng, saking R. Samiyah, asma BRAy P Priyombodo, mantudalem PB IV.

67. BRAj Sebul, seda saking R. Samiyah.

68. BRM Gepuk, saking R Maliyah asma BRMA Suryodilogo.

(Bratadiningrat, 1990). Dari garis keturunan Mangkunegara III silsilah Ir. GKRAy. Hj. Setianingsih Moerwengdiyah SPd dapat disusun sebagai berikut.

Dari eyang kakung Prawirosartono/Prawirosoemo

Ir. GKRAy. Hj. Setianingsih Moerwengdiyah SPd dan suami melestarikan warisan leluhur.

C. Sri Mangkunegara III

Pembangunan di segala bidang dilakukan oleh Pura Mangkunegaran. Selanjutnya kekuasaan Mangkunegaran dipegang oleh Sri Mangkunegara III. Adapun keterangannya sebagai berikut:

 

Putradalem: BRAy PA Notokusumo.

 

Putranipun: RMTH Kusumodiningrat.

 

Mantudalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana III. Wiyosandalem: Akat Pon 22 Puasa Wawu Windu Sangara 1729. Asma timur BRM Sarengat. Gumantos Keprabon hingkang Eyang KGPAA Mangkunegara II. Kaparingan sesebutan KGPAA Prang Wadono.

 

Hanyarengi ing dinten Kemis Wage 24 Besar Jimakir Windu Sangara 1762 Utawi 1835 Masei Sinengkalan: Mulat Pandhita Aji, yuswa 33 tahun.

 

Punika hangleresi Prang Diponegoro. Jumenengipun sesarengan jaman Sampeyandalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana VII. Salajengipun kajumenengaken dados KGPAA Mangkunegara III. Kolonel Komandan wadya bala KNIL wonten karesidenan tampi serat kekancingan ing dinten Senen Pon 15 Besar Jimakir Windu Hadi, 1770 utawi 1843 Masei.

 

Sinengkalan Muluk Murtining Pandhita Ji. Suruddalem ing dinten Kemis Legi siyang, 25 Rabingulawal Jimawal Windu Kuntara 1781 Masei 1853. Sinengkalan: Rupa Brahmana nitih siti. Jumeneng 19 Warsa yuswa 52 tahun, sumare ing Ardi Ngadeg. Nunggil hingkang Eyang MN II. Serat punika nedhak buku Pratelan Para Darah Dalem KGPAA Mangkunegara.

 

Putra-putridalem wonten 42.

 

Ingkang seda timur 14. Ingkang mboten nurunaken 5.

 

Punika pratelan asma sadaya.

 

1. BRM Suyut, seda timur.

 

2. BRA Timur, seda timur.

 

3. KBRAy Pangeran Adib Ario Mangkunegara IV

 

4. KPA Suryodiningrat.

 

5. BRAy Pangeran Ario Hadiwijoyo III.

 

6. BRM seda timur.

 

7. BRAj seda timur.

 

8. BRM Semeru, seda timur

 

9. KPA Suryomataram.

 

10. BTM Sumeh, seda timur

 

11. BRAy PA Gondowardoyo

 

12. BRAy PA Gondosuputro.

 

13. BRAj Minil, seda timur.

 

14. BRAj Setilah, seda timur.

 

15. B.RMA. Suryoputro.

 

16. BRMA Suryohudoyo.

 

17. BRMA Suryohudoro.

 

18. BRAy PA gondosewoyo.

 

19. BRAy Harjosebroto.

 

20. BRMA Suryodimurti.

 

21. BRAy PA Suryomijoyo III

 

22. BRAy P Darmokusumo, seda

 

23. BRMA Suryohasmoro.

 

24. BRMA Suryodiworo, seda.

 

Dari garis keturunan Mangkunegara III silsilah Ir. GKRAy. Hj. Setianingsih Moerwengdiyah SPd dapat disusun sebagai berikut:

 

Bersama Gusti Nurul di acara Syawalan HKMN Yogyakarta.

 

KRAy SM Anglingkusumo sebagai penasehat HKMN Yogyakarta

 

D. Sri Mangkunegara IV

 

Kemegahan Pura Mangkunegaran ditandai dengan kemakmuran yang berlimpah ruah.

 

Putradalem: BRAy PA Hadiwijoyo I ing Surakarta. Ramadalem putranipun RMTH Kusumodiningrat. Mantudalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun PB III. KPA Gusti IV punika wayahdalem K Gusti II, sarta Buyutdalem Hingkang Sinuhun PB III. Utawi buyutdalem KPH Hadiwijoyo Kartasura, seda ing Kali Abu. Naksederek kaliyan K Gusti III, sami saking Padmi mijil Sindurejan.

 

Asma timur RM Sudiro. Wiyosandalem: Malem Akat Legi jam 11 dalu. 1 Sapar Jimakir Windu Sancaya 1736. Wonten dalem Hadiwijayan. Supitdalem yuswa 13 warsa.

 

Yuswa 22 tahun dipun pikramakaken putrinipun KPA Suryomataram. Ing dinten Sabtu Paing 20 Rejeb Dal 1759. Asma RMA Gondokusumo. Nalika peputra satunggal nyarengi suruddalem KG II. Kagentosan wayah KGPAA Mangkunegara III.

 

RM Gondokusumo nate nindakaken padamelan Patih, ngrangkep Kapiten Ajudan. Salajengipun dados Mayor infantri Legiun. Hanyarengi putra angka 14 garwa seda sareng lan kang putra Kawisuda dados KPA Gondokusumo. Ing dinten Akat Pon 8 Rejeb Jimakir Windu Hadi 1778 Masei 17 Mei 1850.

 

Sasedanipun KG Mangkunegara III, KPA Gondokusumo hanggentosi keprabon. Asma KGPAA Prabu Prangwadono. Luit Kol. Nuju dinten Jumuah Wage 14 Jumadilakir Jimawal 1781 Masei 24 Maret 1853, yuswa 43 warsa. Nalika krama dhaup kaliyan putrinipun KG III ingkang pambajeng saking Padmi putri Suryomijayan nyarengin dinten Selasa Wage 15 Ruwah Jimawal Windu Kuntara 1781. Garwadalem yuswa 23 tahun.

 

Lajeng peputra lumintu ngantos 13. Katetepaken dados Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario Mangkunegara IV. Kol Comm Nuju dinten Rebo Kliwon 27 Sura Jimakir Windu Kuntara 1786. Kekancingan katitimangsa 16-8-1857. Yuswadalem sampun 48. Mundhut garwa pawingking putri tilaranipun KPA Nataningrat. Peputra kakung setunggal, asma KPA Nataningrat.

 

Suruddalem: Jumuah Paing 8 Sawal Jimakir Windu Hadi 1810 Masei 2-9-1881. Dumugi yuswa 72 warsa. Jumenengdalem 23 warsa. Sinengkalan: Muksa Nunggal Hesthining Janma. Layon kasarekaken Pasarean Girilayu. Putra-putri dalem wonten 32.

 

1. KPA Gondokusumo II gantos KPH Hadiwijoyo IV.

 

2. BRAy Tondhokusumo

 

3. BRM Sungkawa seda timur

 

4. BPA Gondosuputro

 

5. BPA Gondosewoyo.

 

6. BPA Gondowijoyo

 

7. BRAj Pareng, seda timur

 

8. BPA Gondosisworo

 

9. BRA Condronegoro Bupati Brebes

 

10. KPA Gondoatmojo Maj Caval

 

11. BRM Suroyo, seda timur

 

12. BRAj Sepinah, seda timur

 

13. BPH Gondosebroto, sedo

 

14. BRM Sutadi, seda timur

 

15. Putri seda sareng ingkang ibu.

 

16. BRAy Suryoputra.

 

17. BRAj Suryohudoyo

 

18. BRAy Harjosugondo garwa Bupati Banyuwangi

 

19. BPA Prabu Sudibyo, seda timur

 

20. BRM Sunita KGPAA Mangkunegara V.

 

21. Putra kakung mios seda

 

22. KPA Dayaningrat KGPAA MN VI.

 

23. Putra seda timur

 

24. KPH Handoyonoto

 

25. KPA nDoyokusumo

 

26. BRAy Prabuwijoyo, garwa putradalem Sampeyandalem Hingkang Sinuhun PB IX.

 

27. GKR Paku Buwana X, garwadalem Sampeyandalem Hingkang Minulya saha Wicaksana PB X.

 

28. Putra kakung mios seda

 

29. KPA Doyoseputra, lajeng seda

 

BACA JUGAPohon

30. BRAj Suprapti, seda timur.

 

31. KPA Doyokisworo.

 

32. KPA Nataningrat.

Para garwa tuwin ampildalem sadaya

1. Garwa RAy PA Gondokusumo.

2. Garwa KBRAy Adipati Arya Mangkunegara IV

3. Garwa pawingking RAy Nataningrum

4. Ampil MAj Wiknyodiwati

5. Ampil MAj Sutowati

6. Ampil MAj Banowati.

Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV lahir pada tanggal 1 Sapar tahun Jimakir 1738 Çaka atau 1811 Masehi. Nama kecilnya adalah Raden Mas Sudiro (Kamajaya, 1992: 2). Pada usia 10 tahun beliau dititipkan pada saudara sepupunya, KGPAA Mangkunegara III. Raden Mas Sudira diberi nama baru yaitu RMA Gandakusuma.

Karya tulis KGPAA Mangkunegara IV menurut Kamajaya (1992) di antaranya:

Serat Wedhatama, Sendhon Langen Swara, Babad Wanagiri, Babad Giripura, Babad Tegalganda, Babad Tasikmadu, Babad Ngalamat, Babad Serenan, Werdining Bangsal Tosan, Bendungan Tambak Agung, Bendungan Tirtaswara, Srika-ton Tawangmangu, Nyanjata Sangsam, Wanagiri Prangwadanan, Werdining Pandel Mangkunegaran, Pasanggrahan Langenharja.

Piwulang Warayagnya, Piwulang Wirawiyata, Piwulang Sriyatna, Piwulang Nayakawara, Piwulang Paliatma, Piwulang Salokatama, Piwulang Darmawasita, Piwulang Salokantara, Serat Tripama, Serat Yogatama, Serat Paraminta, Serat Paliwara, Serat Pariwara, Rerepen Manuhara, Pralambang Rara Kenya, Pralambang Kenya Cendhala, Jaka Lala, Prayangkara, Prayasmara, Rerepen.

Reriptan lain Dhalang, Namining Ringgit Semarang, Sendhon Langen Swara, Sekar Ageng Citramengeng, Langen Gita, Sekar Ageng Kumudasmara, Gendhing Walagita, Sekar Ageng Pamularsih, Gendhing Rajaswala, Sekar Ageng Kusumastuti, Sita Mardawa, Sekar Ageng Mintajiwa, Gendhing Puspawarna, Sekar Tengahan Palungon, Gendhing Puspanjala, Sekar Tengahan Pranasmara, Gendhing Tarupala, Sekar Tengahan Pangajabsih, Gendhing Puspa Giwang, Kinanthi Sekar Gadhung, Gendhing Lebdasari, Sekar Sari Gadhing, dan Ladrang Manis Widara Kuning.

Mangkunegara IV menerangkan konsep ontologi, epistemologi, dan aksiologi yang berkaitan dengan ilmu pengetahuan sebagai berikut:

Ngelmu iku kalakone kanthi laku,

lekase lawan kas,

tegese kas nyantosani,

setya budya pangekese dur angkara.

Angkara gung neng angga anggung gumulung,

gegolonganira,

BACA JUGAMalu

triloka lekere kongsi,

yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun,

semune ngaksama,

sasamane bangsa sisip,

sarwa sareh saking mardi martatama.

Taman limut durgameng tyas kang weh limput,

kerem ing karamat,

karana karoban ing sih,

sihing sukma ngrebda sahardi gengira.

Yeku patut tinulad tulad tinurut,

sapituduhira,

aja kaya zaman mangkin,

keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna.

Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu,

yen kabul kabuka,

ing drajad kajating urip,

kaya kang wus winahya sekar srinata.

Basa ngelmu mupakate lan panemu,

pasahe lan tapa,

yen satriya tanah Jawi,

kuna kuna kang ginilut tripakara.

BACA JUGABabad Mataram

Lila lamun kelangan nora gegetun,

trima yen ketaman,

sakserik sameng dumadi,

tri legawa nalangsa srah ing Bathara.

(pupuh Pucung, pada 1-8)

Terjemahan:

Ilmu itu terwujud dengan laku,

dimulai dengan kemauan

kemauan membuat sentosa,

budi setia penghancur nafsu angkara.

Angkara besar di dalam diri selalu berkumpul

dengan kelompok nafsu,

menguasai tiga dunia,

bila dibiarkan berkembang menjadi bahaya.

Lain dengan yang gemar kepada rokhaniah,

nampak selalu mengampuni,

segala kesalahan,

bersikap sabar karena berbudi baik.

Dalam sepi hati jahat yang menguasai

tenggelam karena rahmat,

sebab dikuasai cinta kasih,

kasih suksma segunung besarnya.

Itulah yang pantas diikuti petunjuknya,

jangan seperti zaman sekarang,

banyak anak muda

mengagungkan rapal dan mantera.

Asal benar dalam meningkatkan pikiran,

bila terkabul terbukalah

dalam derajat keinginan hidup,

seperti diutarakan tembang sinom tadi.

Namanya ilmu cocoknya dengan pendapat,

berhasilnya dengan bertapa,

bagi satria Jawa,

dahulu yang menjadi pegangan tiga hal.

Rela apabila kehilangan tidak kecewa,

menerima bila mendapat cobaan

yang menyakitkan hati ikhlas, menyerahkan kepada Tuhan.

Laku dalam arti ini dilakukan pula pada waktu orang menginjak usia tua dalam menghadapi dan mencari sampurnaning pati.

Contoh yang digemari sekali oleh orang Jawa tentang laku ini adalah usaha dan perjalanan yang dilakukan Harya Bratasena yang dengan mempertaruhkan jiwa raganya dengan patuh menjalankan perintah gurunya Sang Hyang Drona untuk kemudian menemukan dirinya sendiri dalam Lakon Dewaruci.

Ngelmu dan laku merupakan sesuatu rangkaian yang mutlak dan hal ini dinyatakan di dalam bait yang terkenal di dalam bentuk tembang Pucung, termuat dalam Serat Wedhatama (Moertono, 1984: 162).

KGPAA Mangkunegara IV wafat dalam usia 72 tahun, tepatnya tahun 1810 Jawa atau 1880 Masehi, dengan meninggakan 11 putra-putri (Kamajaya, 1992: 8).

Karya-karya Mangkunegara IV hingga sekarang masih menyebar dan berakar kuat di lingkungan kebudayaan Jawa. Sastra mistik yang terkenal di lingkungan budaya Jawa adalah Serat Wedhatama karya Mangkunegara IV. Dari garis keturunan Mangkunegara III silsilah Ir. GKRAy. Hj. Setianingsih Moerwengdiyah SPd dapat disusun sebagai berikut:

Oleh karena eyang kakung dari trah Mangkunegara II sedang eyang putri dari Mangkunegara III & Mangkunegara IV maka dalam Paguyuban Suryo Sumirat: a) Turut perwakilan Mangkunegara II (Wien, Kun Sugianto, Jl. Bondowoso 10). b) Turut perwakilan Mangkunegara III (Pak Aryo Darmoko, Jl. Bondowoso 3 – 4). Budhe Is canggah Mangkunegara II dari eyang kakung, buyut Mangkunegara III dan IV dari eyang putri (Rumah eyang Kol. Gondoseputro di Wetan Puro Mangkunegaran).

E. Paugeran Pura Mangkunegaran.

Uruting Papangkatan tuwin sesebutanipun putra santana darah Mangkunegaran. Urutaning papangkatan dan sesebutane putra dalem Kanjeng Gusti, iku katamtokake kaya kang kapratelakake kaya ing ngisor iki:

1. Kang saka garwa padmi

a. kang lanang yen durung diwasa kaparingan sesebutan Gusti Raden Mas, yen wis diwasa Kanjeng Pangeran Arya.

b. Kang wadon, yen durung krama kaparingan sesebut-an Gusti Raden Ajeng, yen wis krama Gusti Raden Ayu.

2. Kang saka ampeyan:

a. Kang lanang yen durung diwasa kaparingan sesebut-an Bandara Raden Mas, yen wis diwasa Kanjeng Raden Mas Arya.

b. Kang wadon, yen durung krama kaparingan sesebut-an Bandara Raden Ajeng, yen wis krama Bandara Raden Ayu.

3. Santana Dalem Wayah, Buyut lan Canggah kang saka garwa padmi utawa ampeyan, kalayan ora mawa mbedakake saka pancer lanang utawa saka pancer wadon, iku sesebutane padha bae yaiku:

a. kang lanang: Raden Mas

b. kang wadon: Raden Ajeng, yen wis laki Raden Ayu

4. Anake santana dalem canggah run-tumurun:

a. kang saka pancer lanang nganti sabanjure

b. kang saka pancer wadon mung diwatesi nganti turun 6 (udeg-udeg) bae, iku padha kawenangake nganggo sesebutan utwa kaparengake sinebut Raden (kang wadon: Raden Rara, yen wis omah-omah: Raden Nganten).

5. Santana dalem lan anak turune santana dalem, manawa kagawa saka anggone lumaku gawe ana ing praja Mangkunegaran, oleh pangkating Kapriyayen Rangga tumeka Tumenggung (Rangga, Demang, Ngabehi, Tumenggung), utawa Luitenant tumekane Luitenant kolonel (Panji), iku apa sesebutane pangkating kapriyayen mau kaparengake dirangkep karo apa sesebutane santana dalem utawa anak-turune mau.

Werdining Sesebutan Sawatawis

Susuhunan : saking suhun = pundi, Anuhun = mumundi. Susuhunan = pepundhen

Sultan : saking tembung Arab Soltan

Panembahan : saking sembah = ngabekti

Pangeran : saking angher = ngentosi. Pangeran = tiyang ingkang dipun entosi.

Ratu : saking Tu = tuan, mawi ater-ater: ra. Ratu = raja utawi prameswari

Mas : bangsaning pelikan ingkang sae. Utawi saking mahatmasa = mahasa = ageng.

Adipati : adi = langkung, sing punjul dhewe. Pati = sing kuwasa utawa ratu.

Tumenggung : saking: ratu sarta manggung. Tumenggung = lestari

Arya : namaning bangsa luhur ing Hindustan. Teges-ipun dados tiyang ingkang dipun luhuraken.

Panji : tiyang ingkang linangkung utawi bandera

Ngabehi : saking tembung: kabeh. Ngabehi = dados ingkang nguwaosi sadaya.

Rangga : saking: wirangga = pengageng

Gusti : krama inggilipun bandara = ingkang kuwaos

Kanjeng : saking: jeng = suku. Kanjeng = suku panjenengan

Kyai : limrahipun dados sesebutanipun guru ngaji utwi guru ahli kebatosan.

Tuwan : saking: tuwa = sepuh. Tuwan = dados ingkang nyepuhi utawi nguwaosi.

Bagus : sesebutanipun tiyang jaler

Tubagus : saking: ratu kaliyan bagus. Tubagus = raja ingkang sae rupinipun.

Enthol : mligi kangge sesebutanipun tedhak turunipun Ki Joh, inggih punika sakabatipun Maulana Hasanudin (Sultan ing Banten).

Tunggulipun ingkang ingkang dados sakabat inggih punika Ki Jong. Nanging turunipun Ki Joh sami ngangge sese-butan Mas. Miturut pernah titel Mas langkung inggil tinimbang Enthol, jalaran Ki Joh wau langkung sepuh tinimbang Ki Jong.

Sareng wayahipun Raden Gugur Paganjur ingkang nama Raden Ajeng Mahol nyakabat dhateng Maulana Hasanudin tumut ngradinaken agami Islam wonten ing tlatah Banten sisih kidul, tuwin katrimah anggenipun nyambutdamel, lajeng dipun paringi ganjaran dening sultan Banten, inggih punika turun maturun kenging ngangge sesebutan Enthol.

Kanduruhan : sesebutan punika ngemungaken ganjaran saking agenging lelabetan tuwin setyaning ngawula.

Rangga : saking Warangga = pengageng. Punika inggih sesebutan ganjaran saking pamarentah kados dene kanduruhan kasebut ing ngajeng.

Tegesipun Satriya. Sinten ingkang ngangge sesebutan Pangeran, Arya, Raden Mas utawi Raden, punika dipun wastani Satriya. Tegesipun satriya, rembesing madu, trahing andana warih, tedhaking ngatapa, giri saptarengga, sang bagawan Abi-yasa, inggih Kresna Dipayana.

Tembung satriya saking tembung sad = 6, tri = 3, gunggungipun dadis 6 + 3 = 9. Satriya makaten watakipun kedah ngagem 9 prakawis, dene manawi boten saged netepi nama dede satriya.

1. Kedah sumerep dhateng sastra. Tegesipun manawi ngandika (wicara) mboten gonyak-ganyuk angling-semi.

2. Kados wanodya. Tegesipun luwes, manis angresep-aken.

3. Sumerep tangguhing curiga. Tegesipun sujana, landhep ing panggrahita (penggalih).

4. Ingkang wignyen turanggi. Tegesipun saged ngetrapaken damel.

5. Sumerep dhateng gendhing. Tegesipun laras sapari-polahipun.

6. Sat. tegesipun sar sabarang damel.

7. Sapta. Tegesipun njlimet panggalihipun.

8. Asta. Tegesipun memet penggalihipun.

9. Nawa. Tegesipun nyamut-nyamut kaping 9. Sampun mangertos dhateng nukat gaib, witing wonten wus waskita, witing boten wus udani.

Salasilah KGPAA Mangkunegara I sesuai dengan tata urutan tradisi.

Turun I Putra : Kanjeng Pangeran Arya

Turun II Wayah : Raden Ayu ……………….

Turun III Buyut : Raden Mas ……………….

Turun IV Canggah : Raden Mas Ngabehi …..

Turun V Wareng : Raden Ngabehi ………….

Turun VI Udeg-udeg : Raden Rangga …………..

Turun VII Gatung siwur : Raden ………………………

Turun VIII Gropak senthe : ……………………………………

Turun IX Debog bosok :

Turun X Galih asem.

Merunut sejarah leluhur memang perlu. Supaya tidak kepaten obor. Ngungak jaman kang wus kawuri.

 

Pangeran Sambernyawa punya wejangan Tri darma.

Rumangsa melu handarbeni,

Rumangsa wajib hangrungkebi,

Mulat sarira hangrasa wani.

Segenap trah Mangkunegaran hendaknya menghayati ajaran luhur. Ajaran ini diterapkan oleh Presiden Soeharto selama memimpin Indonesia tahun 1967 – 1998. Jaman Orde Baru Indonesia mengalami masa murah sandang pangan papan.

(LM-01)

Ditulis oleh Liputan68

Jurnalis dan penulis berita di Liputan68.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Home Trending

Kategori Berita

Pencarian